MEMAHAMI FILOSOFI LELUHUR JAWA. Bagian. 6
SERAT WULANG REH;
Oleh: Wong Edan Bagu.
Putera Rama Tanah Pasundan
NGRATONI ALAM KARAHAYON:
“If you don’t care for the roots of the plant, you cannot
expect the flower to blossom beautifully”. Rerangken sesotya ingkang rineka
dening Thomas Dinan, priyantun Amerika ingkang kasengsem dhateng budaya Jawi,
punika wau nyandhi wewangening kandha bilih manawi kita sampun boten kersa
ngupakara oyotipun, mokal kita badhe saged nyawang asrining sekar ingkang
anjrah mekar ngrembaka. Manawi oyot ingkang tinandur punika namung badhe dipun
lebur, dipun rerabuk namung badhe dipun remuk, dipun rumpaka namung badhe dipun
prawasa, punapa budaya Jawi minangka oyotipun tiyang Jawi punika lajeng kedah
siningid ing weca kalanggengan? Saeba cuwa lan kuciwa manah punika manawi
tiyang Jawi ngantos kicalan kiblating pangluru, tundhonipun namung nyancang
ewoning pangangen-angen ingkang tumlawung tumangsang ing korining mendhung
ngenguwung. Bakal lungkrah sakabehing rasa sumarah yen jiwa Jawi klakon nganti
bubrah.
Ila-ila dina sinabetna ing ila duni tinebihna tulak sarik
dhumawahing tawang-towang. Para priyagung hanung-hanung lebda ing salwiring reh
menggahing kawruh lan kautaman, kalilanana manawi ing riki kula nekad tumut
njegur mak byur ing tuking kaweruh lumantar andharan ing ngandhap punika,
lajeng ceciblon penak seger munyer-munyer sinambi tetembangan hambarang jantur
tuwin hambalang gondhang tutur, rengeng-rengeng angegidung pameling dhiri
kangge hanggondheli werdi ingkang kuwawi nedhahaken samukalir kiblating
pangluru kanthi kumawantun anggelar gulung medhar weriting perkawis Jiwa Jawi
punika kacundhukaken kaliyan kabetahan samangke tanpa nilar piwulang kina ingkang
ngemu aji langgeng.
Kumalancang kula adhapur anyerep-nyerepaken linggih
salehing Jiwa Jawi hing ngarsa panjenengan punika sayektosipun namung saderma
hanetepi darmaning ngagesang wonten ing samadyaning bebrayan. Kula rumaos
kajibah tumut hambundheli sarta mulat edi endahing budaya lan sastra Jawi
supados boten mingsad-mingsed, mulur mungkret, ewah gingsir anggen kula
angegungngluhuraken kabudayan piyambak amrih lestari widada salaras kaliyan
kayektosan mekar mungkaring jaman. Ing pangajab, mugi andharan kula punika
sageda mujudaken satunggaling bab ingkang kenging kangge ubarampening imbal
wacana supados wawan rembag punika langkung menthes lan mikantuki. Jer wajibing
tiyang gesang punika rak namung kalih, inggih punika sinau lan mulang,
tamtunipun kanthi wicaksana inggih punika sageda ngrumaosi lan mangertosi
dhateng cacading dhiri sarta mbudidaya kepripun amrih karaos manis, matis,
pantes lan sakeca tanpa nyampyok pangreksaning darbeking liyan.
Dikotomi lawas anyar, kuna modheren, sing modheren kudu
digondheli rapet sing tradhisional kudu ditinggal glanggang utawi
kosokwangsulipun, punapa dene “romantisasi masa lalu” vs “nguri-uri budaya”,
udreg-udregan perkawis punika badhe tansah wonten lan sah-sah kemawon, kapara
malah sae amargi saged sangsaya njembaraken wawasan kita, saengga kita saged
mahyakaken pamikiran-pamikiran kita kanthi langkung patitis lan menthes saha
saged katampi dening nalar. Tuwuhipun mawarni-warni pamanggih, kalebet sadaya
panyaruwe ingkang kawedal saking lathi, punika rak sampun nama limrah. Pramila
kita sampun was sumelang malih, ingkang baken kita kedah jejeg, jajag, jumujug
anggen kita sami lelumban tumut andhudhuk, andhudhah, adamel mekar ngrembaka
budaya Jawi. Sikep toleran dhateng dikotomi punika ugi perlu kangge gladhen olah
rasa supados kita tansah waspada, tansah ngangge petungan ing sabarang
tumindak, nora kena den awur ing satemah sasar susur.
Tembung waspada piyambak mengku teges “tansah awas ing
pada”. Manawi padane punika “pada lingsa” (tandha koma ing aksara Jawi), inggih
kedah wonten let-letane, ambegan rumiyin sawetawis lajeng lumampah malih.
Semanten ugi manawi padane punika “pada lungsi” (tandha titik), inggih kedah
purun mandheg mak sssst, direm sampun ngantos bablas mindhak kadrawasan mangke.
