Ngundhuh Wohing Penggawe:
ANA tetembungan sing unine "Sapa sing nandur bakal
ngundhuh". Unen-unen iku ana sambung-rapete karo "Ngundhuh wohing
penggawe" utawa "ngundhuh wohing pakarti". Lire, kahanan sing
disandhang saiki ora uwal saka penggawe utawa pakarti sing wis ditindakake.
Kahananing urip, bungah susah, begja cilaka, sugih mlarat, kabeh mau
keh-sithike mujudake wohing pakartine dhewe.
Apa kabeh sing nandur iku mesthi ngundhuh? Lha nek tandurane
ora thukul, sawahe puso, apa sing bakal diundhuh? Yen sing ditandur penggawe
sing ora becik adate bakal ana wohe; yen sing ditandur iku kabecikan durung
mesthi wohe bakal dirasakake. Sing ngundhuh ora mesthi sing nandur, tarkadhang
sedulur utawa anak putune. Tumindak becik utawa nandur kabecikan kuwi apike
kawawas minangka kewajiban, dadi ora perlu diarep-arep pituwase.
Pakarti kang ora becik iku mesthi ana undhuh-undhuhane. Mula
manungsa iku kudu bisa mawas dhiri, pakarti apa bae sing wis katindakake sing
undhuh-undhuhane bisa gawe ora kepenaking uripe. Kanthi mangkono manungsa ora
bakal gampang nyalahake wong liya, nyalahake nasib, nyalahake takdir, sing
ateges uga nyalahake Sing Gawe Urip.
"Sing sapa salah seleh", tegese sapa sing tumindak
culika iku bakal nemu kasangsaran. Manungsa iku percaya menawa Gusti Allah iku
Mahaadil. Manungsa percaya menawa ana hukum sing luwih adil ing sandhuwuring
hukum negara utawa masyarakat. Saben negara duwe pranatan utawa hukum
dhewe-dhewe. Hukum gaweyane manungsa iku tarkadhang kurang adil, luwih-luwih
cak-cakane. Pidana kang kapatrapake tarkadhang sok ora samurwat karo
kaculikane. Sogok-sogokan utawa suap-menyuap wis kaprah ing proses pengadilan.
Sing diarani "mafia peradilan" iku dudu mitos utawa critra kang
ngawayara.
Hukum sing luwih adil yaiku hukum alam, hukum karma, hukum
gaweyane Sing Mahaadil. Senajan manungsa bisa ngendhani pamidanane hukum
negara, manungsa ora bisa uwal karo Mahahukum gaweyane Sing Akarya Jagat.
Asring ditembungake menawa "Gusti Allah iku ora sare", lire sakabehing
tumindak ala lan becik iku tansah kapirsan. Ananing Gusti Allah iku uga
"Maha Pengampun". Sakabehing dosa iku yen wis disadhari, diakoni, lan
sabanjure wong mau mertobat, mesthi bae bakal pinaringan pangapura.
Tetembungan "Ngundhuh wohing penggawe" iku bisa diarani
"kearifan lokal" utawa kawaskithaning masyarakat Jawa anggone merdeni
lan mahami urip lan panguripane. Dadi, sumbering undhuh-undhuhan iku dumunung
ana pakartine dhewe, mula manungsa kudu tansah ngati-ati nalika tumindak utawa
makarti.
Apa sakabehing panandhang iku asale mesthi saka pakartine
dhewe? Apa lindhu gedhe, tsunami, lendhut panas sing nuwuhake panandhang tumrap
sebageyan masyarakat Indonesia uga mujudake wohing pakarti? Dosa utawa pakarti
ora becik apa sing nuwuhake panandhang mau? Nalika pemerintah ngundhakake rega
bahan bakar minyak (BBM) sing tambah gawe rekasane rakyat, yen petani rugi
marga pamarentah ngimpor beras, iku apa ya rakyat cilik utawa petani sing dosa?
Pakarti iku ana sing sifate "makro" ana sing
sifate "mikro", ana sing sifate kolektif, ana sing sifate pribadi.
Pakarti ora becik utawa dosa iku ana sing arupa dosane wong akeh, dosane
negara, dosa turun-temurun, lan dosa pribadi. Dosa sing kaya ngono mau
tarkadhang sing ora melu-melu ya katut ngundhuh; dadi, ora pilih-pilih, sapa
bae ngundhuh wohe. Ananing proses mau durung rampung, sifate isih sementara.
Sabanjure mbokmenawa ya mung sing makarti sing ngundhuh wohe.
Sakabehing tumindak iku kudu dipetung utawa
dilimbang-limbang kanthi premati, awit kabeh mau sing bakal ngundhuh ora liya
ya awake dhewe. ... He he he . . . Edan Tenan. Salam Rahayu kanti Teguh Slamet
Berkah Selalu Lurr...
Semoga Bermanfa’at. Amiin
Ttd: Wong Edan Bagu
Pengembara Tanah Pasundan
Post a Comment