Setan lan Jim Ora Kudu "Disumpahi"
WIS kawedhar ana ing Kitab Alquran panutane para ngulama lan
santri, yen sejatine setan, jim, belis, lan sapanunggalane padha wae kaya-dene
jalma manungsa, uga kalebu makhluke Gusti Allah. Malahan bangsa lelembut kang
kasebat iki kalebu makhluke Gusti Allah kang patuh, taat maring printahe Gusti.
Ing babagan syariat, manungsa (khususe kang ngrasuk agami
Islam) nduweni kewajiban sholat lan ngibadah fardlu liyane. Nanging ing
pranyata, (ora kudu dadak mungkir) yen manungsa isih padha dhemen goroh lan
ngapusi, malah kadhang-kadhang ora idhep isin -kamongko goroh lan ngapusi kuwi
kanggone manungsa ora kalebu printahe Gusti, lan duweni rasa isin ateges
ngamalake sunahe Kanjeng Nabi. Kosok wangsule, setan dhemen ngapusi, ndableg,
asring mbujuki manungsa, sebab pancen wis pinesthen yen wiwit lair tumekane jaman
akhir panggaweane setan ming kaya mangkene- nggodhani manungsa urip, jer
nyendikani dhawuhe Gusti.
***
BIYEN dhek nalika taksih dadi santri cicik, nate kawulangake
dening rama kiyai, saben kawiwitan ngaji Alquran kudu maca ngaudhu billahi
minas syaithon nirrojim (ingsun nyuwun pangayoman dhateng Gusti Allah saking
sedaya godhaning setan binendhu) - ing klimah iki ngemu teges, saben-saben arep
tumandang samubarang gawe kudu tansah eling dhateng Gusti Allah supaya ora
kagodha marang setan, jim, lan sapanunggalane. Jalaran wis pinesthen yen setan
lan jim kuwi dadi panggodhaning manungsa urip. Awit jaman Kanjeng Nabi Adam
dheweke pancen wis dibendhu Gusti Allah kaya mangkene- ngugerake yen awit dhek
nalika para makhluk saindhenging jagad diprintahake nyembah (diwaca: hormat
dhateng Kanjeng Nabi Adam, dheweke ora gelem dhewe, rumangsa luwih kondhang
ketimbang drajating manungsa kok dienthengake, mulane kabacut isin banjur
dheweke dhemen gawe rubeda ngriwuki anak putune Adam.
Kanggo wiwitan samubarang gawe, ana sawijining paham kang
ngutamakake maca Bissmillah saturute wae, kaya piwulange Bung Karno mring
samitrane, ora ngepenke kudu maca ta'awudz kaya diterangake nang dhuwur mau.
Lire, ora mungkiri anggone bisa kekancan karo sabangsane lelembut supaya ora dadak
congkrah, lan sajak nguatirake yen wacan ta'awudz bisa kaanggep
"nyumpahi"; Kajaba kuwi, bangsa lelembut mau diarepake banjur satuhu
yen tunggal kanca ora kena nggodha, tunggal guru ora kena ngganggu (bisa
katambahan maneh kaya dene unen-unen tukang sulap aning obralan bakul jamu:
tunggal kawruh ora kena gawe kisruh). Bab percaya lan orane, gumantung iman
kita datan kasunyatan gaib.
Bab wacan ta'awudz -ngaudhu billahi minas syaithon nirrojim,
perlune diwaca sabisa-bisane nganggo laras, ora kudu dimaknani nganggo
penekanan intonasi kaya ing lomba puitisasi sari tilawah, ora kudu nganggo
panyandra "kutukan" kang waton dianggep "nggilani". Sebab,
samono uga makhluke Gusti Allah, mesthine yen setan lan jim rumangsa
"disumpahi", mangka sejatine dheweke bakal tambah temen olehe
nindakake dhawuhe Gusti, tambah temen-temen anggone nggodha manungsa,
mratandhakake yen dheweke tansah rumangsa ta'at. Apa ora dadi tambah celelekan
kaya "Kalagondang" nang sinetron "Misteri Gunung Merapi".
