Pamrih:
TEMBUNG ''pamrih'' nduweni teges 'tujuwan' utawa
'pangarep-arep ngenani pikoleh kang bakal ditampa'. Tembung pamrih iku ngemu
teges kang kurang becik utawa ''negatif'', beda karo tujuwan, gegayuhan, utawa
cita-cita. Pamrih iku pangarep-arep ngenani kauntungan utawa pikoleh tumrap
awake dhewe. Pamrih iku adate didhelikake utawa ditutupi nganggo tujuwan kang
katoni becik utawa luhur. Upamane calon wakil rakyat kandha menawa olehe
kepengin dadi anggota DPR iku arep berjuwang kanggo mbecikake nasibe rakyat
cilik. Kuwi tujuwan sing dikatonake utawa sing dijanjekake, nanging ing sisihe
kuwi ana tujuwan liya utawa pamrih liyane sing mesthi bae ora kawarak-warakake.
Pamrih iku dudu motivasi intrinsik, nanging motivasi
ekstrinsik. Lire pamrih iku ora langsung magepokan karo kalungguhan kang
digayuh. La yen pamrih utawa motivasi ekstrinsik mau ora kaleksanan, wong mau
banjur kelangan greget utawa ora duwe semangat. Yen pamrihe golek kalungguhan
mau supaya bisa sugih, mangka nyatane sawise oleh kalungguhan ora sugih, wong
mau banjur nglokro, marga sing dipurih ora kok kalungguhane nanging kasugihane.
Ana wong sing sreget nyambutgawe supaya narik kawigatene ndhuwurane banjur
pangkat utawa penghasilane diundhakake. Olehe sregep nyambutgawe ya mung nalika
isih duwe pamrih, yen pamrihe wis kecekel, wong mau bisa ora sregep maneh.
Ing kalanganing bebrayan Jawa ana tetembungan utawa sesanti:
''Sepi ing pamrih rame ing gawe''. Sepi ing pamrih iku tegese adoh saka pamrih
saora-orane ora ndhisikake pamrihe. Dene rame ing gawe tegese ngepengake olehe
nindakake kuwajibane. Sepi ing pamrih rame ing gawe iku ngepenake olehe
nindakake pakaryan, dene pituwase iku klebu nomer loro. Motivasi intrinsike
pancen kepengin nyambutgawe ing babagan kang disenengi utawa ing babagan kang
dadi bidang keahliane. Sokur pagaweyan mau bisa menehi penghasilan sing
nyukupi, dene ana kurange sethithik ya ora dadi apa.
Kanggone jaman saiki, kaya-kaya sesanti mau wis ora cundhuk
utawa wis ora cocok maneh. Ngendi ana wong nyambutgawe ora ngarep-arep
pituwase? Selagine wong wewen bae duwe pamrih supaya diwenehi genten. Wong
nyumbang tangga utawa kenalan sing lagi duwe gawe kanthi pamrih supaya suk nek
duwe gawe disumbang genten. Sawijining perusahaan gelem nyeponsori kegiatan
olahraga utawa kesenian amarga kanthi mangkono perusahaan mau dadi populer
utawa ditepungi dening wong akeh. Dadi sponsor iku meh ora beda karo pasang
iklan.
Ing masyarakat modern iki ora ana barang utawa jasa kang
bisa ditampa kanthi lelahanan utawa gratis. Sing jenenge bantuwan bae uga
dikantheni jenenge wong, bebadan, utawa perusahaan kanthi tulisan sing
gedhe-gedhe supaya pihak sing mbantu tambah popularitase. Pancen terkadhang ya
ana siji loro wong kang aweh bantuwan nanging ora gelem disebutake jenenge.
Apa ana wong sing sepi ing pamrih? Sing akeh-akeh apa ora
malah rame ing pamrih sepi ing gawe? Pituwase didhisik-dhisikake dene gaweyane
ya mengko ditindakake samurwat karo pituwase. Berkorban iku wis dudu jamane,
wong rakyat sing dadi korban wis akeh. Banjur kepriye mungguh cak-cakane
sesanti ''Sepi ing pamrih rame ing gawe''? Kepriye carane supaya kabeh pada
bekerja keras utawa rame ing gawe? Keh-kehaning wong pancen ya padha ngetung
pituwase. Sing perlu ngedohake saka pamrih, nggugah motivasi intrinsik ngedohi motivasi
ekstrinsik. Guru iku kuwajibane ndhidhik lan nggulawenthah para mudha supaya
dadi generasi sing unggul lan tangguh. Wakil rakyat iku sesanggemane makili lan
''memperjuangkan'' kepentingane rakyat sing diwakili. Penegak hukum iku ayahane
njaga jejege hukum lan warataning keadilan. Tujuwan utawa motif kang uwal saka
bab sing dadi ayahane, iku sing dijenengake pamrih. Upamane dadi guru sing
sregep kareben dipek mantu kepala sekolahe. Dadi anggota DPR marga kepengin
sugih lan bisa wira-wiri nglencer nyang luwar negeri; Dadi polisi supaya
diwedeni wong akeh; lan sapanunggalane.
Pamrih iku beda karo tujuwan. Pamrih iku sifate negatif dene
tujuwan iku positif. Tujuwan iku ana sambung rapete karo kalungguhan lan
ayahane, dene pamrih iku sifate subjektif individualistis, mung golek
kauntungane dhewe.
Para narapraja, wakil rakyat, guru, penegak hukum lan
sapanunggalane nalika nindakake ayahan perlu nengenake tujuwan lan ngiwakake
pamrih. Yen pamrihe digedhek-gedhekake bisa gawe rugining negara. Ya pamrih kang
digedhek-gedhekake iku kang gawe subur lan warataning korupsi. Kepriyea bae,
sesanti ''Sepi ing pamrih rame ing gawe'', iku isih perlu diugemi. ... He he he
. . . Edan Tenan. Salam Rahayu kanti Teguh Slamet Berkah Selalu Lurr...
Semoga
Bermanfa’at. Amiin
Ttd: Wong Edan Bagu
Pengembara Tanah Pasundan
Post a Comment