WIRIDZ MAKLUMAT DJATI. Bagian.1
WEJANGAN WIRIDZ MAKHLUMAT DJATI. Bagian. 1
WEDARAN ILMU KEBATINAN TAREKOT TASAWUF DAN MA’RIFAT YANG
PERNAH DI PELAJARI OLEH KI DJAKA TOLOS.
WIRID MAKLUMAT JATI :
Oleh: Wong Edan Bagu.
(PRTP)
Jakarta tgl 09-09-2009
Mengku wolung wiwiridhan – yaiku kasebut =
……….Wirayat – jati
……………………Laksita – jati
………………………………Panunggal – jati
………………………………………………Karana – jati
………………………………………………………….Purba – jati
…………………………………………………Saloka – jati
……………………………………….Sasmita – jati
……………………………..Wasana – jati
WIRID MAKLUMAT JATI :
Manggih wedharing ilmu kabatosan {kebatinan} sejati
UILAHENG HONGMANGARCARA, MATAYA, AWIGNA MASTUNA MASIDHEM,
UPAH MAYANA SIWAHA
Suraosipun : dhuh hem adhuh, kawula nembah ing suksma,
dununging panembah, sageda tinarimah lan angsal ganjaran saking kamirahanipun
sanghyang guru, ingkang mengku sakliring papadhang.
I. WIRAYAT- JATI
Anenggih punika pituduh ingkang sanyata,anggelaraken
dunung lan pangkating kawruh kasampurnan, wiwinih saking pamejangipun para
wicaksana ing Nungsa Jawi, karsa ambuka pitedah kasajatining kawruh
kasampurnan, tutuladhan saking kitab taswuf. Panggelaring wejangan wau thukul
saking kaweningan raosing panggalih, inggih cipta sasmitaning pangeran, rinilan
ambuka wedharing pangandikaning Pangeran dhateng Nabi Musa Kalamola, ingkang
saraosipun mekaten
: ING SABENER-BENERE MANUNGSA IKU KANYATAHANING PANGERAN,
LAN PANGERAN IKU MUNG SAWIJI.
Pangandikaning Pangeran ingkang mekaten wau, imggih
punika ingkang kawedharaken dados witing kawruh kasampurnan, ingkang lajeng
kawedharaken deninng para gurunadi dhateng para ingkang sami katarimah puruitanipun.
Dene wonten kawruh wau, lajeng kadhapuk 8 papangkatan sarta pamejangipun sarana
kawisikaken ing taliwang kiwa. Mangertosipun : asung pepenget bilih wedharing
kawruh kasampurnan, punika boten kenging kawejangaken dhateng sok tiyanga, dene
kengingipun kawejangaken, namung dhateng tiyang ingkang sampun pinaringan
Ilhamipun Pangeran. Tegesipun tiyang ingkang sampung tinarbuka papadhanging
budi pangangen-angenipun (ciptanipun)
Awit saking punika, pramila ingkang sami kasdu maos serat
punika ayuginipun sinembuka nunuwun ing Pangeran. Murih tinambuka ciptaning
saged anempeni saha angcupi suraosing wejangan punika, awit suraosing pancen
kepera nyata yen saklangkung gawat. Mila kasembadanipun saged angecupi punapa
suraosing wejangan punika, inggih muhung dumunung ing ndalem raosing cipta kemawon. Mila inggih
mboten kenging kangge wiraosan kaliha tiyang ingkang dereng nunggil raos,
inggih ingkang dereng kepareng angsal Ilhaming Pangeran. Hewa dene sanadyana
kangge wiraosing kaliyan ingknag sampun nunggil raos, wedaling pangandika ugi
mawia dudugi lan pramayogi, mangertosipun kedah angen mangsa lan empan papan
saha sinamun ing lulungidaning basa.
Menggah wonten wejangan 8 pangkat wau,
1. Wewejangan
ingkang rumiyin, dipun wastani : pitedahan wahananing Pangeran, sasadan
pangandikanipun pangeran dhateng Nabi Muhammad s.a.w. makaten pangandikanipun:
sejatine ora ana apa-apa, awit duk maksih awang-uwung durung ana sawiji-wiji,
kang ana dhihin iku ingsun, ora ana Pangeran anging ingsun sajatine kang urip luwih
suci, anartani warna aran lan pakartiningsun (dat, sipat, afngal).
Menggah dunungipun mekaten : kang binasakake pangandika
ora ana Pangeran anging ingsun, sejatine urip kang luwih suci, sajatosipun
inggih gesang kita punika rinasuk dening Pangeran kita, menggahing warna nama
lan pakarti kita, punika sadaya saking purbawisesaning pangeran kita, inggih
kang sinuksma, tetep tinetepan, inggih kang misesa, inggih wang’ (daean inggih
kang manuksma, inggih kang sinuksma, tetep tinetepan, inggih kang misesa, inggih
kang kawisesa, umpami surya lan sunaripun, maben lan manisipun, sayekti boten
saged den pisaha)
2. Wewejangan
ingkang kaping kalih, dipun wastani : Pambuka kahananing Pangeran, pamejangipun
amarahaken papangkatan adeging gesang kita ing dalem 7 kahanan, sasadan
pangandikanipun pangeran dhateng Nabi Muhammad s.a.w. makaten pangandikanipun :
satuhune ingsun Pangeran sajati, lan kawasa anitahaken sawiji-wiji, dadi padha
sanalika saka kersa lan pepesteningsun, ing kono kanyatahane gumelaring karsa lan
pakertiningsun, kang dadi pratandha.
Kang dhihin, ingsun gumana ing dalem alam awang- uwung
kang tanpa wiwitan tanpa wekasa, iya iku alam ingsun kang maksih piningit.
Kapindho, ingsun anganakake cahya minangka
panuksmaningsun dumunung ana ing alam pasenedhaningsun
Kaping telu, ingsun anganakake wawayangan, miinangka
panuksma lan dadi rahsaningsun, dumunung ana ing alam pambabaring wiji.
