Tetep Eling:

Apa sing bisa dibundheli saka Sekabehing crita-crita kang ana? Yektine ora uwal saka paham Jawa nduwe nduwe tembung ?eling?, sing bisa dadi kekancingan kepriye anggon kita tumindak jroning ngadhepi apa wae, klebu prahara sing matumpa-tumpa. Persis karo kang kawedhar ing Kalatidha kang banjur manjilma dadi unen-unen populer: begja-begjane kang lali, isih begja kang eling lawan waspada.

Nanging bisa eling iku ora gampang. Kapara wong iku luwih gampang laline timbang elinge. Apamenah yen kedunungan melik, tundhone ora eling nanging malah lali. Melik nggendhong lali!

Yen kabeh wong padha lali, ora ana cara liya kanggo ngelingake kejaba kanthi nggelak tumekane Kalabendu. Salah sijine tengara tekane Kalabendu ora liya kanthi anane prahara.

Wong Jawa percaya, mobah mosiking jagad mujudake sarana kangggo ngelingake marang sapa wae supaya padha eling. Mula ora nggumunake manawa akeh kang negesi prahara sing matumpa-tumpa iki mujudake pepeling sing kudune ndadekake sapa wae padha eling.

Nyatane, lindhu sing ngancur leburna Jogja-Klaten padha ndadekake wong padha eling marang kasangsayaning liyan. Kabeh dha cancut gumregut, gumregah asung pitulungan arupa apa wae, bau suku nganti tekan redana. Pirang-pirang puluh milyar rupiyah sing kasil kaimpun lumantar "dompet bencana" ing sawetara media massa sarta posko penanggulangan bencana.

Pambiyantu kasebut mujudake bukti manawa prahara wis ndadekake wong-wong padha eling. Nanging prahara mau uga tetep nuduhake perangan liya saka jaman Kalabendu. Ing jaman Kalalabendu iki, sing bosok tetep wae badheg ambune lan ora bisa dikikipi maneh bobroke mentale menungsa. Jaman Kalabendu tetep wae nuduhake manawa temene manungsa pancen angel lan ora gelem yen dikongkon eling. Panalangsa sarta dhuhkitane sesamaning manungsa kapara ndadekake wong-wong padha lali merga bebarengan karo iku tetep mondhong melik.

Nalika wong-wong lagi padha bingung, salang tunjang, golek slamete, tetep wae ana sing nggunakaken "kesempatan dalam kesempitan". Ora enggal disalurake bantuan merga direndhe-rendhe pembagiane, kapara ana sing tegel nyunat dhuwite, mujudake bukti manawa praharane Kalabendu tetep mengkoni tumindak culika.

Kamangka, mesthine kayadene Jayabaya sing ndhadha marang kabeh kaluputane sinarta mawas dhiri, prahara kudune bisa nduwe fungsi kaya mengkono. Sebab, prahara sing matumpa-tumpa iki mujudake coba sing bisa dadi lawang kanggo nggelar sejarah anyar. Sejarahe menungsa sing tansah gandrung kapirangu sarta kedunungan rasa eling lawan waspada kang linambaran welas asih mring sesama. . ... He he he . . . Edan Tenan. Salam Rahayu kanti Teguh Slamet Berkah Selalu Lurr... 

Semoga Bermanfa’at. Amiin
Ttd: Wong Edan Bagu

Pengembara Tanah Pasundan