MEMAHAMI FILOSOFI LELUHUR JAWA. Bagian. 7
BEBUKANING WIRID:
Oleh: Wong Edan Bagu.
Putera Rama Tanah Pasundan
Bebukaning Wirid kang amratelakake ganepe patraping
amejang ngelmu makrifat kasampurnaning ngaurip, ing jaman semana wis
katindakake dening para Wali kabeh, urute sawiji-wiji ing ngisor iki.
Ingkang dingin, wiwitan patrap kang dadi kawajiban, iku
guru karo bakal murid pada amet banyu wudu, sarta niayat kang karepe mengkene :
“Nawaitu raf’al hadasi suharata walakabirata fardlanlillahi ta ala Allahu
akbar” (Niyatingsun amet banyu kadas, angilangake kadas cilik lan gede perlu
karana Allah).
Nuli pada dandan anganggo sandangan sarwa suci, ora kena
anganggo kang mawa emas, utamane manawa karsa anganggo kuluk, banjur ngliga
sarira kekonyo gando wida, sarta nganggo sumping kembang oncen-oncen Surengpati
ana ing kuping kiwa, karo nganggo kalung kembang oncen-oncen Margasupana,
wangun kaya oncen-oncen usus pitik karangkep telu, utawa nganggo gombyok keris
kaya pangaten anyar.
Nuli ing pamejangan katata dipasangi tetuwuhan maju
papat,sarta kadodokan lampit kang resik, banjur katumpangan klasa pasair kang
tigas, ing duwur pisan katumpangan mori putih saules lapis pitu, apese lapis
telu, mawa kasebaran kembang campur bawur.
Nuli sesaosan srikawin salaka putih bobot satail, kadokok
ing wewadah tunggal karo lengz sundul-langit, sarta menyan bobot saringgit,
kasasaban mori putih mawa pangiring sesanggan gedang agung suruh ayu, jambene
tanganan, kasasaban mori putih dadi rong wadah sarta kembar mayang sajodo pada
sumaji ana ing pamejangan.
Nuli ing antara manawa wis sirep wong utawa wayah tengah
wengi, pada tindak menyang enggon pamejangan, kang bakal kawejang linggih madep
mangulon , sarta dedupa ratus kaasepake ing kuping kiwa, banjur ing irung,
wekasan ing dada, iku wiwit kawejang teka gurune. Dene kang kawejangake, anurut
pamejange para Wali wolu ing Tanah Jawa, kakumpulake dadi sawiji. Wijose pada
amet wijining ngelmu kekiyasan saka Dalil pangandikaning Allah, kang kasebut
ing dalem Hadis pangandikane Kanjeng Nabi Muhammad Rasulullah marang Sayidina
Ali kawisikake ing kuping kiwa, pepangkatane dadi wolung wejangan,
kapratelakake ing ngisor iki jarwane kabeh :
1. Wisikan Ananing Dzat
Wejangan punika dipun-wastani wisikan ananing Dzat, awit
dening pamejangipun kawisikaken ing talinga kiwa, wiyosipun kasebut ing dalem
daliling ngelmi ingkang wiwitan, nukilan saking warahing kitab Hidayat khakaik,
amratelakaken wangsitipun Pangeran Kang Maha Suci dhateng Kanjeng Nabi Muhammad
Rasulullah, makaten jarwanipun :
“Sejatine ora ana apa-apa, awit duk maksih awang-uwung
durung ana sawiji-wiji, kang ana dhingin iku ingsun, ora ana Pangeran Nanging
Ingsun, sajatining Dzat Kang Maha Suci anglimput ing Sipatingsun, anartani ing
asmaningsun amratandhani ing afngalingsun”.
2. Wedharan Wahananing Dzat
Wejangan punika dipun wastani Wedharan Wahananing Dzat,
awit dene pamejanganipun amarah urut-urutan dumadining Dzat, sipat, wahanipun
kasebut ing dalem daliling ngelmi ingkang kaping kalih, nukilan saking sarahing
kitab Dakaikalkaik.
Amratelakaken wangsitipun Pangeran Kang Maha Suci dhateng
Kanjeng Nabi Muhammad Rasulullah, karaos ing dalem rahsa makaten jarwanipun :
”Sajatine ingsung Dzat Kang Amurba Amisesa Kang Kawasa
anitahaken sawiji-wiji, dadi padha sanalika, sampurna saka ing kodratingsun,
ing kono wus kanyatan pratandhaning afngalingsun kang minangka bebukaning
IraDzatingsun, kang dhingin Ingsun anitahaken kayu aran Sajaratulyakin tumuwuh
ing sajroning alam Adamm akdum azali abadi, nuli cahya aran Nur Muhammad, nuli
kaca aran Mirhatulkayai, nuli nyawa aran roh Idlapi, nuli damar aran Kandhil,
nuli sesotya aran Darah, nuli dhindhing jalal aran Kijab kang minangka
warananing Kalaratingsun”.