Kaping pat, ingsun anganakake suksma, minangka dadhi
pratanda kauripaningsun, dumunung ana ing alaming getih.
Kaping lima, ingsun anganakaken angen- angen kang uga
dadi warnaningsun, ana ing dalem alam kang lagi kena kaupamakake bae.
Kaping enem, ingsun angaakake budi, kang minangkan
kanyatahan pencaring angen-angen kang dumunung ana ing dalem alaming badan
alus.
Kaping pitu, ingsun anggelar warana kang minangka
kakandhangan sakabehing paserenaningsun. Kasebut nem prakara ing duwur mau
tumitah ana ing dunya iya iku sajatining manungsa.
Kacarios wontening warana wau, kadadosaken saking
pakartining pramana, warni sosotya kang darbe sorot mancawarni. Ing nalikanipun
mosik lajeng ngawontenaken warna tigang perangan, ing satunggal-tunggaling
perangan sami angawontenaken warni nigang perangan malih kadosta.
a. Huruh,
ngawontenaken : 1. kulit, daging sapanunggalipun 2. Manik, manah, jantung,
sapanunggalipun. 3. Herah, mani, sungsum, sapanunggalipun.
b. Kukus,
ngawonyenaken : 1. napas lan kaketeg. 2. pancadriya. 3. napsu.
c. Toya,
ngawontenaken : 1. suksma, utawi nyawa. 2. rahsa utawi cipta. 3. Cahya
Sadaya wau inggih punika ingkang sami dados warnaning
Pangeran dumunung ing badan kita pribadi, sampun uwas sumelang ingpanggalih.
Sebab kw\awontenanipun ingkang gumelar ing jagad ageng lan jagad alit, punika
sampun kawengku wonten salebeting warana, kaprabawan dening purbawisesaning
Pangeran kita.
3. Wewejangan
ingkang kaping tiga, dipun wastani gegelara kahananing Pangeran. Pamejangipun
ambabaraken ingkang dados kanyatahan lan karsaning Pangeran, nalika
anggelaraken kahanan miwah panguasanipun, inggih punika ingkang anedhahaken
waktu badhe dhatengipun pejah, kang ugi sasadan pangandikannipun pangeran
dhateng Nabi Muhammad s.a.w
Mekaten pangandikanipun : sejatine manungsa iku
rahsaningsun, lan ingsun iku rahsaning manungsa, karana ingsun anitahaken wiji
kang cacamboran dadi saka karsa lan panguwasaningsun, iya iku sasamaning geni
bumi, angin lan banyu, ingsun anjingi limang prakara. Yaiku : cahya, cipta,
sukma (nyawa). Angen-angen lan budi iku kang minangka embanan panuksmaningsun,
sumrambah ana ing dalem badaning manungsa.
Wejangan ing nginggil punika chunduk kaliyan
pangandikanipun para wicaksana ing Atasangin. Makaten : rupa sajati punika asal
saking sajatining rupa, sajatining rupa punika inggih warnaning Pangeran kang
sajati, kababar wonten rupa kita sejati, inggih punika tuladha surating
Pangeran. Utawi sajatining Pangeran punika dados tiladhaning nyawa utawi sukma
sajati, nyawa sajati dados tuladhaning warna sajati, warna sajati punika dados
tuladhaning rupa kita sajati, sampun uwas sumelang malih, sabab kahananing
manungsa punika tuturutan wahananing Pangeran, katandha saking prabawaning
cahya kang anglimputi ing warna kita pribadi.
Amung dumugi samanten kemawon tetapalupining pralambang,
menggah sumelehing panggalih kasumanggakaken, angger katuwuhan budi wicaksana,
sayekti saged anempeni suraosipu sadaya wajangan punika wau.
4. Wejangan
ingkang kaping sakawan dipun wastani : Kayektening Pangeran, inggih punika
katedhahan tataning karaton. Duktinata wonten ing uteking manungsa. Sajatosipun
inggih namung kangge pitedahan kayektening wujud satunggal-satunggal,
anadhahaken kadadosan karso, ingkang boten ewah gingsir ing kahananipun.
Wejangan wau inggih anggelaraken bab sampurnaning manungsa, kang ugi sasadan
pangandikanipun Pangeran dgaten Nabi Muhammad s.a.w. makaten pngandikanipun :
Sajatine ingsun anata palenggahan , dumunung ana ing enggon parameanningsun,
jumeneng ana ing sirahing manungsa, kang ana sajroning sirah iku utek, kang
gagandengan ana ing antarane utek iku manik, yaiku telenging netra, aran
pranama. Sajroning manik iku budi, sajroning budi iku napsu, kang uga ingaran
angen-angen. Sajroning napsu iku suksma, kang uga ingaran nyawa, roh utawa
getih. Sajroning suksma iku rahsa, kamg uga ingaran cipta, sajroning rahsa iku
ingsun, ora ana Pangeran anging ingsun, sajatining, urip kang angliputi
sagunging kahanan. Menggah dunungipun makaten :
a. sirah,
sajatining enggen parameyan
b. Utek,
kandanging cahya, pambukaning netya.
c. Manik,
sajatining pramana, pambukaning paningal
d. Budi,
sajatining manah, pambukaning pamicara.
e. Napsu,
sajatining angen- angen, pambukaning swara.
f. Suksma,
sajatining nyawa, pambukaning swarga.
g. Rahsa,
sajatining gesang, pambukaning pangraos.
Peperangan ing nginggil punika, sajatinipun boten sanes
witing pangawasa wau, inggih saking purbawisesaning pangeran kita.
