MEMAHAMI FILOSOFI LELUHUR JAWA. Bagian. 9
Makna Ajaran Wong Urip:
Oleh: Wong Edan Bagu.
Putera Rama Tanah Pasundan
Secara harafiah, “Wong urip iku mung mampir ngombe” dapat
diartikan orang hidup itu hanyalah istirahat sejenak untuk minum. Meskipun
ungkapan tersebut mempunyai arti yang sederhana tetapi makna yang terkandung
sangat dalam. Untuk dapat memahami makna ungkapan itu kita dituntut untuk
memahami kehidupan manusia secara menyeluruh. Dalam budaya Jawa kehidupan
manusia dimulai semenjak tumbuhnya bayi dalam kandungan ibu kemudian setelah
bayi dilahirkan ke dunia, dimulailah kehidupan yang sebenarnya dunia. Dengan
kematian seseorang, yaitu berpisahnya roh dan wadag manusia, dimulailah kehidupannya
di alam lain yang belum kita ketahui pasti. Pemahaman tentang tiga kehidupan
ini biasa dimanifestasikan sebagai alam purwa, madya dan wasana. Makna ungkapan
“Wong urip itu mung mampir ngombe” mengacu kepada alam madya, yaitu kehidupan
setelah manusia dilahirkan di dunia.
Mengisi Kehidupan yang Sesaat
Seperti kita ketahui manusia terlahir di dunia ini
berbekal empat sifat dasar yang mewarnai kehidupannya, yang sering diistilahkan
dengan aluamah, sefiah, amarah dan mutmainah, atau yang biasa juga diistilahkan
dengan nafsu angkara, amarah, keinginan dan perbuatan suci. Nafsu-nafsu
tersebut timbulnya dirangsang oleh anasir-anasir yang ada di dunia ini dan
masuk melalui paningal (mata), pengucap (mulut), pangrungu (telinga) dan
pangganda (hidung).
Anasir alam yang masuk melalui mata berwujud nafsu
keinginan akibat rangsangan sesuatu yang terlihat oleh mata. Anasir alam yang
masuk melalui mulut berupa kata-kata kotor yang diucapkan oleh mulut. Anasir
alam yang masuk melalui telinga berwujud suara yang tidak enak didengar oleh
telinga dan menyebabkan seseorang marah, kasar dan mata gelap. Sedangkan anasir
alam yang masuk melalui hidung berwujud tindakan-tindakan baik karena hidung
tidak mau menerima bau-bau yang tidak enak. Dengan bekal empat sifat dasar hidup
itu, manusia diwajibkan menguasai keempat nafsu yang melekat pada dirinya.
Dengan kata lain, manusia harus menguasai ketiga nafsu yang dapat menimbulkan
tindakan-tindakan yang kurang baik, yaitu aluamah, amarah dan sufah, dan
mengutamakan nafsu yang dapat menimbulkan tindakan-tindakan baik, yaitu
mutmainah. Menguasai di sini diartikan sebagai memelihara mengatur ataupun
mengendalikan. Apabila manusia dapat memelihara mengatur serta mengendalikan
keempat nafsu-nafsu tersebut akan menjadi manusia teladan dalam arti dapat
diteladani oleh orang-orang disekitarnya karena tindakan-tindakannya selalu
terpuji.
Sebaliknya apabila manusia tidak dapat memelihara
mengatur serta mengendalikan keempat nafsu-nafsunya, orang tersebut akan
menampilkan tindakan-tindakan yang tidak terpuji, sehingga ia dijauhi oleh
orang-orang di sekitarnya, oleh karena itu kehidupan di dunia yang hanya sesaat
tersebut, yang dalam budaya Jawa diungkapkan istlah “wong urip iku mung mampir
ngombe”, haruslah disibukkan dengan tindakan-tindakan memelihara, mengatur
serta mengendalikan keempat nafsu manusia ini, sehingga kehidupan di dunia yang
sifatnya hanya sesaat tersebut diisi dengan tindakan-tindakan terpuji, seperti
tolong-menolong, mengasihi sesama, berbakti kepada nusa dan bangsa, saling hormat-menghormati,
bermusyawarah untuk mencapai mufakat dan lain-lain. Dengan demikian apabila
pada saat kematian, yaitu berpisahnya roh dan wadag manusia dapat diharapkan
roh manusia tersebut akan kembali kepada Tuhan Yang Maha Esa, yaitu causa pria
segala kehidupan di dunia ini.