Pratelane, kanggo nglestareake kerukunan ing babagan urip
bebrayan, ora ngemungke kudu ngayati sila "Peri-kemanusiaan",
ananging uga perlu ngayati "Peri-kemakhlukan" - mrih harmonis
tumeraping sakabehane isen-isen ngalam-donya - saantarane manungsa, wit-witan,
sapi, wedhus, babi, setan, jim, belis, dhemit, lan sapanunggalane, padha bisa
nyatuhoni yen kabeh mau saderma makhluk.
***
KAYA dene jalma manungsa ngupadi rejeki, setan lan jim
anggone nindakake kewajiban nduweni segmen layanan dhewe-dhewe. Setan sing rada
bodho tugase nggodha manungsa sing ora pati pinter. Wong pinter, gandhokane jim
putih ireng sing luwih dene pinter, mulane wong (kang ngepasi 'kasinungan')
kuwi banjur bisa dadi keblinger.
Minujoni tirakatan, mumpung sasine Sura, wulan Karomah,
manawa oleh kanugrahan bisa manggih bangsa lelembut, Ian lelembut mau duwe
panjaluk asih-asihan iwak kebo saupamane amarga saguh dadi lantaran kanggo
ngegolake urusan proyek (mangka durung mesti kadadean sabenere), mula yen arep
nyoba didurusi, durusana nganggo samaran jantung gedhang sing disungoni lombok
cengek - disatuhoake sebage endhas kebo, nadyan mung diapusi nganggo dolanan
dheweke wis seneng, amarga dheweke ya senenge ngapusi, Ian nyatane setan pancen
temenan ora doyan mangan iwak kebo. Sekirane pengurbanan kebo
pancen dadi nadzar, supaya kang duweni khajat ora dadi
musyrik, luwih becik kebo kang dimaksud mau diperloake kanggo shodaqoh tumuju
fakir miskin. Ewa dene bab urusan proyek utawa usaha-usaha liyane bisa sukses,
kabeh kuwi saka kersane Gusti Allah.
Kajaba duwe kesenengan nggodha manungsa, bangsa lelembut uga
seneng ndhisiki-kersa. Ora marga pinter nalare, nanging pancen dheweke oleh
kanugrahan bisa Ian diparengake ngintip saka langit rahasia kagungane Gusti
Allah, banjur rahasia iki dibisik-bisikake marang atine manungsa kang dhemen
migateake ulahe dheweke. Lire, keahlian iki dadi srana murih gampang anggone
dheweke nindakake printahe Gusti: gawe bingunge anak putu Adam - malah
bisa-bisa dheweke banjur mbablas nyumpahi manungsa: edan kabeh ya wis ben.
Sumrambahe bangsa lelembut anggone nggodha manungsa ora
luput tumuju marang sapa wae. Uga bisa tumuju ing antarane ngulama misuwur
kayata Kiageng Gus Dur samisale. Katitik, yen para kiageng jarene bisa
nyasmitani isyaroh ghoib. Malah-malah merga banget rakete anggone tanggap
sasmita babagan "dunia lain", mulane ana sawetara panganggep yen para
kiageng linuwih mau biasane banjur duweni tabi'at aneh. (Yen plantarane santri
cilik mono kena diarani nyleneh, nyelelek!)
Ing antarane jim lan manungsa, sapa sabenere sing luwih
nyelelek? Lan sapa sejatine kang luwih mituhu dhateng printahe Gusti Allah? -
Naudhu billahi min dhalik. ... He he he . . . Edan Tenan. Salam Rahayu kanti
Teguh Slamet Berkah Selalu Lurr...
Semoga Bermanfa’at. Amiin
Ttd: Wong Edan Bagu
Pengembara Tanah Pasundan
Post a Comment