5. Wejangan
ingkang kaping gangsal, dipun wastani : kanyatahan wahananing pangeran, inggih
punika ambuka panataning palenggahan, duk jumeneng wonten salabeting jantunging
manungsa, punika sajatosipun inggih namung minangka pitedahan kayektening
kahanan satunggal-satunggal, nandhakaken kadadosaning karsa engkang langgeng
mboten mawi ewah gingsir saking kahanan jati. Makaten ugi ngemot cariyos bab
kasampurnaning manungsa, sasadan pangandikaning pangeran dhateng Nabi Muhammad
saw mekaten pangandikanipun : sejatine ingsun ananta palenggahan ana sajroning
jantunging manungsa, iya iku enggon laranganingsun jumeneng ana dhadhaning
manungsa, kang ana ing sajroning dhadha iku ati, kang gegandengan ana
saantaraning ati iku jantung, sajroning jantung iku budi, sajroning budi iku
jinem, tegese angen-angen, sajroning jinem iku duksma, sajroning suksma iku
rahsa, sajroning rahsa iku ingsun. Ora ana pengeran anging ingsun, sajatining
urip kang anglimputi sanguning kahaman, menggah dunugipun mekaten :
a. Dhadha,
tegesipun griya kang ka’awisan
b. Ati,
tegesipun pacadriya, inggih napsu, wahyaning napas
c. Jantung,
tegesipun ganggal inggih birahi, wahyaning keteteng
d. Budi,
tegesipun kawaspadan, inggih karsa, wahyaning pamicara
e. Jinem,
tegesipun panggraita, inggih swara, wahyaning pamiarsa
f. Suksma,
tegesipun erah, inggih cipta, wahyaning pangganda
g. Rahsa,
tegesipun urip, inggih kang kawasa, wahyaning pangraos.
Perangan ing nginggil punika, inggih sami kemawon
maksudipun kaliyan perangan ing wewejangan ingkang kaping sekawan.
6. Wejangan
ingkang kaping enem, dipun wastani : kayekten kahananing pangeran, inggih
punika pembuka tataning pelenggahan duk tinata wonten kontholing manungsa,
inggih saking karsaning pangeran engkang amesti, punika sajatosipun inggih
amung minangka pitedahan kayektening kahanan satunggal-satunggal, nandhakaken
kada dosaning karsa ingkang boten mawi ewah gingsir ing kahanan jati. Makaten
ugi ngemot carios bab kasampurnaning manungsa ingkang ugi sasadan
pangandikanipun : sajatine ingsun anata palenggahan ana sajroning kontholing
manungsa , iku omah danunging pasucianingsun, kang ana sajroning kongtol iku
pringsilan, kang anglimputi ana sa’antaraning pringsilan iku mani, sasarining
mani iku madi, sasarining madi iku wadi, sasarining wadi iku manikem, sajroning
manikem iku rahsa, sajroning rahsa iku ingsun.
Ora ana pangeran anging ingsun, sajatining urip kang
anglimputi sakliring tumitah, jumeneng dadi wiji kang piningit, tumurun
mahanani sosotya kang ndingin kahanan kabeh, maksih dumunung ana alaming wiji,
laju manggon ana ing alam pambabaring wiji, laju temurun ana ing alaming
suksma, iya iku getih, laju tumurun ana ing alam kang durung kahana, iya iku
alam kang ingaran upama laju temurun marang alam dunya, iya iku alaming
manungsa urip, lan iya iku sajatining warnaningsun. Menggah dunungipun mekaten
:
a. Konthol, sinebut griya kang sinucekaken
b. Pringsilan, nyataning birahi, bubuka semseming manah
c. Mani, nyataning hawa, bubuka semseming pandulu
d. Madi, nyataning karsa, bubuka semseming pamireng
e. Manikem, nyataning pangraos, bubuka semseming pangambu
f. Rahsa, nyataning pangawasa, bubuka sengseming salulut
Penggenahipun malih :
a. Mani =
pejuh, ingkang kados toya, warnanipun surat biru
b. Madi,
sarining mani, warninipun surat dhadhu
c. Wadi,
sarining wadi, warninipun surat jene
d. Manikem,
sarining wadi, warninipun pethak maya-maya kadi retna
e. Wiji kang
piningit, inggih punika rahsa sajati
f. Sosotya
ing dhihin, inggih manik embaning rahsa sajati, ing ngriku wontening
papangkatan pambabring wiji, dumunung pitung kahanan inggih punika nalika kita
taksih dumunung wonten wonten guwargabaning rena (biyung) inggih punika :
1) Duk kendel
1 wulan, kita dumunung alaming wiji
2) Duk kendel
2 wulan, kita dumunung wonten pasenedhaning wiji
3) Duk kendel
3 wulan, kita dumunung wonten pambabaring wiji
4) Duk kendel
4 wulan, kita dumunung wonten alaming rah
5) Duk kendel
5 wulan, kita dumunung wonten alaming upama
6) Duk kendel
6 wulan, kita dumunung wonten alaming badan
7) Duk kendel
7, 8, 9 wulan, kita dumunung wonten alaming manungsa.
Ing ngiku kita tetep jumeneng kasampurnaning manungsa
(insankamil), sampun darbe pekerti kita badhe lahir saking guwargabaning ibu,
tumitah wonten ing donya.
Dene wejangan punika manawi tumanduk dhateng tiyang
estri, wenang kesantunan pamangsitipun makaten : ingsun anata palenggahan
jumeneng ana bagane Siti Kawa, kang ana sajroning baga iku purana, kang ana
antaraning purana iku reta, sajroning reta iku madi, sajroning madi iku wadi,
sajroning wadi iku manikem, sajroning manikem iku rahsa, sajroning rahsa iku
ingsun lan salajengipun kados wejangan tumrap ing priya kasebut ing nginggil.
