Tansah Ajur-Ajer Ngadhepi Panandhang:
Tansah Ajur-Ajer Ngadhepi Panandhang:
Oleh: Wong Edan Bagu.
(PRTP)
Cirebon tgl 09-09-2000
PANCEN ana dina ana upa. Nanging yen ora gelem obah, apa
ya tetep bisa mamah? Apamaneh kahanan iku ora langgeng. Donya iku onya. Mula,
anggone ngadhepi lan nanggapi uga kudu tansah nut ing jaman lan papan kelakone.
Butuh kreativitas lan maneka warna alternatif.
Ing suwalike unen-unen ana dina ana upa, pancen dikandhut
rasa optimistis. Nanging optimistis wae ora cukup, yen ora dibarengi tumindak
nyata. Kudu gelem makarti lan makarya.
Anane bisa makarti lan makarya kanthi trep lan patitis,
ora ana liya kejaba kudu wani ngulir budi. Ngulir budi iku temene ngempakake
dayane urip sing kaajab tansah bisa
ngurip-uripi. Ngurip-uripi laire, ya luwih-luwih maneh batine.
Jroning ngulir budi, manungsa kudu lantip ing panggraita.
Meh padha karo tanggap ing kahanan. Ora mung kahanan kang agal utawa kasat ing
mripat, nanging uga kahanan kang alus sing ora bisa dinulu. Lire, bisa maca
kanthi patitis marang semu, semon, sasmita, lan sakehing tandha-tandhaning
dumadi.
Dene lantip ing panggraita iku karanggeh utawa kapara
bisa nyarira tunggal manawa kulina lan tansah ngudi. Pangudine, kanthi tliti
lan tanpa kemba anggone maca. Sanajan tradisi literer saya maju, maca iku ora
kandheg marang kang gumulung (buku, majalah, koran, lan sapanunggalane), nanging
sing ora kalah wigatine maca jagad gumelar. Pituduh sepisanan kang kaemot ing
kitab suci uga arupa prentah: maca, iqra!
Maca pancen bisa ngundhakake kawruh. Nanging ora mung
daya kognisine sing tambah. Maca uga bisa ngundhakake daya afeksi lan
psikomotorik, sikap lan keprigelan. Ing kono iku temene panggraita saya
kaungkal satemah saya lantip.
Ewasemono, tetep kudu linambaran rasa pasrah sumarah
marang purbaning Kang Mahakuwasa. Sabar lan narima, iku ing antarane
representasine. Nanging pasrah, sabar, lan narima iku ora ateges pasif. Ora.
Iku mung dadi piranti kontrol supaya ora kemrungsung, apamaneh kumalungkung
utawa overconfidence.
Kanthi makarti lan makarya, manungsa ora bakal
ngarep-arep tibane rembulan. Ora ana dalile thenguk-thenguk nemu kethuk. Jalarane,
kabeh bisa karanggeh karana pabudidaya.
Kanthi prasyarat mau, ora mokal bisa dadi jalma limpad
seprapat tamat. Tegese manungsa kang bisa nindakake pakaryan utawa sesanggane
kanthi efisien lan efektif.
Kanthi sangu kabeh mau, ora mokal uga manawa banjur bisa
ajur-ajer, bisa njumbuhake kahanan. Bisa ngeli, nanging ora nganti keli. Klebu
lan luwih-luwih nalika ngadhepi panandhang.
Kanthi lantiping panggraita, manungsa bakale ora kurang
ing karti sampeka, ora tuna ing weweka. Ora gumunan, ora kagetan. Uga ora mopo
manawa lagi entuk pepalang utawa pacoban. Ora gampang mupus kanthi cepet-cepet
nganggep iku wis dadi garising pepesthen, utawa kanthi tembung pasrah tanpa luwih dhisik ikhtiyar kanthi temen.
