Sawang-sinawang:
TEMBUNG "sawang-sinawang" utawa
"wang-sinawang" iku tegese "sawang-sawangan" sing siji
nyawang sijine, sijine nyawang sing siji, si A nyawang si B, si B nyawang si A.
Tembung iku mratelakake menawa ing urip padinan wong liya iku kahanane kaya
luwih becik lan luwih kepenak katimbang dheweke, mangkono uga suwalike. Menawa
ana wong sing alok utawa ngresula wong kae kok luwih beja, luwih kepenak, luwih
seneng katimbang awake dhewe, padatan ditanggapi menawa wong iku rak mung
sawang-sinawang. Wong liya iku katone luwih beja, luwih kepenak, nanging wong
liya mau ya duwe pamawas mangkono menawa nyawang awake dhewe. Ana tetembungan
sing nyebutake menawa "rumput di halaman tetangga lebih indah daripada
rumput di halaman kita sendiri". Barang darbeke wong liya katon luwih
becik lan luwih pengaji katimbang barang darbeke dhewe. Panguripane wong liya
kaya-kaya luwih becik katimbang panguripane dhewe. Rasa-rumangsa kaya mangkono
iku bisa nuwuhake panalangsa, ora duwe pemarem lan panarima.
Panyawang kang luwih akeh tumuju marang tata lahir iku durung
mesthi benere. Lan maneh, wong siji lan sijine iku ora padha, dadi ora ana
piranti sing bisa kanggo ngukur kaluwihan utawa kesuksesane. Ana sing sugih
bandha nanging rumangsa ora beja marga ora duwe anak. Ana sing sugih, pangkate
dhuwur, nanging ora marem marga anake nakal-nakal lan ora ana sing rampung
sekolahe.
Ing kalanganing masyarakat Jawa ana wewarah menawa wong iku
aja ndhangak terus, kadhang-kadhang ya perlu ndhingkluk. Lire, aja mung nyawang
wong-wong sing tataran panguripane sandhuwurmu, nanging uga nyawanga wong-wong
sing tataran panguripane sangisormu. Yen mung nyawang marang wong-wong sing
sugih awake dhewe krasa mlarat; yen nyawang wong-wong sing luwih mlarat isih
rumangsa luwih beja. Iki ora ateges kok awake dhewe banjur rumangsa beja amarga
akeh wong sing luwih mlarat, nanging kanthi nyumurupi kanyatan mau kita banjur
duwe panarima, ora mung nelangsa terus.
Sing kurang becik yaiku menawa banjur jor-joran utawa
kompetisi kanthi sesidheman. Satemene kompetisi iku becik menawa kanthi mangkono
wong banjur cepet maju. Nanging kompetisi utawa perlombaan iku beda karo
jor-joran. Jor-joran iku kompetisi sing ora resmi lan ora ana yurine. Jor-joran
iku sok gawe ora kepenaking ati, amarga atine tansah goreh mikir kepriye carane
supaya ora kalah karo tangga-tanggane. Yen ana wong liya luwih sukses lan luwih
maju, atine banjur kebrongot lan ngupadaya aja nganti kalah karo wong liya.
Kebrongoting ati iku sing marakake ora tentrem. Tarkadhang amarga kepengin dadi
wong sing paling sukses, paling terhormat lan liya-liyane banjur golek dalan
trabasan sing nerak angger-anggering negara. Mula ana bae wong sing duwe omah
kaya istana, nanging sing duwe malah mung manggon ana lembaga pemasyarakatan.
Wong iku perlu nyawang wong liya, nanging ya aja gampang keblerengen
nyawang sing sarwa gumebyar. Sing katone gumebyar iku durung mesthi yen
gumebyar temenan lan bisa gawe tentrem lan nuwuhake rasa panarima. Manungsa iku
perlu ngudi murih panguripane luwih becik, nanging uga kudu bisa ngukur
kekuwatane dhewe. Wong iku kahanan lan kekuwatane beda-beda, kanthi mangkono
apa kang bisa kagayuh uga beda-beda. Manungsa iku kudu duwe panarima utawa
ngaturake suka sokur marang Pangeran. ... He he he . . . Edan Tenan. Salam
Rahayu kanti Teguh Slamet Berkah Selalu Lurr...
Semoga Bermanfa’at. Amiin
Ttd: Wong Edan Bagu
Pengembara Tanah Pasundan
Post a Comment