7. Wewejangan
ingkang kaping pitu, dipun wastani : panetepan santosaning pangandel, bubuka
saking kawruh kang winastan sahadat, awit dene pamejangipun amangsit ingkang
dados pikekah pangandel kita, anggening angestokaken dhateng kayektening gesang
kita pribadi manawi sampun tetep rinasuk dening pangeran kita, kados kasebut,
kitab mahdus.
Menggah lampahing pejah ingkang sampun kinarwuhan,
anyariosaken sajatining pangidep, ingkang terus dumugi kencenging pangesti,
pipiridan saking cipta sasmitaning Nabi Muhammad saw ingkang kawasitaken
dhateng Bangedha Ngali, makaten : ingsun aneksani, satuhune ora ana. Pangeran
anging ingsun, lan anekseni satuhune ora ana. Pangeran anging ingsun, lan
anekseni satuhune Mohammad iku utusaningsun. Dene dunungipun mekaten : ingkang
dipun wastani pangeran, punika inggih jumeneng gesang kita pribadi, sebab
sajatosipun, sakathating pasebutan punika boten wonten, mila binasakaken boten
wonten panderan, punika tetepipun inggih amung gesang kita pribadi, ingkang
sinebut inggih ingkang anebut, lahiring pangeran wonten ing manungsa lan
bathining manungsa wonten pangeran. Dene ingkang dipun wastani mohammad, punika
cahya kita pribadi, mila kaaken utusan, margi cahya kita punika dados
panengeraning pangeran. Lenggahipun mekaten : sayrkti temen kabeh tumengka
marang sira utusaning pangeran metu saka ing awak ira, mungguh utusan iku
nyambadani barang saciptanira, yen angandel sayekti antuk sih pangapuraning
pangeran.
Menawi sampun saged anampeni pitedahan ingkang makaten
punika dipun awas ing panggalih, inggih gesang kita pribadi punika jumenenging
nugraha lan kanugrahan. Nugraha punika gusti, kanugrahan punika kawula, tunggil
tanpa wangenan wonten ing badan kita pribadi, sampun uwas sumelang malih.
Wejangan wau menawi kawiridaken hdateng tiyang estri,
kawewahan mekaten : ingsun anekseni satuhune ora ana. Pangeran anging ingsun,
lan anekseni Mohammad iku utusaningsun, lan fatimah iku umatingsun.
8. wewejangan
ingkang kaping wolu, dipun wastani : paseksen awit pamejangipun kinen
aneksakaken dhateng sanak kita, inggih punika sagunging dumadi ingkang gumelar
wonten ing donya kadosta : bumi, langit, surya, wulan, lintang, latu, angin,
toya lan sapanunggalipun, samiya aneksana yen kita samangke sampun angakeni
jumeneng pangeran, dados warganing pangeran ingkang sajati.
9. wawarah
punika mendhet saking suraosipun kitab mahdhus, ingkang anggelaraken bab
jamaning pejah, bab punika inggih nunggil kemawon kaliyan ingkang kasebut ing
wewejangan ingkang kaping pitu, sami wirid saking cipta-sasmitaning Nabi
muhammad saw, ingkang kawedharaken dhateng Bagendha ngali makaten :
ingsun aneksani ing urip ingsun dhewe, satuhune ora ana
pangeran anging ingsun, lan ingsun aneksani Mohammad iku utusaningsun lan sajatine
kang aran Allah iku badaningsun, rasul iku rahsaningsun Mohammad iku
cahyaningsun, iya ingsun kang urip ora kena pati, kang eling ora kena lali,
langgeng ora owah gingsir ing kahanan jati, iya ingsun kang waskita ora
kasamaran ing sawiji-wiji, tetep ingsun kang murba-masesa, kang luwih
wicaksana, byar sampurna padhang trawangan, ora karasa apa-apa, ora katon
apa-apa, amung ingsun kang mengku alam kabeh, kalawan purbawisesa
pepesteningsun.
Menggah dunungipun mekaten :
Kasbut ing dalem dikir : lailah haillallah mukhammadu
rasulullah, tegesipun : boten wonten pangeran, anging Allah, Muhammad punika
utusaning Allah. Ananging sajatosipun ingkang dipun wastani Allah, punika
pakartining rasul, rasul punika inggih Muhammad lan Muhammad punika sajatosing
cahya kita, sajatos gesang punika inggih gesanging pangeran kayekten kasebut
pitedahing qur’an, manawi pangeran punika kuwasa mijilaken gesang saking pejah,
wilijing pejah ing wekasan boten kenging pejah. Tetep gesang ing dunya, tuwin
ing delahan, boten kesupen ing gesang kita, boten ewah gingsir kahanan jati.
Dados pepunthoning pangidep ingkang bonthos dhateng pelenging pangesti,
sampuraning gesang kita punika boten karaos punapa-punapa sampun uwas sumeleng
malih.
2. LAKSITA – JATI
Amratelakaken lampah pangluluhaning raga supados yen kita
pejah badan kita wadhag saged nunggil kaliyan badan kita ingkang alus, kasebut
badan rohani utawi badan suksma.
Menggah janjinipun, badan wadhag lan alus punika boten
kenging pisah, sangkan paranipun anunggil kahanan jati, upami satu munggeng
rimbagan. Ananging wawangsulan, ing tembe badan wadhag punika luluh sampurna
wonten salebeting badan alus, kalimputan dening kayu dhahim, tegesipun : badan
wadhag dumunung selebeting badan alus. Kala badan wadhag taksih dados embananing
badan alus, pramblangipun : curiga manjing warangka tegesipun : badan alus
taksih dumunung wonten salebeting badan wadhag. Mila lajeng wonten
adhah-adhahing babasan makaten.
Jasad embaning budi, budi embaning napsu, napsu embaning
karsa, karsa embaning suksma, suksma embaning rahsa, rahsa embaning cipta,
cipta embaning kawasa, kawasa embaning wisesa.
Wondene pangluluhaning badan, badan wadhag wau,
kalampahana budi : rila, legawa, trima, temen, bener, susila lan utami.