Saka Wayang;
Ewasemono, wong pancen bisa ngukur marang kekuwatane
dhewe. Wani ngilo githoke dhewe. Kudu gelem tepa slira, ora nandhing-nandhing
sarira. Ing kene iki, tetembungan bapang den simpangi, ana catur mungkur entuk kontekstualitase.
Yen samengko bangsa iki lagi ngadhepi pacoban, yen titi
mangsa iki lagi padha entuk sanggan, kapara kaya-kaya wis kepentok ing dalan,
ana apike nyoba mbukak maneh crita wayang minangka kaca benggala. Kaca benggala
kang bisa nuduhake kepriye carane golek dalan alternatif nalikane cara sing
lumrah dianggep mainstream ora bisa njanjekake marang tujuan.
Ditampik dening Pandhita Drona nalika nglamar dadi putra
siswa, ora njalari Bambang Ekalaya nglokro. Dheweke ditampik amarga dudu turune
Barata, ora kepetung trahing kusuma rembesing madu. Nanging pepenginane bisa
meguru manah marang mahagurune Pandhawa lan Kurawa iku malah saya
makantar-kantar.
Ekalaya ora kurang akal. Dheweke tetep meguru Drona
nganggo dalan liya. Dheweke sengkud olehe gladhen ngempakake jemparing. Ing
papane gladhen iku dheweke gawe patunge Pandhita Drona. Kanthi patung iku,
Ekalaya tansah ditunggoni lan diawasi sang guru.
Asile pranyata ora nguciwani. Ekalaya ora mung bisa
madhani kepinteran lan keprigelane muride Drona sing paling hebat anggone
manah: Arjuna. Ekalaya kapara luwih titis anggone menthang langkat tinimbang
satriya panengahe Pandhawa iku.
Dalan alternatif dituduhake dening Ramawijaya nalika arep
ngrebut Sinta saka tangane Rahwana. Merga nglurug menyan Alengka kudu nyabrang
segara luwih dhisik, mula Rama banjur ada-ada nggawe dalan dhewe. Segara
ditambak, kaya kang dicritakake ing lakon Rama Tambak. Kanthi ngetabake bala
wanara kang dipimpin Kapi Anila, akhire Rama kelakon lan wadyabalane kelakon
ndharat ing tanah sabrang.
Nanging dalan liya lan alternatif iku, kawawas sacara
normatif, mesthi wae dudu kaya sing ditindakake dening Aswatama ing lakon
Aswatama Nglandhak. Amarga rumangsa gela lan ora keconggah yen kudu adu arep,
Aswatama milih dalan buri. Dheweke nindakake aksi teror ing papan dununge kulawarga
Pandhawa. Wong-wong wadon dipateni, bocah cilik dicilakani. Nanging akhire
dheweke tiwas mung amarga jabang bayi Parikesit
mancal senjata Pasopati, satemah ngenani gulune Aswatama.
Mesthi wae bab karti sampeka, Prabu Kresna jagone.
Ngadhepi kekuwatane Kurawa sing tikel-tikel tinimbang Pandhawa sing dibotohi,
ratu Dwarawati iku tansah ora kurang akal.
Pancan, anggere isih gelem bisa ngulir budi, gelem
ngempakake dayane urip, temene masih banyak jalan ke roma.
Kanthi mangkono, ora kena sijine bisa liyane. Ora ana
sega, tela ya ora apa-apa. Ora ana tela lan sega, sega aking uga ora dadi baya
pangapa. Mengkono sapiturute. Mangkono ing antarane ajur-ajer lan njumbuhake
marang kahanan iku. … He he he . . . Edan Tenan. Salam Rahayu kanti Teguh
Slamet Berkah Selalu Lurr…
Muga Bermanfa’at.
Salam Rahayu kanti Teguh Selamat Berkah Selalu
Ttd:
Wong Edan Bagu
Putera Rama Tanah Pasundan
http://putraramasejati.wordpress.com
http://wongedanbagu.blogspot.com
Post a Comment