Nglegena lan Taling-Tarung:

TUMRAPING aksara Jawa, nglegena iku tegese tanpa sandhangan: tanpa suku, tanpa wulu, tanpa pepet, tanpa taling-tarung. Tembung-tembung ing abjad Jawa (hanacaraka) kabeh nglegena. Dhene aksara kang kaapit ing taling-tarung, wis ora nglegena maneh diwaca kadidene konsonan lan vocal o, upamane soto, loro. Dadi ing basa Jawa aksara nglegena lan aksarasing nganggo taling-tarung ku ora padha tegese: lara beda karo loro, cara beda karo coro.

Ing basa Indonesia swara nlegena iku ora ana, sing ing basa Jawa iku nglegena ing basa Indonesia dadi a, contone bata (basa Jawa) bata (basa Indonesia), rata (basa Jawa) rata (basa Indonesia). Swara nglegena ing basa Indonesia mung tinemu ing tembung sono ing tetembungan sejak dari sononya.

Tembung-tembung basa Jawa kang nganggo aksara nglegena ing basa Indonesia ditulis nganggo o, upamane jeneng-jeneng kaya Soekarno, Soeharto, Susilo. Aksara o ing tembung tembung mau ora diwaca kadedene taling-tarung, nanging kaya aksara nglegena.

Jenenge kutha-kutha ing basa Jawa diindonesiake upamane Surabaya (Jawa) dadi Surabaya, Ngayogjakarta (Jawa) dadi Yogyakarta (Indonesia). Sing ucapane dadi salah yaiku Solo, rehning ing basa Indonesia nganggo o banjur diwaca Solo (taling-tarung), kamangka sing bener nglegena.

Ing basa Indonesia ora ana vokal a (nglegena), kosokbaline ing basa Jawa vokal a iku sing akeh-akeh mung mujudake owah-owahan saka aksara a (nglegena). Vokal a nglegena iku yen dumunung ana wanda sigeg banjur dadi a, upamane: ana-anane, rasa-rasane. Dhene a (nglegena) sing ana wanda kapisan uga katut dadi a. Miturut ilmu basa (linguistik) a iku sing akeh-akeh mung mujudake alofon saka vokal a (nglegena) sing distribusine komplementer (padha-padha ngganepi). Nanging a iku uga mujudake fonem dhewe, amarga amba (saya) iku bedaha karo amba (luas). Malah saiki jeneng-jeneng Jawa iku akeh kanh nganggo vokal a, kayata: Farida, Aditya, Denada, Alda, lan sapanunggalane.

Sing kerep salah olehe ngucapake iku yen ana jeneng utawa tembung sing ngangoo vokal o lan a (nglegena), umpamane Santoso, Saroso, prayogo, amarga ing basa Indoesia a (nglegena) lan o (taling-tarung) ora dibedakake.

Nalika upacara pengukuhane Prof Dr dr Hardhono Susanto, PAK (K) dadi Guru Besar Fakultas Kedokteran Undip para tamu oleh suvenir sing ana tulisane nganggo aksara Jawa. Bab iku perlu oleh pakurmatan awit Guru Besar Fakultas Kedokteran mau wis aweh kawigeten mirunggan marang aksara Jawa sing umume wis padha dilalekake. Ya mung rehning kabiasaan nulis jeneng Jawa ing basa Indonesia aksara a (nglegena) ditulis nganggo o mula panulise jeneng nganggo aksara Jawa mau rada kurang trep. Ha-layar + dha-taling-tarung + na-taling tarung. Taling-tarung iku yen ing basa Jawa mujudake sandhangan sing mbedakake karo aksara nglegeno upamane: lara (nglegena) sakit karo loro (taling tarung) dua, sata (nglegena) tembakau karo soto (taling tarung) soto. Dadi sing bener ha-layar + dha-nglegena + na nglegena; Dene sing nulis kolom Blencong iki sa-suku + ja-layar + wa-nglegena. . ... He he he . . . Edan Tenan. Salam Rahayu kanti Teguh Slamet Berkah Selalu Lurr... 

Semoga Bermanfa’at. Amiin
Ttd: Wong Edan Bagu

Pengembara Tanah Pasundan