Punapadhene tansah anyipta ajal antukna makaten : jagad bumi malam kabeh
sumusupa marang badan, badan sumusupa marang budi, budi sumusupa marang napsu,
napsu sumusupa marang nyawa, nyawa sumusupa marang rahsa, rahsa sumusupa marang
cahya, cahya sumusupa marang atma, atma sumusupa marang ingsun, ingsun jumeneng
pribadi.
Kajawi punika ugi kedah nyegah 7 perkawis, kadosta :
1. sampun
carobo, nanging kedah taberi susuci
2. sampun
anguja dhahar, nanging dhahara yen sampun luwe.
3. sampun
angembong unjukan nanging ngunjukna menawi sampun ngelak
4. sampun
karem nendra nanging tilema menawi sampun arip
5. sampun
receh ing wicara nanging nendika’a janji angen wahyaning mangsakala
6. sampun
angujo karesmen nanging sanggama’a menawi sampun kangen sanget
7. sampun
tansah ambibingah penggalih sanadjan kasukan inggih angger boten tilar ing dugi
prayogi, muhung angladosi angarah sukapirenaning para mitra
Makaten ugi ing ngagesang sampun ngantos kasandangan
pangrencana 8 prekawis
angumbar nafsuhawa
anguja suka-suka
dora paracidro tindak panganiaya
ulah resah
lampah nistha
tingkah deksura
kesed sungkanan sabarang karya
lumuh nastapa pujabrata
Inggih punika bekaning ngagesang ingkang mumurung lampah
jalaraning kandeg boten saged dumugi saesthining panedya sebab bebasanipun
mekaten
nistapapa tiyang nista manggih papa
dhustalara tiyang dhusta manggih pisakit
dorasangsara, tiyang dora manggih sangsara
niayapati, tiyang niaya manggih papati
mila mekaten margi kalakuaning ngagesang puniko kados
kumandhang upamanipun, punapa padhamel ingkang katandhukaken ing liyan sayekti
badhe tumempuh dhateng badanipun piyambak.
Sayoginipun tiyang gesang kedah anglampahana tapa brata
kados ing ngandhap puniko
tapaning badan, kedah anoraga lan taberi ulah pandamel
sae
tapaning manah, narimo lan sepen pangangsa- angsa gunging
pakarti druhaka
tapaning napsu, rila lan sabar ing coba bilai, sarta
ngapuntena kalepataning tiyang
tapaning suksma, temen lan boten dahwen panasten
tapaning rahsa, rereh sabarang karsa miwah agung ing
panalangsa
tapaning cahya, eneng ening tegesipun eneng santosaning
pangesti , ening pelenging paningal
tapaning gesang, awas sarta emut.
Kajawi puniko menggahing anggotya ugi sami darbe wewenang
piyambak-piyambak kadosta
1. tapaning
netra, cegah sare lan mengo dhateng kamilikan
2. tapaning
karna, cegah nepsuhawa lan lumuh miarsa ing paraben
3. tapaning
grana, cegah panguswa lan lumuh angisep-isep awoning liyan
4. tapaning
lesan, cegah dahar lan boten angraosi awoning liyan
5. tapaning purusa, cegah sahwat lan boten
resah ing sanggama tegesipun lampah bandrek
6. tapaning
asta, cegah colong celer calimut lan boten cengkiling
7. tapaning
suku, cegah lumampah padamel awon lan taberi ndalu kalayan samadi
utaminipun anglampahana saungeling babasan kados ing
ngandhap punika
Turua yen arep nepsu, nesua yen arep perang, perangan yen
arep mangan, mangana yen arep lumaku, lumakua yen arep turu.
Utawi. Ketimbang turu, becik tangi. Ketimbang tangi becik
melek, ketimbang melek becik lungguh, ketimbang lungguh becik ngadeg, ketimbang
ngadeg becik lumaku.
Wondene prayoginipun sadaya lampahpunika den saged
anyamun, sampun ngantos ungas lan kawistara sarta tansah prayitna ing
gesangipun sarana amatrapna mekaten
1. solahbawa
den angkah-angkah
2. wedaling
wicara den irih-irih
3. pasanging
ulat den amanis
inggih makaten punika sejatining tatkrami, dene
sampurnaning lampah wau empanipun animbanga ing empanpapan, patrapipun sampun
tilar ing dugiprayogi
tumandhukipun animbang watawis linaksanan kaliyan riringa
waspada wedaling mangsakala tepanging sambawa lan sambada inggih punika
pepetinganing lampah, sebab lestantuning
solah bawa sumingkir saking celaning sarira ateges pangleburan kuciwaning raga,
kadosta :
1. kusuting
busana, kalingan dening jatmika
2. kasloroning
ujar, kalingan manising wicara
3. kuciwaning
warna, kalingan dening mrakati
4. cacading
raga, kalingan dening netra sumeh
5. taliti
sudra, kalingan dening legawa wicaksana
Pramila den sami santosa ing pangesti, margi yen boten
sampurna tapabratanipun kasebut nginggil, saged dumawah ing jaman paniksaning
gesang ingkang dumunung 7 pangkat, dumawah kasandhang salah satunggal utawi
langkung inggih punika.
