NALIKA "sing dikudang mrucut saka embanan", sing
ana mung rasa getun. Nalika sing diangen-angen, kasunyatane tiba ing kosok
balen, sing kari mung rasa keduwung. Bareng karo kuwi, pol-pole kedale lisan ya
mung bisa, "Ngertiya ngono...."
Wis akeh conto ngenani bab kuwi, keri-keri iki. Bocah sing
bebasan durung ilang pupuk lempuyange, sing mengkone digadhang-gadhang bisa
nyambung sejarahe wong tuwa, bisa mikul dhuwur mendhem jero, jebule tega
ngendhat tali murda amarga rumangsa ora saguh nampa panyendhune liyan awit ora
lulus ujian. Ya, perkara sing temene empreh lan ora angel digolekake dalan
liya, nanging dianggep minangka pratandha wis kiyamat lan enteke pengarep-arep.
Ana maneh bocah sing dianggep meneng, mbangun miturut marang
wong tuwa, lan tata trapsilane ora kurang ing saben dinane, nanging nyatane
mentala tumindak culika. Utawa, bocah wadon sing ing tata lair nduwe patrap
kaya mangkone, jebule nyolong pethek: durun omah-omah wis kudu "nggendhong
bocah".
Kabeh mau, mesthi wae ora mung njalari rasa dhuhkita tumrap
wong tuwane, nanging uga rasa cuwa sarta getun-keduwung. Getun, yagene nganti
kecolongan ilange masa depan tumrap si bocah.
Nanging yen wis kebacut, arep dikapakna maneh. Ibarate sega
wis dadi bubur, sengara bisa baline. Apamaneh yen pancen wis ginaris ora gelem
"dimong" maneh. Aluwung ngempakake patrap kaya kang kaweca ing
Wedhatama: "lila lamun/ kelangan nora gegetun/ trima yen kataman/ saserik
sameng dumadi/ trilegawa nalangsa srah ing Bathara".
Sabar, narima, lan lila legawa, klebu mupus marang pepesthen
linambaran pasrah sumarah mring purbaning Kang Kuwasa, pancen patrap kang luwih
dening utama tinimbang tumindak-tumindak liya kang bisa gawe kapitunan.
Kapitunan tumrap dhiri pribadi, apa maneh kapitunan tumrap liyan. Kapitunan
sing tundhone malah bisa nuwuhake rasa getun keduwung liyane.
Nanging rasa cuwa, getun, lan keduwung iku anane dudu tanpa
sebab. Ora bisa, tanpa udan-angin ibarate, ujug-ujug getun, apa maneh dumadakan
rumangsa keduwung.
Mulane sebab musabab thukule rasa kasebut prelu ditlesih,
perlu diwiyak, sarta dingerteni. Pamrihe, kejaba kanggo ndunungake dhodhok
selehe perkara, uga kanggo pancadan ing tembe buri supaya ora bakal mbaleni
maneh, ora bakal cuwa sarta getun-keduwung sing marambah-rambah.
Nanging luwih saka kuwi, getun keduwung tiba buri iku
yektine tanpa piguna. Ora ana paedahe, kejaba mung nglelara ati, yen ora malah
gawe swasana sing wis ora nyenengake dadi sangsaya ora karu-karuwan. Banjur?
Antisipatif;
Ana unen-unen "sapa nandur ngundhuh". Apa kang
saiki kapethik, temene mujudake woh saka tandurane tumindak sadurunge, embuh
akeh embuh sethithik; embuh gedhe embuh cilik. Tandurane dhewe, dudu tandurane
sapa-sapa, mula ora prelu ngluputake sapa-sapa kalamun wohing tanduran iku
jebul ora nyenengake ati.
Mulane uga, supaya sing thukul lan ngrembaka iku dudu woh
kang arupa gela , getun, sarta keduwung, sabarang kalir kang bisa ngloropake
mrono, prayoga diendhani sarta didohi.
Pancene ana prakara-prakara kang dadi kekerane jagad,
luwih-luwih ing babagan rejeki, jodho, lan tibane pepesthi. Ewasemono, manungsa
tansah diwenangake mbudi daya. Mbudi daya amrih uripe luwih apik, mbudi daya
amarga Gusti temene ora bakal ngowahi nasibe bangsa utawa manungsa sauger
bangsa utawa manungsa kasebut ora nduwe krenteg kanggo ngowahi dhewe nasibe.