Selamat sampai Tujuan
Kehidupan di dunia ini dapat diibaratkan sebagai perang
antara nafsu baik dan nafsu yang tidak baik. Agar manusia dapat memenangkan
perang tersebut, sehingga pada saat kematian rohnya kembali kepada Tuhan Yang
Maha Esa, manusia harus dapat menempatkan hati nuraninya di atas nafsu. Dengan
kata lain, hati nurani manusia haruslah menguasai nafsu. Jika hati nurani
dikuasai oleh nafsu pada saat kematian roh manusia dapat kembali kepada Tuhan
Yang Maha Esa.
Bagaimana agar seseorang dapat menjaga hati nuraninya
selalu berada di atas nafsu? Budaya Jawa mengajarkan agar seseorang selalu
menjalani laku, seperti berpuasa dan lain-lain, sebagai latihan pengendalian
diri sehingga dapat mengendalikan diri apabila timbul rangsangan untuk
bertindak yang tidak baik. Selain itu budaya Jawa juga mengajarkan agar
seseorang selalu mendekatkan diri kepada Tuhan Yang Maha Esa, sehingga selalu
mendapatkan terang dari-Nya yang akan menyebabkannya dapat berpikir secara
jernih dan bersih.
Tujuan hidup manusia adalah selamat di dunia maupun di
alam kelanggengan. Untuk dapat mencapai tujuan itu manusia dituntut untuk terus
menerus berjuang menegakkan kebenaran. Dalam kehidupan di dunia yang sesaat,
manusia harus dapat mengisinya dengan tindakan baik. Oleh karena itu budaya
Jawa selalu mengingatkan bahwa kehidupan di dunia ini hanyalah sementara
sifatnya. Peringatan tersebut diungkapkan dalam istilah “wong urip iku mung
mampir ngombe”. Apabila seseorang selalu ingat akan hal ini dan mengisi kehidupan
sesaat dengan tindakan baik, maka dapatlah diharapkan tujuan hidup seseorang
akan tercapai, yaitu selamat di dunia maupun di alam kelak nanti.
Aja dumeh mujudake pitutur luhur warisane para leluhur
lan pinisepuh kang ngemu teges supaya jalma manungsa utawa titah sewantah
anggone nglakoni penguripane ana ing alam donya ora ngendelake aji mumpung.
Dumeh, mujudake kahanan kajiwan kang njalari sawijining pawongan nggunakake
kesempatan(aji mumpung) kanggo kepentingane dhewe tanpa ngelingi sak padhane urip.
Kesempatan kasebut ing ndhuwur bisa maujud drajat, pangkat, bandha donya,
panguwasa, ilmu linuwih, kebagusane rupa lan liyane.
Ing donya Eropa utawa dunia barat uga nduweni sanepa
“power tends to corrupt” kang nduweni teges yen kuwasa bisa njalari wong kang
nyekel kuwasa kuwi nylewengake kekuwasaane kanggo kepentingane pribadhi lan
ngianati marang wong kang ngamanati .
Wong urip mono kudu tansah eling marang kang nitahake
urip ing alam donya, kudu tansah mawas marang sangkan paraning dumadi. Seko ngendi
bibit kawite urip, ana ngendi saiki dumunung lan papan ngendi kang tembene
bakal dituju. Kahanan kang bisa direngkuh ora kena njalari lali marang kodrate
minangka kawulane Gusti. Kanthi mengkono sifat aja dumeh bisa njalari wong
tansah eling marang asal-usule, sahengga ora nglali yen apa kang diduweni mung
minangka titipan utawa amanate kang gawe urip. Sikep ini bisa nyurung supaya
manungsa tansah nyukuri peparingane Gusti, kanthi nggunakake peparingane mau
kanggo nyengkuyung kewajibane minangka khalifahe Gusti ing alam donya, kang
nduweni kewajiban memayu hayuning bawana.