1. jamaning kemlaratan, witipun saking boros
2. jamaning
kawirangan, witipun lena tanpa prayitna
3. jamaning
kabodhohan, witipun kesed sungkanan
4. jamaning
angkara, witipun budhuk mumuk
5. jamaning
sangsara, witipun resahing lampah
6. jamaning
sasakit, witipun tuwuk nedha
7. jamaning
kabilaen, witipun remen amaeka
Menawi saged suminggah saking rencananing ngagesang 7
prakawis wau bokmenawa angsal marmane pangeran saged lumebet 7 pangkat saking
salah satunggal utawi langkung saking jamaning kamulyan inggih punika :
1. jamaniung
kabegjan, witipun nastiti teki-teki
2. jamaning
kabrajan, witipun budi welas
3. jamaning
kaluhuran, witipun taberi andhapasor
4. jamaning
kawicaksanan, witipun talaten bibinau
5. jamanaing
kasekten, witipun puruita lan tapabrata
6. jamanaing
karaharjan, witipun awas emut
7. jamaning
kayuswan, witipun sabar trima lila tapa
Aliya kasebut ing nginggil wau sayoginipun ngagesang
punikia angena ciptasasmita ingkang medal saking tutuwuhaning budi ingkang
paparengan kaliyan undhaking yuswa. Dhene tutuwuhaning budi atas ngagesang
saestu santun sumantun inggih punika
Tuwuhing kaengetan, tuwuhing pamarsudi, tuwuhing
sarenging sedya, tuwuhing pangatos-atos, tuwuhing bubudi, tuwuhing kasantosan,
tuwuhing rumaos, tuwuhing lereming panggalih, tuwuhing jatmika lan tuwuhing
beka pepeka.
Ananging ngagesang ingkang umuripun langkung saking 72
taun sareng ngenggeni bubuden kala lare alit malih
Murih sampun ngantos kalampahan makaten, boten sanes mung
kedah nyegah saliring nepsuhawa sarta marsudi sampurnaning ilmu. Wonten wewarah
semu pangerang-erang kasebut ing kitab Manganiharki mekaten :
Ageng-agenge dosa tiyang punika ulah elmu makrifat ingkang
magel, awit saking dereng kabuka ing pambudi dados boten sumerep ing
suraosipun.
Dhene ingkang sampun padhang, kuwasa anampeni suraosipun
ilmu sadaya temtu manggih kamulyaning sangkan paran. Ksaebut ing kadis
salebeting kitab insan kamil mekaten
Sinten ingkang sumerep ing pangeranipun saestu inggih
sumerep ing badanipun. Sinten ingkang sumerep ing badanipun saestu inggih
sumerep ing Pangeranipun.
Tegesipun ingkang sumerep dhateng pangeranipun puniko
inggih ingkang sampun sumerep ing suraosipun ilmu makripat sadaya
Tegesipun ingkang sumerep dhateng badhanipun meniko
inggih ingkang saged nyumerepi dhateng gesangipun jiwa raganipun piyambak.
Kejawi kasebut nginggil ugi kedah tansah emut yen
ngagesang punika boten wande newmahi pejah, mila sampun pegat pinelenga ing
pangesti sagedipun waluyajati paworing kawula gusti. Sarana taberi tansah
anyuwungaken pancandriya sarta angengkoki jumeneng sarira bathara inggih punika
winastan pangabekti ingkang langgeng (sholat dhaim)
Bebasanipun salat ngiras nyambut damel, lenggah, sinambi
lumampah, lumajeng salebeting kendel, ambisu kaliyan wicanten, kesahan kaliyan
tilem, tilem kaliyan melek, yen temen-temen insya allah jinurung sampurna
waluyajati.
3. PANUNGGAL JATI
Punika wewarah sanyata, nedahaken kahananing pangeran
ingkang binasakaken saklangkung samar, tanpa rupa tanpa swara dede jaler, dede
estri lan dede wandu, tanpa prenah tanpa anggen, dinulu boten katingal, dinumuk
boten kantenan.
Punika teteping kahanan wonten ing ndalem cipta
sasmitaning kang wasikta, pramila para guru anggenipun suka pitedhah dhateng
muridipun kaumpamakaken makaten.
Sejatine ora ana apa-apa, sakehing kawujudan, rurupan
wawarnan lan pasebutan, iku dudu sejati lan dudu panuksmaning Pangeran, dene
kang kadunungan panguwasa lan kamulyan ing sabarang kabeh iku muhung ingsun.
Menawi dereng saged nampeni wewejangan makaten wau
prayogi sami den talatos marsudi maksuding suraos, sarana angimpun sakathahing
wewejangan sedaya miturut kawruh ingkang sanyata kados ing ngandhap punika :
Ing sadewengipun gumelar sagunging kahanan ing marcapada
lan mukswapada (dunya lan akherat ) punika ingkang rumiyin amung gesang kita,
jumeneng wonten salebeting wiji kang piningit. Sayektosipun inggih gesang kita
punika ingkang tetep sinuksma ing Pangeran kita, mila den saged sami rumeksa
ing gesang kita pribadi, saran ngatos-atos ingkang gemi nastiti ingkang dados witing panggesangan
sampun ngantos kapinten boten saged jumeneng gesangipun, beda kaliyan manungsa
ingkang sampun tinarima sampurna kawruhipun tetep ing pangandel boten bade
katempelan ing pangrencana tegesipun boten susah ing kaluwen kamlaratan lan
panuju kataman ing sasakit boten ajrih dumugi ing pejah. Dhene menawi kasebut
tiyang limrah kemawon kedah anglampahi pangupaya ingkang ndadosaken santosaning
gesangipun
Dhene gesang kita tetelanipun menawi sanyata rinasuk
dening Pangeran kita, kayekten saking solah bawa kita punika sayektosipun
teterusan saking karsaning pangeran kita menggah panuksamaning Pangeran
anggenipun rumasuk ing badan kita punika mawi warana ing ndalem pitung kahanan
kados ing ngandhap punika ;
1. sejatining gesang kita. 2. Nur (cahaya) 3. sir (rahsa)
4. roh, nyawa, suksma, herah 5. napsu (angen-angen) 6. ngakal (budi) 7. jasad
(badan)
Dhene papangkatan warananing pangeran ingkang dumados
saking pitung kahahan ing nginggil wau menawi
karingkes dumunung ing tigang kahanan inggih punika ;
1.Suksma, mengku jamaning kamukswan 2. rasa mengku
jamaning supena ( tilem ) 3. budi mengku jamaning dunya 9melek)
Wondene kayu punika purwaning ngagesang, ingkang
anglimputi sakathahinh warana nem pangkat wau sedaya wusana kita kawasa saged
mobah mosik lan saged nyembadani pakertining pancadriya, kadosta, pakertining
paningal, pangambet, pamiarsa, pamicara lan pamiraos, punapa dene ambegan,
sedaya punika tuturutan saking pakertining Pangeran kita.
