Mlaku Awan Kepethuk Ula Mlaku Sore Kepethuk Sawan:
SAJAKE wis tekan titi kalamangsa. Ora bisa dinyang. Wong
Jawa bakal kepethuk lelakon seje. Sing luhur tambah luntur, lan sing asor
dipupuri. Mlaku awan-awan kepethuk ula. Mlaku wayah sore akeh sarap sawan.
Kloyong-kloyong wayang wengi kejeglong jugangan, akeh klabang kures
kalajengking. Jare simbah, Jawa kuwi jawabe. Kok malik, Jawa kuwi ”jawal” lan
’’jambule’’. Mula, ora mokal yen wis akeh sing kepleset, kegodha rambut memak,
pledhinge wentis kuning, kesenggol mendal-mendule cengkir gadhing. Akeh sing
pengin ngudang wirang. Ora sah adoh-adoh. Pepundhen-pepundhenku sing bebasane
lagi kaya wit nangka, bakal awoh ting grandhul, nyamplungane kandel, jebul awoh
ciplukan. Akeh sing lagi kepama, kudune wit nangka iku nggalih, e e e, jebul
kopong ciplukan. Sing kudune lungguh tata, kaya wit nangka, mbesuk kena kanggo
’’saka guru negara’’, godhonge ngayomi kiwa tengen, rontog kabeh godhong lan
panga-pangen, kesamber barat gehde. Wusana, kawulane kudu kaya piyik kelangan
babon, golek pangeyupan neng ngisor ciplukan. Murang tata tenan.
Piwulang luhur ’’golekana tapake kontul nglayang’’, akeh
sing diplintir tekan ’’ngisor ciplukan’’. Piwulang lungit iki wis dirujag,
dipoles-poles, dilipstiki, golek slamet. Tumindake saya nggaret lan nggraji
atine rakyat. Plintir-plintiran tembung kaya dhadhung, diangkah nyrimpung.
Nuwun sewu, embuh yen ’’si kontul bakal nglayang ngulon, bablas kesasaban
mega-mega, njur lap, ilang kakedhepake’’. Embuh bakal menyang ngendi.
Kontul-kontul iku wis tanpa tepak meneh. Kontul wis ora dhemen mencok ing
tengah ler-leran sawah. Lha piye ta? Sawangen kanthi heneng-hening awas eling.
Tenan. Sing ketoke ngguya-ngguyu, jebul dha nggembol watu. Kang katone
tetembangan, rengeng-rengeng, uga madhahi kreneng. Priyagung luhur, sing katone
mesam-mesem, alus putih kaya kontul, ning jebul atine dhandhang (ireng). Kabeh
ngemu (ndhandhang) pamrih.
*****
YEN ngono, pancen wis wayahe wong Jawa nunggu tumetesing bun
parak esuk. Nunggu tetesing madu, sang ’’Kusuma anjrah ing bawana’’, yaiku Ratu
Adil, kusumaning jaman kang lagi lelana, njajah desa milang kori, samengko
bakal jumedhul sawektu-wektu. Pawakane ngungkuli rembulan. Lire, bisa madhangi
sajrone pepeteng. Nanging ora mbrongot sumelet kaya srengenge. Padhange
rembulan riyeb-riyeb, ngemu surasa ting trecep. Ing swasana ngono iku, lelagon
bocah ’’Dolanan Dhakon’’, bakal timbul maneh.
Dhakon? Ya, saiki wis dilalekake. Wis digenti facebook,
S-M-S, lan samubarang sing gumebyar liyane. Iki pratandha wis kelalen ’’dhakon
cacahe pitulikur’’. Woww, wong Jawa kuwi angger wis nggepok wilangan 27, gawat.
Akeh kedadeyan, tanggal 27 Juli biyen dha rame ta? Tanggal 27 Mei 2006 ana
lindhu gedhe. Pepundhen negara sedane uga tanggal 27 Januari, lan isih akeh
meneh. Sing paling ngeres, wong Jawa mesthi kerep ngucap: ’’O, cah bodhone
27.’’ Njur ana meneh: ’’Yen isa ngalahake aku, tak sembah ping 27.’’
Eling, wong Jawa angger wis kegodha pi-tu, lagi dha nuwun
sewu: kukur-kukur sirah sing ora gatel. Luwih-luwih yen nganti njeblos ing
pakunjaran, nelangsa jero. Selagine pepundhenku sing kelayu pi-tu, dilabrak
garwane tekan kantor ya kukur-kukur kok.
Getun? Lagi neng hotel, ana sing diindhik garwane, njur diblak kotang,
digedhor. Ana sing dilayangi nganti tekan pimpinane, akhire dilengser gara-gara
27. Yen ngono, pancen wis angel tenan golek pawongan sing kena kanggo panutan,
bisa nggelar lan nggulung sasmita 27 iku.
Dak duga, ’’Sang Sasangka Jati’’, isih kaling-kalingan
mendhung, nlempit ing walike angka gaib iku. Sapa sing kuwawa mbatang
cangkriman 27 iku, kiraku sing bakal bisa bali marang lajere wit nangka. Bakal
nggalih, oyode nyokot kuwat ing bumi pertiwi, ora mung ati ciplukan, gampang
jebol, lan ora pati ngumur dawa. Cangkriman iku isih dawa ulurane. Yen klakon
mbatang, kiraku bakal ngerti wewadine piwulang ’’bener lan pener’’. Wektu iki,
isih akeh sing mung ngoyak bener thok, ning ora pati pener. Iki sing seprene
wis gumlewang, dha disingkur. Mulane, jejeging adil sok isih neng lambe.