Semono uga gegayutan karo rekadaya amrih ora cuwa-gela sarta
getun-keduwung tiba buri. Waspada, awas, sarta eling ing sabarang kalir,
senajan keprungu wis klise tembung-tembunge ing jagad "Jawa", nanging
yektine dadi pambukane warana kanggo ngawekani bab iki.
Lire mangkene. Tembung saklimah, tindak sapecak kudu tansah
linambaran pikir kang wening, rasa kang sumeleh, sarta karep kang manteb -tan
malang tumoleh. Muna-muni ora angger, nanging kudu linambaran menebing budi,
dudu nepsu kang makantar-kantar.
Geneya mengkono? Ing bab tembung saklimah, aja dikira ora
gedhe pangaribawane. Akeh dedongengan sarta crita Jawa kang ngandharake daya
perbawane tembung saklimah sing bisa ndadekake getun keduwung tiba buri.
Merga kesurung saka rasa jengkele, jalaran Rara Jonggang
nampik digarwa amarga reca sarta candhi sing kudune digawe sawengi ora ganep
sewu, Bandung Bandawasa nganti kewetu ucape marang Rara Jonggrang. "Yen
ngono, genepe kowe." Sakala, Rara Jonggrang ora bisa obab maneh jalaran
dadi reca, nggenepi sing sangang atus sangang puluh sanga dadi sewu. Meh padha
karo kuwi, ipat-ipate ibune Malin Kundang marga si anak ora gelem ngakoni
simboke mula diipat-ipati dadi watu.
Nanging crita loro mau paha ending-e, rasa Cuma, getun, lan
keduwung jalaran ketrucut unine.
Ketrucut omongan sing nyebabkan rasa gela sarta getun-keduwung
uga dialami Arjuna nalika munggah kahyangan. Amarga dianggep gedhe lelabuhane
dening dewa, panengahe Pandhawa iku entuk nugraha arupa panyuwun kang bakal
dipinangkani dening jawata. Tenan, sing disuwun kamenangan sarta keslametane
Pandhawa mengkone ing Baratayuda. Mung kuwi.
Semar sing dadi pamomonge, temene wis asung sasmita. Nanging
Arjuna orang tanggap, nganti sawise "lawange kanugrahan" ditutup,
Semar celuluk, "Kok Ndika boten nyuwunaken keslametanipun para putra,
Den?"
Wangsulane Arjuna, "Yen ngono, apa putra-putra Pandhawa
bakal nemahi pati ing Baratayuda."
Retoris pratelane Arjuna, nanging numusi, sing banjur
ndadekake rasa getun-keduwunge. Nanging kepriye maneh jeneng wis kebacut.
Rasa getun keduwung sing ora kalah "nggegirisine"
dialami dening Dewi Sukesi kalawan Begawan Wisrawa sing mesthine dadi
maratuwane. Merga kalimput dening hardaning kanepson, ora mung wong loro iku
sing nampa bebendu, nanging uga turune. Tujune, Wisrawa lan Sukesi ora mung
kerem ing rasa getun keduwung, nanging nyoba ndandani urip sing luwih apik,
satemah senajan kebacut nurunake mahaangkara Dasamuka, nanging uga kasil
nglairake Kumbakarna lan Gunawan Wibisana.
Mula, amrih ora gela , getun-keduwung tiba buri, kejaba sing
kenceng kendhite, prayoga nggatekake tetembungane para panatacara pawiwahan
penganten nalika nyandra kirab: awya gumampang mundhak katunjang-tunjang, awya
grusa-rusu mundhak kliru. Balike sing prasaja dimen mulya, sing ati-ati dimen
ora anemu bilahi, sing awas dimen ora anemu tiwas. ... He he he . . . Edan
Tenan. Salam Rahayu kanti Teguh Slamet Berkah Selalu Lurr...
Semoga
Bermanfa’at. Amiin
Ttd: Wong Edan Bagu
Pengembara Tanah Pasundan
Post a Comment