Ora Butuh Jalma Linuwih:
APA tegese pinter yen mung kanggo minteri wong liya? Apa
tegese sekti mandraguna yen kasektene mung kanggo sesongaran, kepara nyilakani
liyan? Apa tegese sugih bandha-bandhu yen mung kanggo gawe merine sing ana ing
kiwa-tengene? Ateges janma linuwih iku ora dibutuhake maneh?
Mengko dhisik. Kepinteran, kasekten, lan kesugihan pancen
mujudake tandha-tandha kaluwihaning manungsa. Sok sapaa kang nduwe kepinteran
luwih saka liya-liyane, mesthi bakal ingaranan wong wasis. Mula wong kaya mangkono
iku pantes dadi paran pitakonan lan bisa diarep-arep bisa ngudhari sakehing
perkara.
Kuwi yen bener panganggone. Yen ora pener, bisa tiba ing
kosok balen.
Dene kanthi kasekten, wong ora mung dadi luwih percaya
dhiri, nanging uga bakal gawe wedine mungsuh lan sengseme kanca-rowang. Mula
wong banjur padha ngudi piye bisane sekti. Ana kang kanthi gladhen amrih saya
limpad lan rosa, nanging uga kanthi nambah kekuwatane jiwa.
Emane, kasekten iku akeh-akehe kandheg ing babagan atose
balung wulete kulit. Mula banjur ana sesebutan sekti mandraguna tinatah mendat
jinara menter ora tedhas tapak palune pandhe sisane gurinda utawaditumbak lakak-lakak dibedhil
mecicil.
Nanging kasekten ing tata lair mau adhakane bisa
njlomprongake marang sing kedunungan dadi nduwe ambeg kumalungkung, sapa sira
sapa ingsun. Kasekten pancen bisa marakake wong dadi sesongaran lan hawane mung
golek mungsuh.
Mulane kasekten lair wae ora cukup. Kudu linambaran sektine
batin. Iku kang bisa diarep-arep bakal ngeker marang hardaning kanepson, meper
marang krenteg sesongaran.
Dene kanthi bandha, manungsa temene luwih jembar tebane
anggone bakal tumindak. Kanthi bandha, manungsa bisa asung boga marang kang
kaluwen. Nanging sok-sok kanthi bandha iku, wong banjur nguja maksiat batin kanthi rumangsa entuk hiburan yen bisa weweh marang kang
kaluwen tanpa ngrekadaya amrih bisanesing keluwen†kuwawa
dhewe ngupaya upa. Pemberdayaan, istilahe saiki.
Sing luwih cilaka maneh yen bandha iku malah njalari dadi
lali marang purwa duksina. Bandha marakake dwong dadi ngangsa uripe.
Mulane sapada tembang gambuh kang nganti saiki isih kerep
diwulangake ing sekolah unine mangkene: Wonten pocapanipun/ adiguna adigang
adigung/ pan adigang kidang adigung pan esthi/ adiguna ula iku/ telu pisan mati
sampyuh. Dene sing apik kuwi yen bisa guna ing aguna tan ngendhak gunaning
janmi.
Manungsa kang ganep apa-apane mau banjur kaprah diarani
janma limpad seprapat tamat.
Timbule Skeptis;
Banjur, apa sebabe nganti muncul pratelan-pratelan retoris
tur ngemu rasa skeptis kaya mangkono mau? Muncule pratela mau temene ora uwal
saka kanyatan kang gumelar. Kanyatan kang sarwa nguciwani.
Ora beda kang nate kababar dening RNg Ranggawarsita ing
Kalatidha: ratune ratu utama/ patihe patih linuwih/ pra nayaka tyas raharja/
panekare becik-becik/ parandene tan dadi/ paliyasing Kalabendu/ mandar mangkin
andadra....
Pranyata jalma linuwih
ing barisane para pangreh praja iku ora bisa dadi jaminan kahanan negara bakal
dadi tata tentrem kerta tur raharja. Sanajan sakabehe klebu jama kinacek,
nanging yen cak-cakane ora pener, tetep saya ndadra kahanane.
Kosok baline, dudu crita carangan yen ana sawijining panguwasa
sing olehe maca teks bapak2 ibu2 wae dadi
bapak dua ibu dua, nanging jebul angone nglumpukake pendapatan asli daerah
(PAD) luwih dhuwur tinimbang panguwasa sadurunge sing jarene kalebu sarjan
sujaneng budi.
Pancen butuh wong pinter, nanging dudu sing kuminter, apa
maneh minteri. Ora ana gunane yen kepinterane mau mung kanggo ngapusi liyan.
Mulane banjur ora mokal yen ana sawenehing ajaran kang
jumurang marang para panggilute supaya dadi manungsa kang cubluk mbalilu wae.
Sebab kanthi mangkono, temene manungsa bakal tansah nglenggana marang purwaning
dumadi, rumangsa manawa satemene dudu apa-apa lan dudu sapa-sapa. Kurang luwih
paralel karo pratelen sing ngandhakake manawa saya akeh sing disinau temene
saya akeh sing ora dimangerteni.
Mulane uga piwulang Sasrakartanan mratelakake supaya
sabisa-bisa manungsa iku sekti tanpa aji, sugih tanpa bandha lan sapiturute.
Piwulang mangkene iki uga laras karo gambarane manungsa kang sakeplasan katone
kebak paradoks. Ora mung punjul ing apapag, mrojol ing akerep, nanging uga
dhisik tan nglancangi, dhuwur tan ngungkuli.
Ewasemono, tetep ana gegeran kanggo nemtokake pilihan. Ora
kurang, Serat Wulangreh uga wis asung pituduh kepriye dhasare lamun golek imam
kuwi. Ora liya: lamun sira anggeguru kaki/ amiliha manungsa kang nyata/ ingkang
becik martabate/ sarta kang wruh ing ukum/ angibadah lan kang ngirangi/ sokur
oleh wong tapa/ ingkang wus amungkul/ tan mikir pawewehing lyan/ iku pantes
sira guronana kaki/ sartane kawruhana.
Mula saiki, kang dibutuhake dudu dudu jalma linuwih yen
kaluwihane mau mung kango ngungkul-ungkuli. Dudu manungsa linuwih, yen
kaluwihane mung kanggo ngasorake lan nyengsarakake sapepadha-padhane tumitah.
Cethane, kang dibutuhake dudu tekane kawula kang
kumratu-ratu, nanging ratu kang kumawula. Persis karo sing kaimpun ing sipat
wolu kayadene ing astabrata. Kanthi nduwe sipat-sipat kayadene segara, angin,
srengenge, lan sapiturute, temene manungsa iku bakal nduwe teges lan dibutuhake
marang sakabehe kang tumitah. Kanthi samadya, temene manungsa uga ora kurang
maknane, tumrap sapepadha-padhane, luwih-luwih kanggo sing dipimpin. ... He he
he . . . Edan Tenan. Salam Rahayu kanti Teguh Slamet Berkah Selalu Lurr...
Semoga Bermanfa’at. Amiin
Ttd: Wong Edan Bagu
Pengembara Tanah Pasundan
Post a Comment