Kahanan urip kang dilakoni manungsa kena digambarake kaya
dene cakramanggilingan utawa rodha kreta, kang ana sakperangane rodha
sakwijining wektu mapan ing dhuwur nanging ing kala wektu liyane ganti mapan
ing ngisor. Urip mujudake ganti gumiliring nasib. Mula saka kuwi nalikane wong
lagi nduweni nasib kang apik ora kena gumedhe lan umuk marang sak padha-padha
lan nalikane ngalami nasib kang ala uga aja nglokro utawa mutung.
Kadangkala wong urip diparingi kanikmatan kang tanpa
kinira. Ana ing kahanan iki pitutur aja dumeh trep banget kanggo diamalake.
Wong kudu tansah syukur lan uga kudu loma marang sak padhaning urip, ora kena
umuk lan gumedhe nanging kudu tansah bisa sakmadya lan andhap asor.
Ana uga kahanane urip kang lagi diparingi pacoban nganti
kadangkala wong sing rumangsa ora kuwat nglakoni kahanan mau nduweni panganggep
yen donyane wis kiamat. Ngadepi kahanan mengkene, manungsa kudu tansah pasrah
sumarah marang kang gawe urip lan sabar anarima ing pandum. Manungsa kudu
nduweni keyakinan yen pacoban mau uga mujudake wujud katresnane Gusti kanggo
nggembleng manungsa supaya tatag lan tanggon anggone nglakoni uripe.
Aja dumeh ngajarake manungsa tansah mawas diri lan
nduweni keyakinan kang kuat menawa urip ing alam donya iki mung sakwetara
mampir ngombe. Kabeh lelakone urip mujudake proses kang ora langgeng lan kabeh
bakale dijaluk pertanggungjawabane mbesuk ing alam akherat.
Sifat utawa watak aja dumeh bisa diwedhar kanthi pitutur kayadene:
1. Aja dumeh kuwasa, tumindake daksura lan daksiya marang
sakpadha-padha.
2. Aja dumeh pinter, banjur tumindak keblinger.
3. Aja dumeh sugih, banjur tumindak lali marang wong
ringkih.
4. Aja dumeh menang, tumindake sak wenang-wenang.
5. Aja dumeh bagus, banjur gumagus.
6. Aja dumeh ayu, banjur kemayu, lan sakpiturute.
“Nyawa mung gaduhan, bandha donya mung sampiran”,
mengkono pituture para winasis. Kanthi mengkono sejatine manungsa urip ing alam
donya ora duwe apa-apa. Kayadene nalika dilahirake manungsa ora nggawa apa-apa,
smono uga mengko yen wis tumeka titi wancine sowan ing ngarsa Gustine uga ora
sangu apa-apa. Dadi apa kang bisa diumukake manungsa
ORA KEPENAKING LUPUT UTAWA SIKSANING DOSA
Ngrumangsani luput utawa reged iku lerege marang paniti
priksa adiling kodrat.
Paniti priksa marang adiling kodrat iku lerege marang
paniti priksa ing lupute dhewe, kang aran ngrumansani.
Yen nemoni apa-apa kang ora ngepenakake ati, elinga bae
yen iku : jaban, ora dadi barang bareng tumrap : jeron. Munggguh bab lase :
sanajan gunungan njeblug lan perenga bratayuda pisan, iya njaban.
Anane ora kepenak marga luput, lupute : marga lali ing
dhuwur iku.
Yen nemoni apa-apa kang ora ngepenakake ati, elinga yeng
kang ora ngepenakake iku satemene iya PANGGAWENING ATINE DHEWE, dudu : SING ANA
SAJABANING ATI. Yen dhasar batine bener lan resik temenan, mokal ora kepenak.
Mungguh resik mau ana resik tumrap : Jaban, ana resik tumrap : Jeron.
Yen nemoni apa-apa kang ora ngepenakake ati, elinga yen
anane
siksa saka dosa. Lire : anane ora kepenak saka luput.
Mokal menawa ora marga dosa, utawa : mokal ana ora kepenak, merga bener lan
resik. Ora susah adoh-adoh nglulur dosa kang wis klakon. Dosa saiki bae kang
wus karuhan (nalika lagi ora kepenak bae). Dosane yaiku : dene dadak
ngrasakakesing gawe ora kepenak, wong genah ngambah sing ora kepenak, kok ora
nyimpang. Apa iku dudu luput. Rehne luput, apa ora tampa pasiksane. Sapata :
sing prentah nglakoni gawe ora kepenak marang ati mau.
