Sadrema Nglakoni:
MANUNGSA iku mung sadrema nglakoni. Lire, rehning wis
pinaringan urip, ya urip mau kudu dilakoni. Manungsa ngerti-ngerti wis dadi
bocah utawa manungsa cilik, marga nalika isih bayi durung ngerti apa-apa.
Manungsa ora bisa milih dilahirake sapa lan ana ngendi. Apa sebabe kok ora dadi
anak ratu utawa anak presiden, kok dadi anak petani. Manungsa ora bakal lan
bisa protes. Apa sebabe kok mung dadi anak petani mlarat, anak buruh kasar,
utawa anak nelayan, kok ora dadi anake wong sugih, anak konglomerat? Dilairake dadi
anake sapa bae ya ora ana sing protes, pokoke urip dilakoni.
Kepenak lan ora kepenak, manungsa iku nampa bageyane
dhewe-dhewe. Manungsa iku kadidene wayang, sing nasibe ana tangane Ki Dhalang.
Kaya paraga fiktif ing film utawa sinetron, nasibe wis tinulis ing skenario.
Banjur apa manungsa ora diwenangake ikhtiar? Apa manungsa
mung sadrema nglakoni apa sing digarisake ana skenario? Apa uripe manungsa iku
mung manut ilining takdir?
Bab-bab kang magepokan karo lahir, jodho, lan pati kaya-kaya
wis ginaris. Dene bab-bab liyane gumantung marang usahane wong siji lan sijine.
Dadi ana prekara sing bisa diikhtiari, nanging ya ana bab-bab sing gelem ora
gelem kudu dilakoni.
Sing diajab lan sing disesuwun marang Gusti iku mesthine ya
sing apik-apik. Kulawarga sing nandhang lara ya disuwun supaya diparingi waras.
Yen ana bencana alam ya disuwun tetep slamet. Manungsa wenang nyenyuwun, naing
ora wenang nemtokake. Bisa bae sing lara ora waras, sing kena bencana alam ora
slamet. Banjur pepuntone: manungsa mung sadrema nglakoni, kabeh mau ana ing
astane Sing Gawe Urip.
Tetembungan iku mengku teges menawa uripe manungsa iku ora
uwal saka pepesthen. Sabanjure, kanthi nyadhari anane pepesthen mau sesanggane
manungsa dadi luwih entheng. Manungsa mung sadrema, kayadene wayang sing nasibe
wis katemtokake ing pakem pedhalangan. Gatotkaca wis ginaris nemoni tiwas ing
prang Bratayuda, mangkono uga Abimanyu utawa Angkawijaya.
Manungsa kudu tawakal nampa pacoban saka Sing Gawe Urip.
Manungsa iku ora uwal saka papesthen, mula ya ora ana cara liya kajaba kanthi
ikhlas nampa papesthen mau.
Ana lara ana usada, nanging ora ateges saben lara bisa
diusadani. Yen panyuwune ya bisaa bali waras maneh, nanging kabeh mau wis
ginaris ing papesthen. Sing lara ora bali waras malah bali ing alam
kalanggengan. Manungsa pancen mung sadrema nglakoni. ... He he he . . . Edan
Tenan. Salam Rahayu kanti Teguh Slamet Berkah Selalu Lurr...
Semoga
Bermanfa’at. Amiin
Ttd: Wong Edan Bagu
Pengembara Tanah Pasundan
Post a Comment