Jati-jatine rembulan, kaendran, tangeh jumedhule yen isih peteng marang
oncek-oncekane angka cangkriman.
***
Aku dadi kelingan karo Kinanthine mbakyu sindhen: ’’dhedhasare
nagri iku, bener pener kudu lantip, aja pijer mangan nendra, sepi pamrih den
kaesthi, pesunen sariranira, jejeging adil den udi.’’ Lamun bener iku isih
cethek panlusure, ing negara iki durung bakal njedhul Ratu Adil. Yen lelakon
bener, isih benere dhewe, benere kroni (gedibale), dudu bener sejati, ewuh aya.
Iki sing sok njalari isih ana rereged ing batin. Isih kelepetan nepsu amarah.
Ya iki kang bisa ngglundhungake wong Jawa angel diluk atine. Pijer golek
pawadan mrana-mrene, luwih-luwih yen rada kepengkok, kepepet rembug. Luwih
gawat meneh, yen ajining dhiri bakal keweleh, wah, wong Jawa sok pijer
’’gawe-gawe’’, dhandhang diunekake kontul. Wit ciplukan, diungal-ungalke,
dianggep wit nangka. Toblas!
****
RATU Adil, iku jiwane lelana brata, tanpa pamrih. Yen gelem
tapa, wis kegolong tapa ngrame. Wis gelem mbabar jati dhiri. Ora owel. Dheweke
wis bisa mesu raga, mangasah mingising budi. Mula, bisa ngugemi mahambeg adil
paramarta. Nuntun marang keslametan (salvation), yaiku sang mesianis utawa herucakra kawedhar.
Ning, apa wis ana tandha-tandhane, bakal jumedhul? Kari nunggu, mbokmenawa ana
lintang alihan, jumedhul Sang Sasangka Jati, kang jiwane profetik (prophet).
Tindak-tanduke tanpa pamrih, nggunakake lungiding pangawikan Jawa.
Bareng daksarawidekake marang ’’Guru Sejati’’, jare isih
dawa jangkahe lelakon iki. Bakal jumedhule Ratu Adil Kabudayan, kandhane,
bebarengan sumilake pedhut ing negara rame. Ing negara rame, tansaya ngegla.
Bakal akeh si Kanthong Bolong kuminter, rumesik. Nanging sejatine crobo.
Bebudene dudu galihe nangka, ning nguwit ciplukan. Gampang mblendok,
keblondrok. Merga ’’iman kuwat’’, nanging ’’imin bobrok’’. Samengko, isih bakal
akeh wong memuji, njunjung-njunjung, nyembah-nyembah wong reged. Wong-wong isih
kendel apus-apus, blak-blakan, dora cara, lan nganti nglabuhi dora-sembada.
Lole-lole, eyang Drona isih arep kumledhang. Bakal mikuwati
umpak Sokalima. Percaya kena ora kena, yen eyang Drona bakal tetep adol omong
sadalan-dalan. Samengko, bakal katon mblegudhuge, monyor-monyor, njur
kesrimpeting laku. Omongane kang ’’lole-lole’’, dadi kendhit bundheting laku,
angel udhar-udharane. Merga, para kawula Sokalima, akeh sing isih ngendhong
melik. Yen anggone ngendhaleni kawula disendhal, bakal dhadhal.
Ana tembange bocah bajang nggiring angin, nawu banyu segara,
pangirite kebo dhungkul, sasisih sapi gumarang, mangkene: Wus wancine padha
dielingke, kang dha cidra, njur nglukar gorohe, tindak kang angkara, bakal
mendha, malik kang utama. Kanca ayo kanca ayo aja dha sembrana, ayo muter cakra.Tembang
kang daksaring bebarengan karo dewa nganglang jagad, nyangking bokor kiwa
tengen iki, cumengkling ngajak-ajak nlusup ayang-ayang batin. Mbekmenawa iku
jangka tanah Jawa, bakal dadi ungup-ungup jumedhule jaman kencana rukmi. Bakal
dadi pangentase budi suci, sing wis saya panas, kaya gabah diinteri iki. Paling
ora, yen cakra bakal mubeng kaya kitiran, njur eling leladining dhiri. Ora
nganggah-angah ngranggeh tumelunge srengenge. Ora nggrangsang, kaya merang
kobong kemratag, terus pengin nyakrawati mbaudhendha.
Ning ya kuwi, ditonton wae, saumure pari mratak ñ piye
jumulure wit-wit nangka. Apa isih kena kanggo pencokan kontul nglayang? Njur
ana Sang Sasangka Jati, sumorot ing sela-selane godhong nangka, nembus tekan
ngisor ciplukan. Ayo maca tengara jati iki, sumitra! ”... He he he . . . Edan
Tenan. Salam Rahayu kanti Teguh Slamet Berkah Selalu Lurr...
Semoga
Bermanfa’at. Amiin
Ttd: Wong Edan Bagu
Pengembara Tanah Pasundan
Post a Comment