Ora Ana Angka sing Ala!
KENA-KENA wae padha nduwe keyakinan manawa ana angka sing
nggawa hoki. Kena-kena uga padha ora percaya manawa ana angka sing njalari
kesialan. Nanging petung cara ngendi wae bisa dadi ora ana tegese yen pembenaran tumrap angka sing ditampa luwih ditengenake.
Sumangga disemak maneh pratelane para pasangan calon
gubernur Jawa Tengah nalika entuk nomer urut calonan saka pengundiane Komisi
Pemilihan Umum Daerah, durung suwe iki.
Pasangan Sukawi Sutarip-Sudharto kang dicalonake Partai
Demokrat lan PKS entuk kesempatan sepisanan njupuk nomer undian. Pasangan iki
entuk nomer urut 3. Apa pratelane? Telu iku mapan ing tengah. Saben mripat
mesthi weruh sauger mbukak kertas swara.
Sabanjure Agus Soeyitno-Abdul Kholiq Arief sing dijagoake
dening PKB entuk kesempatan kaloro kanthi nomor urut 2. Loro iku victory.
Kemenangan, mengkono pasangan mau negesi.
Dene duet Muhammad Tamzil-Abdul Rozaq Rais, sing dicalonkan
dening PPP lan PAN lan entuk giliran katelu, nganthongi nomer urut 5. Lima iku
keri-keri. Sing wis-wis, nomer pungkasan iku malah sing menang.
Pasangan Bambang Sadono-Muhammad Adnan sing dadi jagone
Partai Golkar entuk gilirane sabanjure. Pasangan iku entuk nomer urut 1. Siji
gampang dieling-eling, ucape Bambang.
Bibit Waluyo-Rustriningsih sing ajokake dening PDIP mujudake
pasangan sing keri dhewe gilirane njupuk nomer. Mesthi wae ora ana pilihan
liya, kejaba njupuk kertas sing ing jerone tinulis angka 4. Papat iku kursi.
Dadi, wis pas kuwi, pratelane Bibit.
Kena wae Panjenengan ngarani kabeh mau mung waton muni utawa
dipek benere dhewe. Kena. Nanging temene ing suwalike pratelan-pratelan mau,
gampang didumuk motife. Tumrap dhiri pribadi, iku mujudake motivasi,
saora-orane kanggo ngeyem-yemi. Kejaba saka iku uga mujddake pengarep-arep.
Dene saking gedhene pangarep-arep, mula kekurangan apa wae upamane ana” banjur
bisa diowahi dadi keunggulan utawa nduwe nilai positif.
Tumrap wong liya, pratelan mau temene uga minangka persuasi.
Persuasi supaya wong liya padha kengguh utawa kepranan, satemah nindakake
jumbuh karo sing dikarepake pasangan kasebut.
Ewasemono, ing sewalike pratelan mau sejatine ana pengakuan
manawa angka kang dadi nomer urute calonan temene dudu tandha sing tanpa teges.
Angka dianggep (wis) nduwe teges, mula banjur dianggep perlu ditegesi (maneh)
utawa teges sing wis ana lan lumrah dingerteni dening masyarakat dikukuhake.
Nanging kabeh mau tetep malik marang pertimbangan siji iki: anggere tibane
nguntungake awake dhewe.
Senajan upaya negesi angka iku bisa beda antarane wong siji
lan sijine, antarane golongan siji lan sijine, klebu antarane bangsa lan
sijine, temene kabudayan kang gepok senggol karo angka iku mujudake gejala sing
asipat universal. Tegese, ora mung duweke wong Wetan wae, uga dudu duweke wong
Kulon wae.
Tinggalane Pythagoras;
Angel ditlesih kathi gumathok wiwit kapan fenomena
kapercayan marang kekuwatan angka lan becike mau thukul. Nanging, Pythagoras
kang mujudake sawijine seniman, filsuf, lan uga guru saka abad ke-6 sadurunge
Masehi, kanthi ora langsung wis jumurung marang pendhereke nglairake pemahaman
anyar, yaiku numerologi.
Pythagoras duwe panemu manawa alam sambung rapet karo
matematika. Dene sembarang kalir kang ana ing sajerone mujudake angka. Kanthi
ngonversekake saben unsure alam dadi angka, upaya kanggo mahami sifat alam raya
uga banjur saya gampang.
Kanthi cara iki, bisa ditemoake urutan lan keteraturan ing
suwalike maneka sipat liar fenomena alam lan chaos kang ditimbulake. Uga maneka
warna pengaruh apik saka jaba sing uga dirasaake ing saben wong.
Prinsip Pythagoras, sing sabanjure ngrembaka dadi dhasare
numerologi Kulon, cenderung milih angka kanthi tetimbangan jumlah variasi sing
tanpa winates. Meh padha karo fenomena alam. Mung wae, angka nduwe sipat
keteraturan sing logis.
Implikasine, manungsa sing uga perangane alam atages
samurang uripe sing nglimputi, kayadene karakter lan takdire, uga bisa
dipratelaake kanthi angka, sing banjur dadi salah siji ing antarane prinsip
dhasar numerologi. Numerologi ora mung digunaake kanggo nemtokake watak lan
nasib, nanging uga supaya wong bisa nglakoni dalane urip kanthi luwih gampang,
gangsar, lan kasil sedyane.
Ing tradisi Jawa, kanthi kawruh petung, primbon, lan pawukon
lan sabangsane, numerologi entuk papan kang murwat. Kapara, yen ditandhingake
karo petung ngendi wae, petung Jawa kegolong luwih dening jlimet. Iku durung
yen ngelingi anane aneka warna versi.
Nah, yen nggatekake marang manekawarnane versi, ateges
maknani angka iku pancen ora tunggal. Fenomenane bisa padha, nanging ketemune
angka bisa beda. Semono uga angkane bisa wae padha, nanging olehe negesi lan
merdeni tibane slenca.
Yen mangkono, angka sing manut sawijine kalangan iku mengku
teges ala, ing kalangan liya bisa tiba kosok balen. Angka kang ing kalangan
sijine dianggep apik, ing kalangan liyane maneh ala.
Angka pancen bisa dadi cekelan. Nanging kebutuhane
masyarakat modern marang cekelan-cekelan ing satengah-tengahe arus sarwa ora
mesthi, rasa ora percaya marang kekuwatane dhewe, marang masa depane, jalaran
mengkono cepete kahanan bisa ngalami owah gingsir.
Nanging, kanthi nggatekake manekawarnane paham mau, cetha
manawa kabeh angka kuwi nduwe potensi apik. Ora ana angka sing ala. Sebab, ala
lan becik iku ora gumantung ing angka iku dhewe nanging uga uga niyat kang
mengkoni.
Cetha, numerologi iku digawe ora kanggo meden-medeni marang
sing percaya lan gelem ngecakake. Numerologi genah kanggo nyiptaake rasa
tentrem. Mula sing luwih wigati, mesthi wae, kepriya nanggapi angka-angka sing
ana kanthi optimistis bebarengan karo nyawang apa wae kanthi positif. ... He he
he . . . Edan Tenan. Salam Rahayu kanti Teguh Slamet Berkah Selalu Lurr...
Semoga Bermanfa’at. Amiin
Ttd: Wong Edan Bagu
Pengembara Tanah Pasundan
Post a Comment