Ananging wonten ugi prabedanipun, menggah wataking kawula
lan gusti
Dene wataking gustyi inggih punika : wungu, tuwuk, ayem,
parem, sareh, emut, tetep waspada santosa, bingah, saras lan raharja.
Menggah titimbanganipun wateking kawula inggih punika :
arip, luweh, ngelak, sahwat, sereng, supe, bingung, pangling, uwas, susah,
sakit lan bilahi. Menggah liring bebasan
ingkang makaten punika inggih saking pakertining papasten kita pribadi.
Wondene santosaning pangesti menawi badhe angyektosaken
tandhanipun, ngadat wonten kaelokan ingkang andhatengi, medadl isaking sarira
kita pribadi katingal saking pramananing netya karaos ing dalem rahsa. Nalika
punika menawi saged katarima saged kadumugen punapa saestining nggalih
Menggah pratikelipun menawi badhe mangesti utawi manekung
miturut piwulang ndalem kanjeng Panembahan Senopati ing alaga mataram mekaten.
wiwitipun kedah ngingirangi dahar sare lan sahwat punapa
dene ngingirangi saliring kakjengan. Lajeng anglowong (boten nedho lan mboten
ngombe ) sarta mbisu tigang dinten tigang ndalu mboten kenging ngemu panggalih
sereng.menawi nglowongipun kirang sadinten sadalu, mboten kenging sare. Ing
wanci tengah dalu lajeng susuci raga, siram busana sarta geganda,
dhidhipangajengaken keblatipun piyambak. Inggih punika ing jaja. Yen sampun
dumungi wanci bangun lajeng pejah raga, nutupi pancadriya, ayegah turas, sarip
tuwin susuker.
Dene manekung : jempol suku, polok lan dhengkul, kiwa
tengen ka’abena. Pajaleran kasipat kaliyan jempol suku, asta kakalih ngrangkul
jengku, driji ngapurancang, jempol ingaben, kasipat pucuking grana, lidah
katekuk minggah madal ing cetak, waja gathuk, lati mingkem, lajeng anata lebet
wedaling napas, inggih punika : panariking napas saking puser ( napas mlebet )
kasengkakna minggah anglangkungi cethak dumugi ing susuhunan ( utek =
embun-embunan ), panariking napas wau kedah alon-alonan ( sareh ), sarta
kasarengan panebut mungel : h o e, naming kabatos kemawon, sumengkaning napas
wonten susuhunan kaendelna sawatawis dangunipun. Manawi sampun krawos awrat,
inggih lajeng kaedalna ( kawedalaken ) ingkang sareh alon-alinan dumugi ing
puser, dene wedaling napas wau ugi kasarengan panebut mungel : Allah, ugi
naming kabatos kemawon. Dados panebut wau mungel: h o e- A l l a h. makaten
punika katindakaken marambah-rambah ( terus ) sadangunipun manekung, sarana ugi
mawi ngereh ebahing badan ( badan mboten mobah mosik ), punapadene angeningaken
cipta, sarta amatrapaken adeging gesang kita. Yen tinarimah adat lajeng angsal
ciptasaasmitaning gesang kita, punapa ingkang sinedya.
Dene panengkungan wau, manawi sampun lantih, kenging
dipun cancutaken , boten mawi cecegah sapanunggilanipun, punapa dene boten
angen wanci, tanpa sarana, angger karaos sumenteging dalem cipta sarta kenceng
ing pangesti, inggih punika nandhakaken yan badhe tinarimah.
Mangreh lebet wedaling napas, ingkang sarana tinata sarta
manebut : hoe-Allah punika kedah ajeg katindakaken ing rinten ndalu,
langkung-langkung manawi kaleres saweg manekung. Inggih lampah makaten punika
ingkang kawastanan salat daim. Utawi salat batos, inggih salating suksma,
inggih salating nyawa ( nyawa= ambegan = napas ). Dene napas utawi ambegan,
punika lebet wedaling angin.
Wondene nglampahi penekukngan wau, sayoginipun kedah
saben wulan sapisan, langkung-langkung yen ing wektu dinten panggenaning
tinarimah, utawi kasebut dinten ijabah, inggih dinten dhawahing lahelatulkadar,
inggih punika : ing tanggal 9 sura, 12
Mulud, 27 Rejeb, 21 Ruwah, 21, 23, 25, 27, lan 29, Pasa, Saha tanggal 8
lan 9 Besar. Dene wiwiting manekung ing wanci : serap surya, tengah dalu,
bangun enjing utawi tengange.
Kajawi punika ing saben dintenipun inggih kedah mangreh
lebet wedaling napas sarana panebut : hoe-Allah, langkung-langkung bilih mapan
sare ing wanci ndalu: inggih lampah makaten punika ingkang nama : ajeg
panembahe, lumintu salate. Manawi sampun saged tumindak makaten, inggih punika
ingkang winastan salat dhaim, inggih
sajatining salat, tanpa antawis ing wektu, tanpa mawi angetang rekangat,
bebasanipun : salat ngiras nyambut damel, lenggah sarwi lumampah, lumampah kaliyan
adhepok. Lumajeng salebeting kendel, mbisu kaliyan cariyos, kesah sarwi tilem,
tilem kaliyan melek. Sebab salat dhaim punika kakekating salat, mila tanpa ruku
tanpa sujud, among dumunung wonten rahsa telenging gesang.
