Sumeleh:

SUMELEH iku asale saka tembung lingga "seleh" kang oleh seselan "um". Tembung kriya liyane kang asale saka tembung lingga "seleh" yaiku "nyelehake". Barang kang diselehake iku sumeleh, buku sumeleh ana meja, kesed sumeleh ana jogan. Tembung sumeleh sing arep dirembug ing kene dudu sumeleh kanthi teges kang wantah, nanging sumeleh kang gegayutan karo suasaning batin, yaiku sumelehing ati.

Wong kang wis sumeleh iku atine tentrem marga sakabehing prekara sing ngabot-aboti atine wis diselehake. Atine wis ora kemrungsung, ora sedhih, ora cuwa, ora serik, ora ewa, ora meri lan sapanunggalane. Sakabehing ruwet-rentenging urip wis kabengkas, anane mung rasa suka-sokur marang Kang Gawe Urip. Apa peparinge Gusti tinampa kanthi legawaning ati tanpa pangresula, tanpa rasa cuwa utawa kurang pamarem.

Wong kang wis sumeleh iku situasi kejiwaanne wis stabil, wis tumata, ora labil utawa gampang gonjang-ganjing. Kamangka sanyatane jiwaning manungsa iku ringkih. Apa kang dialami, apa kang disumurupi tansah nabet ing jiwane. Nyawang barang kang apik-apik banjur tuwuh kekarepan lan pepenginan arep andarbeni. Weruh wong liya sing katone uripe luwih kepenak tuwuh rasa meri, ewa, lan nelangsa. Nyumurupi wong liya duwe kalungguhan, kapinteran utawa panguwasa sing ngungkuli dheweke, atine dadi nggrantes, susah, nelangsa, ora narimakake peparinge Sing Gawe Urip.

Kamangka ing wektu iki barang-barang kang dadi pepenginane wong dipamerake ing sadhengah papan. Iming-iming kemewahaning urip tinemu ing ngendi bae. Omah apik, mobil apik, sandhang penganggo sing apik, rupa apik lan sadhengah hiburan lan kemewahan bisa disumurupi ing ngendi bae. Ing satengahe rakyat cilik sing uripe sengsara, ana bae wong kang uripe sarwa "wah". Panguripane lan gaya hidup sing hedonistis, sing mundhi-mundhi kanikmatan lan kemewahan, tinemu ing sadhengah kutha. Sajake iki ana gandheng-cenenge karo sistem ekonomi pasar kang asifat liberal lan kapitalistis.

Manungsa tansah ngrekadaya kepriye supaya sakabehing kekarepan lan pepenginane bisa kaleksanan. Manungsa iku pinaringan srana utawa piranti kanggo nggayuh kekarepan lan pepenginane. Rekadaya mau bisa kawil, bisa gagal utawa setengah gagal. Lha yen rekadaya mau ora kasil manungsa banjur susah, nelangsa, lan pepes atine. Saweneh ana kang nggayuh pepenginan lan kekarepane mau kanthi cara kang ora samesthine. Sanajan kanthi cara mau bisa katekan sedyane, nanging cara kang cengkah utawa nerak angger-angger iku tetep gawe ora tentreming ati, amarga wong mau tansah sumelang menawa tindakane kang culika iku nganti kadenangan.

Menawa keconggah, pancen becik menawa manungsa iku tansah nggayuh sakabehing kekarepan lan pepenginane. Nanging kawuningana kekarepan lan pepenginane manungsa iku ora winates, kosokbaline daya kekuataning manungsa iku sarwa winates. Kanthi mangkono manungsa tansah rumangsa kurang lan ora duwe pemarem. Ya rasa-rumangsa iku kang gawe ora tentreming batin.

Sabanjure kepriye supaya suasananing batin bisa ayem lan tentrem? Manungsa diwenangake ikhtiyar nanging kudu ngelingi daya kekuwatane kang sarwa winates. Yen bisane mung tuku sepedha motor ya aja meksa-meksa tuku mobil Mersi. Saliyane ikhtiyar, manungsa kudu bisa nata atine dhewe. Ya bab nata atine dhewe iku kang dening dai kondhang Aa Gym dijenengake "manajemen qolbu". Pancen manungsa iku becike bisa "mengelola", bisa ngatur, bisa mranata atine dhewe. Mrentah atine dhewe iku orang gampang. Kita bisa nuturi wong liya supaya aja ewan, aja serikan, aja gampang nesu; nanging kita dhewe durung tamtu bisa nindakake. Supaya bisa mranata atine dhewe, kita kudu bisa mawas dhiri, kudu bisa metani atine dhewe. Sabanjure prelu latihan nata lan ngendhaleni ati. Ya mung wong sing wis diwasa jiwane kang bisa nindakake kabeh mau.

Ana sawenehing wong kang duwe panemu menawa urip iku kudu ndableg. Wong iku ora prelu predulen: sing padha sugih ya ben kono padha mamerake kasugihane, sing kuwasa ya wis kono padha mamerna panguwasane; dene aku ya wis kaya ngene iki; bisaku ya mung ngene, duwekku ya mung iki; wong liya mangga olehe arep ngarani. Sifat ora predulen kaya ngono mau uga ana apike. Saora-orane wong mau nduweni wawasan utawa paugeran sing diugemi.

Ana uga kang duwe panemu menawa beja cilaka, bungah susah, marem lan cuwa iku satemene thukul saka atine manungsa dhewe. Rasa susah, gela, ewa, meri lan sapanunggalane iku digawe dhewe, digedhek-gedhekake dhewe, dibanget-bangetake dhewe. Kamangka panandhanging batin iku bisa nuwuhake panandhanging raga. Kanthi mangkono tekaning lelara iku kaya dene diundang dhewe dening sing bakal ketaman.

Sumeleh iku ora padha karo ndableg. Sumeleh iku tegese atine wis sumeleh. Sumelehing ati mau amarga wong mau bisa nata atine dhewe. Bab-bab sing ngabot-aboti disingkirake, ruwet-rentenging urip ora dipikir banget-banget. Saliyane iku, wong kang wis sumeleh iku tansah eling menawa manungsa iku ana kang nitahake. Sakabehing titah iku sarwa winates lan duwe pepesthen dhewe-dhewe. Wong kang tansah rumangsa kurang, rumangsa cilaka, ora duwe pamarem, iku ateges ora ngaturake suka-sokur marang Pangeran. Sumeleh iku tegese pasrah sumarah marang Sing Gawe Urip, lan kanthi eklas nrima apa sing diparingake. Kanthi mangkono sesangganing urip krasa luwih entheng, amarga atine ora gampang kebrongot ubaling nafsu, kekarepan, lan pepenginan. ... He he he . . . Edan Tenan. Salam Rahayu kanti Teguh Slamet Berkah Selalu Lurr... 

Semoga Bermanfa’at. Amiin
Ttd: Wong Edan Bagu

Pengembara Tanah Pasundan