Sejarah kang Binuka Lumantar Prahara:
SAUPAMA ora ana ancamane Gunung Merapi sing bakal njeblug, mbokmenawa
Mpu Sindhok ora bakal nduwe krenteg mindhah punjering peprentahan menyang
laladan Jawa wetan. Saupama Sri Aji Jayabaya ora nduwe trekah ngeleb negara
Yawastina, mbokmenawa ratu saka Mamenang iku ora perlu liru kasendhal mayang
dening panguwasa kahyangan. Nanging sajake, kayadene pagelaran wayang kulit
sewengi natas, kudu ana gara-gara sing dadi pambukaning warana tumuju babarane
sejarah anyar.
Nglungani saka prahara sing dituwuhake dening Merapi. Iku
salah sijine panduga ngenani pindhahe keraton Mataram Kuna saka tanah Jawa
perangan tengah menyang iring wetan. Mpu Sindhok kang nduwe ada-ada.
Ora ngayawara. Jer yen nitik kahanane pepethan-pepethan
agung kayadene Candi Prambanan lan Candi Borobudur sing kinubur jero nganti
pirang-pirang abad lawase, bisa dikira-kira sepira gedhene prahara mau. Mbuh
njebluge Merapi sing njalari apa malah lindhu gedhe sing nyebabake, sing cetha
tilas-tilase peradaban mau meh wae ora disumurupi.
Ambruk sarta kependheme wangunan-wangunan liya, sing temene
nduwene kerta aji gedhe tumrap sejarah kabudayan Jawa, uga bisa dadi pratanda
manawa prahara sing nate tumama ing tanah Jawa iki ora mung pisan-pindho lan
cilik-cilikan.
Nanging kanthi prahara mau, Mpu Sindhok malah gumregah.
Dheweke nyoba nggelar sejarah anyar kanthi ngedegake Kerajaan Medhang Kamolan.
Kaya kang asring cinarita ing dedongengan dumadine aksara
Jawa, temene eksistensine Keraton Medhang uga mujudake pratandha eksistensi
peradaban sarta kabudayan Jawa. Sebab, laire aksara Jawa -uwal saka bener orane
sacara historis- uga mratandhani lan nggambarake sejarah mental hijrahe
menungsa Jawa saka kabudayan kang nengenake tradisi lisan tumuju marang tradisi
tulis.
Senajan ora jebles karo kuwi, gara-gara ing perangane
pagelaran wayang purwa nggambarake sakehing prahara sing tumama ing salumahing
bumi sakurebing langit. Wiwit saka "banjir bandhang walik watu"
nganti tumeka "bumi gonjang-ganjing langit kelap-kelip katon".
Biyen, akeh sing padha ngira, gegambaran mau mung munjudake
fantasi, asiling imajinasi. Nanging jebule keri-keri iki, kabeh mau tetela
gumelar ing donyane kasunyatan, dudu (mung) ing jagad pakeliran.
Nanging prahara ing gara-gara tetep wae ing mengkone bakal
sirep. Sakeheng prahara kapara tansah nukulake pengarep-arep manawa babakan
anyar, wektune wong-wong cilik bisa rengeng-rengeng sarta sesindhenan, saya
cepak tekane. Saya ndadra prahara iku, saya cedhak tekane ?jaman kencana-rukmi?
bebarengan karo jumedhule para pamomong sejati kang dadi ?pangone? satriya
tama.
Nanging crita Jawa uga aweh wewarah ngenani ora prayogane
dolanan utawa gawe-gawe prahara. Kebrananging ati panguwasa sing runtik
ndadekake Sri Aji Jayabaya tumindak kliwat wates kanthi nyipta prahara. Mula
bukane, putri-putrine kayata Pramesthi lan adhine, Susanti lan Sukesi, ginarwa dening
Prabu Purusangkara saka Yawastinapura saadhi-adhine. Nanging tanpa pawadan sing
maton, putri-putri mau dibalekake menyang Mamenang.
Iku sing ndadekake Jayabaya runtik atine, satemah nyipta
prahara. Keraton Yawastina digawe banjir bandhang walik watu, sing njalari ratu
sasentanane padha nemahi tiwas. Pikire Jayabaya, bisa males wirang lan serike
atine putri-putrine.
Nanging kabar ngenani prahara mau jebul ndadekna Pramesthi
kantaka, ora eling purwa duksina. Ora kurang rekadaya amrih sang putri enget, nanging
sekaring kedhaton tetep mbadal saka sakehing upaya.
Jayabaya munggah kayangan, minta nugrahaning dewa. Dewa
melehake sang nata sarta pratela bisa maluyakake Pramesthi kalamun Jayabaya
gelem sinendhal mayang. Jayabaya nyaguhi minangka panebusing dosa sarta kanggo
mbukak babak anyar sejarahe Mamenang, minangka sarana kanggo ngopeni turun,
kanggo kamulyane anak-putu. ... He he he . . . Edan Tenan. Salam Rahayu kanti
Teguh Slamet Berkah Selalu Lurr...
Semoga Bermanfa’at. Amiin
Ttd: Wong Edan Bagu
Pengembara Tanah Pasundan
Post a Comment