3. Gelaran Kahaning Dzat
Wejangan punika dipun wastani gelaran kahaning Dzat, awit
dening pamejanganipun ambabar dados kanyataan anasiring Dzat sipat, inggih
punika nalika Pangeran Kang Maha Suci karsa amujudaken sipatipun. Gumelar
kahananipun kasebut ing dalem daliling ngelmi ingkang kaping tiga, nukilan
saking Kitab bayan Humirat mupakat kaliyan Kitab Bayan Alip, kitab Madinil
Asror, kitab Makdinil Maklum, inggih punika bangsaning kitab tasawup sadaya.
Sami amratelakaken wangsitipun Pangeran Kang Maha Suci dhateng Kanjeng Nabi
Muhammad Rasulullah karaos ing dalem rahsa, makten jarwanipun ;
”Sajatine manungsa iku rahsaningsun, lan Ingsun iki
rahsaning manungsa, karana Ingsun anitahake Adam, asal saking anasir patang
prakara : 1. Bumi, 2. Geni, 3. Angin, 4. banyu, Iku kang dadi kawujudaning
Sipatingsun. Ing kono ingsun panjingi mudah limang prakara : 1. Nur, 2. Rahsa,
3. Roh, 4. Napsu, 5. Budi, iya iku minangka warananing wajahingsun Kang Amaha
Suci”.
4. Pambuka Tata Malige Ing Dalem Bait-al-makmur
Wejangan punika dipun wastani, kayektening kahanan Kang
Maha Luhur, inggih punika pambukaning tata malige ing dalem Bait-al-makmur.
Awit dening pamejangipun ambuka kodrat iraDzating Pangeran Kang Maha suci,
anggenipun karsa anjenengaken maligening Dzat minangka Baitullah wonten ing
sarahipun manungsa, punika sajatosipun dados pitedhah kayektening kahanan
satunggal-tunggal, anandhakaken kalarating Dzat Kang Maha Mulya langgeng boten
kenging ewah saking gingsir saking kahanan jati.
Kasebut ing dalem daliling ngelmi ingkang kaping sekawan
nungkilan saking sarahing Kitab Insan Kamil, amratelakaken wangsitipun Pangeran
Kang Maha Suci dhateng Kanjeng Nabi Muhammad Rasulullah hayat ingkang kapisan
karaosaken ing dalem rahsa, makaten jarwanipun.
”Sajatine Ingsun anata malige ana sajroning
Bait-al-makmur, iku omah enggoneng Parameyaningsun, jumeneng ana sirahing Adam,
kang ana sajroning sirah iku dimak, iya iku utek, kang ana antraning utek iku
manik, sajroning manik iku budi, sajroning budi iku napsu, sajroning napsu iku
suksma, sajroning suksma iku rahsa, sajroning rahsa iku Ingsun, ora ana
Pangeran, ananging Ingsun Dzat Kang anglimputi ing kahanan jati”.
5. Pambukaning Tata Malige Ing Dalem Bait-al-muharram
Wejangan punika dipun wastani kayektening kahanan Kang
Maha Agung. Inggih punika pambukaning tata malige ing dalem Bait-al-muharram,
awit dening pamejanganipun pambuka kodrat iraDzating Pangeran kang Maha suci,
enggenipun karsa anjenengaken maligening Dzat, minangka Baitullah wonten ing
dhadhaning manungsa.
Kasebut ing dalem daliling dados pitedahan kayektening
kahanan satunggal-tunggal, anandhakaken kalarating Dzat kang Maha Mulya lenggah
boten kenging ewah ginsir saking kahanan jati.
Kasebut ing dalem daliling ngemi ingkang kaping gangsal,
inggih ugi sami nukilan saking sarahing Kitab Insan Kamil, amratelakaken
wangsitipun Pangeran Kang Maha Suci dhateng Kanjeng Nabi Muhammad Rasulullah,
ayat ingkang kaping kalih karaos ing dalem rahsa makaten jarwanipun :
”Sajatine Ingsun anata malige ana sajroning
Bait-al-muharram, iku omah enggoning lelaranganingsun, jumeneng ana ing
dhadhaning Adam, kang ana ing sajroning dhadha iku ati, kang ana ing antaraning
ati iku jantung, sajroning jantung iku budi, sajroning budi iku jinem, iya iku
angen-angen, sajroning angen-angen iku suksma, sajroning suksma iku rahsa,
sajroning rahsa iku Ingsun, ora ana Pangeran, anging Ingsun Dzat kang
anglimputi ing kahanan jati”.