Yen nemoni apa-apa kang ora ngepenakake ati, wis ora
susah takon maneh : mesthi saka lakuning atine dhewe sing susah, (salah
pakarti), nyimpang saka : benering bener, yaiku bener jeron, dudu : bener
jaban. Tandhaning salah : kabukten
enggone mujudake ora kepenak iku.
Yen nemoni apa-apa kang ora ngepenakake ati, mangka ora
bisa mupus kaya ing dhuwur mau rehne angel, elinga : apa ORA BISA iku dudu
kaluputan. Apa si ORA BISA utawa SI-ANGEL, arep dianggo gagaran anyelaki
lupute. Ora weruh yen ORA BISA lan ANGEL iku wis kalebu marang luput, tegese :
Iku wewengkoning luput, utawa anak putuning luput, dadi kalingane : mung saka
DURUNG WERUH bae marang lupute. Dene ora weruh iku iya anak putuning luput
maneh.
Yen nemoni apa-apa maneh kang ora ngepenaki ati, aja mung
meruhi : sing ana sajabaning ati. Meruhana : sing ana sajroning ati atine
dhewe. (Aja ngeling-eling SING DIRASAK-RASAKAKE ngelingana : SING DIANGGO
ngrasak-ngrasakake).
Yen nemoni apa-apa kang ora ngepenakake ati, takona
marang pikire dhewe : apa ORA KEPENAK iku maedahi. Yen maedahi, karuwane oleh
sengkut nandangi. Dene yen wis dhenger : ora maedahi, mangka teka ditrajang,
iku salahe sapa. Cara jabane bae wis takon mangkene : sing maedahi IHTIYARE apa
GELANE.
Yen nemoni apa-apa kang ora ora ngepenaki ati, yen durung
ketemu lupute, ya isih luput enggone nggoleki. Tandhaning lupute : durung bisa
nemokake iku.
Yen nemoni apa-apa kang ora ngepenaki ati, mangka tetela
saka luputing liyan sajabaning ati lan wis mupakat wong akeh yen mesthine utawa
benere ora kepenak (marga wis lumrah) elinga bae yen iku lagi aran bener,
durung : bebering bener.
Kang tinuju ing layang iki : BENERING BENER, ora mung
BENER bae. Bener iku mung tumrap jaban. Benering bener tumrap jeron. Yen mung
trima lumrah bae, ora susah mbicara jeron, awit mundhak dipurih kang nggayuh :
benering bener, kang angeling-angel gayuh-gayuhane.
Yen nemoni apa-apa kang ora ngepenakake ati, nyobaa takon
marang budine dhewe APA YA RASA JATI MELU ORA KEPENAK, REHNE WIS BENER, LUMRAH
LAN MUPAKAT WONG SAJAGAD. Mesthi ora, awit rasa jati ora mesthi nganggep becik
marang kang wis dianggep becik dening rahsa.
Yen nemoni apa-apa kang ora ngepenakake ati, elinga
paribasan Walanda : “De liefde is blind”, tegese : katresnan iku bisa micakake.
Ora kepenak iku asal saka KABOTAN TRESNA marang dhirine. Iku kang micakake ati.
Picaking ati : lali yen dhirine iku dudu bener-benering kahanan kang tumuju ing
sih katresnane kang ngebeki jagad.
Yen nemoni apa-apa kang ora ngepenakake ati, AWAKMU
TAKONANA DHEWE : he…….., pangudi, ketokna gawemu, sabab saiki aku lagi nemoni
kang ora kepenak. Apa gunane aku ngudi kawruh batin, yen senengku mung yen :
oleh kang lumrahe nyenengake, utawa : susah yen nemoni kang nusahake. Yen mung
lumrah mangkono bae, ora leh dene ngudi kawruh kabatinan.
Muga Bermanfa’at.
Salam Rahayu kanti Teguh Selamat Berkah Selalu
Ttd:
Wong Edan Bagu
Putera Rama Tanah Pasundan
http://putraramasejati.wordpress.com
http://webdjakatolos.blogspot.com
Post a Comment