Dene tandhaning adegipun, inggih gesang kita pribadi,
rukukipun paningal kita sujudipun pangganda kita, ikhtidalipun pamiarsa kita
wawosaning ayatipun pamiraos kita, lenggahipun teteping iman kita, tahyatipun
manteping tekad kita, salamipun makripat islam kita, pujinipun lebet wedaling
napas kita, dikiripun awas emut kita, keblatipun madhep dhateng ening-ening
kita, sampun sampun was sumelang ,alih. Mila makaten sebab jumeneng dat, sipat,
asma, afngal kita, punika sampun dados kur’an sajati, mratandhani sajatining
salat sedaya, dipun wastani , salat
dhaim.
Manawi iptitahipun salat dhaim makaten : Niyatingsun
salat dhaim, kanggo salawasing uripingsun, adage iya urip ingsung, rukuke
paningalingsun, iktidale pamiarsaningsun, sujude pangambuningsun, wawacane ayat
pangucapingsun, lunggune tetepe imaningsun, tahyate mantepe tikidingsun, salame
makripat islamingsun, pupujine lebu wetune napasingsun, dhikire awas
elingingsun, keblate adhepe eneng-enengingsun, perlu anglakoni wajib saka
kodrat iradatingsun dhewe. Makaten punika pasrah analangsa sanubari dhateng
dating gesang kita pribadi, sampun was sumelang.
Dene salat dhaim punika, manawi kasemak kaliyan
kaketaning rukuning islam, utawi kaliyan katimbang kaketaning pikekahing iman,
suraosipun inggih nunggil misan kemawon, liripun makaten :
Rukuning islam wonten 5 prakawis, inggih punika :
1. Sahadat,
menggah hakekatipun wonten lampah temen, dumungipun ing pamiraos ( wicara ).
Angger nuhoni wicantenipun. Inggih punika teteping sahadat.
2. Siyam,
kaketanipun wonten lampah trima, dumunung ing pangganda, angger marem katandukan
ambet ingkang menginaken ( boten angisep-isep saliring piawon ), inggih punika
tetep siyamipun.
3. Jakat,
kaketanipun wonten lampah utami, tegesipun sabar dumung ing pamiarsa, angger
saged mutakaken netra, inggih punika anetepi jakat.
4. Salat,
kaketanipun wonten lampah utami, tegesipun sabar, dumunung ing pamiarsa, angger
saged anulekaken talingan. Inggih punika anglenggahi salat.
5. Kaji,
kaketanipun wonten ing pahalangsa lan netepi janji, dumunung ing pangraos lan
solahbawa, angger saged nyirnakaken pangraos tuwin amejahi sarira, inggih
punika anglampahi kaji.
Rukuning islam ing kekatipun wau, lajeng dipun
pralampitani: lesan mbisu, irung pepet, mripat wuta, kuping tuli, badan mati.
Inggih makaten punika ingkang nama tetep kuwasa nindaaken rukuning islam
sajati, sebab sanyata kuwasa mati sajroning urip, urip sajroning pati, inggih
urip salawase.
Pikekahing iman wonten 6 prakawis, inggih punika :
1. Angandel
ing Allah, menggah kekatipun angestokaken gesanging jasat kita, sarta rumaosa
manawi dados sipating Allah sajati, liripun angger jasad kita tansah sinucenan,
sarta samubarang tindak ngenggeni ing kautamaan, makaten punika nama ngandel
ing Allah.
2. Angandel
ing malaikat, kakekatipun angestokaken
wahyaning paningal, pamiarsa, pangganda, pangraos, pamiraos, liripun angger
kita tansah angatos-atos anggen kita matrapaken tanduking netya kaliyan wiraos
sapanunggilanipun, inggih punika kaketipun tetep temen-temen angandel ing
malaikating Allah. Sabab kakekating malaikat punika dumunung wonten salebeting
pancadriya inggih punika : Malaekat Jabarail dumunung ing pamiraos. Mikail ing
pangganda. Israpil ing paningal. Ngijrail ing pamiarsa, kaliyan ing rahsa,
Haruman ing nyawa. Mungkarun Wanakirun kalih pisan ing napsu. Kiraman lan
Katiben Sakaliyan ing budi.
3. Angandel
ing utusan, kakekatipun angestokaken wahananing rahsa, liripun angger kuwasa
angendelaken pangraos lan anengingaken paningal lereming cipta, makaten punika
tetep temen-temen angandel utusaning Allah.
4. Angandel
ing kitab, kakekatipun angestokaken kahananing nyawa, liripun awas lalampahing
gesang saha emut lan mangretos ing kadadosan kita, makaten wau angger tansah
awas emu ting dalem batos inggih punika tetep temen-temen angandel kitabuning
Allah.
5. Angandel
untung sae untung awon saking Allah, Tegesipun hatenging begja cilaka atas
saking takdhiring Allah, kakekatipun angestokaken manawi babarang napsu punika
saking wedharing budi lan pribadi, liripun angger enggal-enggal pasrahanalangsa
dhateng dat kita, inggih punika tetep
temen-temen angandel ing takdhiring Allah.
6. Angandel
ing dinten kang ngakir, tegesipun dinten wekasan.
7. Kakekatipun
angestokaken ing papstening pejah saking
wisesaning dat kita pribadi, liripun angger asring anindakaken ing
iktekad kita kang santosa, punika tetep temen-temen angandel ing dinten wekasan
saking wisesaning Allah... Bersambung ke Bagian.2
SALAM….MUGA BERMANFA’AT KANGGO SING LAGI LAKU KEBATIANAN.
Salam Rahayu kanti Teguh Selamat Berkah Selalu
Ttd:
Djaka tolos / Wong Edan BaGu
Putera Rama Tanah Pasundan
http://putraramasejati.wordpress.com
http://wongedanbagu.blogspot.com
Post a Comment