6. Pambukaning Tata Malige Ing Dalem Bait-al-mukaddas
Wejangan punika dipun wastani ; kayektening kahanan Kang
Maha Suci, inggih punika pambukaning tata malige ing dalem Bait-al-mukaddas,
awit dening pamejangipun ambuka kodrat iraDzating Pangeran Kang Maha Suci
angenipun karsa anjenengaken maligening Dzat, minangka Baitulah katata wonten
ing kontholing manungsa. Punika sajatosipun ugi dados pitedhahan kayektening
kahanan satunggal-tunggal, anandhakaken kalarating Dzat Kang Maha Mulya,
lenggah boten kenging ewah gingsir saking kahanan jati. Kasebut ing dalem
daliling ngelmi ingkang kaping enem, inggih ugi sami nukilan saking sarahing
Kitab Insan Kamil. Amratelakaken wangsitipun Pangeran Kang Maha suci dhateng
Nabi Muhammad Rasulullah hayat ingkang kaping tiga, karaos ing dalem rahsa
makaten jarwanipun :
”Sajatine Ingsun nata malige sajroning Bait-al-mukkadas,
iku omah enggoning Pasuceningsun, jumeneng ana ing kontholing Adam, kang ana
sajroning konthol iku pringsilan, kang ana antarane pringsilan iku nutfah, iya
iku mani sajroning mani iku madi, sajroning madi iku wadi, sajroning wadi iku
manikem, sajroning manikem iku rahsa, sajroning rahsa iku Ingsun, ora ana
Pangeran angin Ingsun Dzat kang nglimputi ing kahanan jati, jumeneng sajroning
nukat gaib, tumurun dadi johar awal, ing kono wahananing alam ahadiyat, alam
wahdat, alam wahidiyat, alam arwah, alam misal, alam ajsam, alam insan kamil,
dadining manungsa sampurna yaiku sajtining sipat Ingsun”.
7. Panetep Santosaning Iman
Wejangan punika dipun wastani panetep santosaning iman,
abebuka sahadat jati, awit dening pamejangipun amangsit ingkang dados
pikekahing pangandel kita, denira angestokaken dhateng kayektining gesang kita
pribadi, manawi sampun tetep minangka tajalining Pangeran Kang Maha Suci
sajati. Kasebeut ing dalem ijemak riwayating para wiliyullah, nukilan saking
kadis makdus, salebeting bab maklumatul uluhiyah. Wiyosipun anyariyosaken
kakekating taukid. Ingkang terus dhateng iktikad, wewiridan saking cipto
sasmitanipun Kanjeng Nabi Muhammad Rasulullah ingkang kawangsittaken dhateng
sayidina Ali, makaten jarwanipun :
”Ingsun anekseni satuhune ora ana Pangeran anging Ingsun
lan anekseni Ingsun satuhune Muhammad iku utusan Ingsun”.
Menggah dunungipun makaten :
a. Ingkang dipun wastani Pangeran meniko Dzating gesang
kita pribadi, sebab sajatosipun sagung asya sami kukum napi sadaya, tegesipun
asya ; sawiji-wiji, tegesipun napi, boten wonten, mila kasebut boten wonten
Pangeran isbatipun inggih namung Dzating gesang kita pribadi. Tegesing isbat ;
tetep, dados teteping ingkang anyebut kaliyan ingkang sinebut Pangeran punika
boten wonten sanesipun, suraos tunggal tanpa wewangenan amung kaot lair batin
kemawon.
b. Ingkang dipun wastani Muhammad punika sipating cahya
kita, mila dipun basakaken utusan, amargi dados pangeran rahsaning Dzat,
kawistara wonten ing netya, kados ingkang kasebut wonten ing dalil salebeting
Qur’an makaten jarwanipun :
“Sayekti temen-temen teka ing sira kabeh, utusaning Dzat
metu saka ing awakira kang maha mulya, mungguhing utusan iku anembadani barang
saciptanira, yen angandel sayekti antuk sih pangapuraning Pangeran”.
Manawi sampun anampeni dalil Qur’an pangandikanipun
Pangeran Kang Maha Suci makaten wau, dipun waskitha ing galih. Inggih
gesangkita pribadi wahananing nugraha, kahananing kanugrahan. Nugraha punika
Dzating Gusti, kanugrahan punika sipating kawula, tunggal tanpa wewangenan
dumunung wonten ing badan kita. Sampun uwas sumelang malih, sebab ingkang
kasebut ing Kitab Insan Kamil amarah manawi namaning Allah punika inggih
namaning Muhammad. Umpami sabet kaliyan warangkanipun. Ing mangke Allah
minangka warangka, Muhammad minangka sabet, ing tembe wewangsulan.
Wisiyating guru ingkang amedharaken ngelmi panetep
santosaning iman, kaprayogekaken sami anglampahana boten karsa dhahar ulam
lembu. Kabar angsal paedah manjing dados putra muridipun Kanjeng Susuhunan ing
Kudus, kaidenan ingkang dados saesthining galihipun.
Wonten riwayating guru manawi amedharaken ngelmi panetep
santosaning iman, ingatasipun amejang dhateng pawestri, wenang kawewahan
makaten jarwanipun.
”Ingsu ankeseni, satuhune ora ana Pangeran anging ingsun,
lan anekseni Ingsun, satuhune Muhammad iku utusan Ingsun Fatimah iku umat
Ingsun”.
Muga Bermanfa’at.
Salam Rahayu kanti Teguh Selamat Berkah Selalu
Ttd:
Wong Edan Bagu
Putera Rama Tanah Pasundan
http://putraramasejati.wordpress.com
http://webdjakatolos.blogspot.com
Post a Comment