Wonten ing jagad pakeliran, sinambi ndhodhog kothak ki dhalang asring paring
sasmita “kadya kukila mung weng gantangan”. Para niyaga, wiraswara, lan
waranggana sadaya sampun sami nyumerabi sasmita wau, inggih punika boten
kepareng ngglajus nggelar sampak sakarepe udele dhewe (sing arepe mangan udele
dhewe kaya cak sapta ya sapa cak), amargi sasmita wau minangka tandha manawi
sampun wancinipun nabuh gendhing Perkutut Manggung.
Sapunika sumangga kita gagas-gagas, kita sadaya punika
rak ‘korban’ saking prastawa sejarah ta? Pramila kangge ngadhepi mangsa
samangke lan ingkang badhe kalampahaken, prayoginipun kita kedah purun noleh
mawingking supados boten kesampar kesandhung anggen kita badhe tumapak lumampah
mangajeng manggihi karahayoning bebrayan ing alam sawegung. Ning kosokwangsulipun,
kula ugi boten kuwawi angluputaken satunggaling pamanggih ingkang mratelakaken
bilih punjering kawigatosan ing salabetipun kita tumandang damel, punika kedah
mligi tumuju ing riki lan ing wekdal samangke. Pamanggih punika manawi kamamah
lembut inggih pancen wonten leresipun, sauger pamanggih makaten wau boten
pisan-pisan anglirwakaken dhateng sadaya kedadosan ingkang sampun nate gumelar,
nanging tetep dipun kantheni kaweruh saking pundi sangkan kita punika lan daya
pangaribawa saking prastawa sejarah ingkang pundi ingkang handadosaken kita
kados sapunika. Rumangsa melu handarbeni, wajib melu hanggondheli, mulat sarira
hangrasa wani.
Santayana, salah satunggaling filosof saking sabrang
Kilenan ugi nate asung wewarah, kinten-kinten makaten ungelipun “Those who
don’t know their own history are condemned to repeat it.” [Sok sintena ingkang
boten ngawuningani sejarahipun, padatanipun lajeng angambali prastawanipun.]
Ancasipun angrikataken anggenipun badhe anggayuh kamajengan, gumregah enggal
tata-tata murugi ingkang saweg dados sawangan, bebasan nginanga durung abang
ngidua durung asad, mak jleg sampun dumugi ing pucuk. Nanging sarehning sampun
kicalan ingkang saged dados pancadan, boten sanes inggih punika budaya Jawi
minangka perangan jati dhirinipun piyambak–ingkang sami dipun singkiri kapara
malah kaasoraken drajatipun–temahan ing satengahing margi ingkang pinanggih
namung reribed, jebul malah dharedhah tansah panca bakah kaliyan bangsanipun
piyambak. “Kasmaran angimpun kawrin, ngaran Suluk Sangkan Paran, amrih wruh
bener lupute, wong tumitah aneng ndonya, purwane saking apa, angandika Kanjeng
Rasul, sapa kang wruh ing sarira, sayekti wruh Hyang Widdhi, pesthi ananing
manungsa, kadis punika pakone pan nora kuwasa nora, manungsa ngawruhana, inya
ingkang nedya weruh, wruh babarira kamulyan….”
Ingkang dados sedyaning manah kula, inggih punika namung
badhe mawas salah satunggaling wataking manungsa ingkang ing wekdal samangke
perlu sanget kagesangaken. Manungsa punika kasinungan watak saged nata. Sinten
ingkang nglirwakaken tamtu badhe manggihi kapitunan ageng boten saged angratoni
alam karahayonipun. Gesangipun manungsa punika saged katitik saking cipta,
rasa, lan karsanipun. Sipating gesangipun manungsa warni tiga wau kenging kula
tembungaken daya-dayaning Gusti ingkang wonten ing manungsa.
[1] Cipta punika keplasipun dhateng kaweruh. Ananging
manungsa kedah enget dhateng weting kodrat, bilih kaweruh wau kedah tumuju
dhateng pangurbanan, inggih punika sepi ing pamrih karenan lereming reh rahayu,
dados tumuju dhateng karahayon.
[2] Karsa punika pentokipun dhateng panguwasa, amargi
manungsa punika manawi sampun saged mranata badhanipun piyambak, inggih saged
mranata dhateng kiwa tengenipun. Namung kemawon, kawasa ingkang sampun kasarira
dening manungsa punika wau kedah kangge angayomi.
[3] Rasa punika keplasipun dhateng katresnan, dados kedah
mawi kekiyataning raos.
Watak punika dumunung wonten ing utek, naminipun pamikir.
Sadaya ingkang medal saking wewengkon punika nami pikiran. Samangsa manungsa
gadhah pikajeng, pamikir lajeng kataman dhateng dayaning pikajeng wau, lajeng
ebah. Lha ebahing pamikir punika ingkang dipun wastani mikir, sanes
mikir-mikir. Dene bentenipun, tiyang mikir punika mesti wonten ancas
tujuwanipun. Pikiran satunggal lan satunggalipun ingkang jumedhul saking
pamikir punika lajeng kagathuk-gathukaken, kasaring-saring, perlunipun ngupadi
pamanggih ingkang mikantuki dhumateng ingkang ngebahaken pikiran wau.
Tiyang mikir punika kados dene tiyang mlampah: dumugi ing
prasekawanan boten sumerab lajenging lampahipun, punapa mangiwa punapa
manengen. Samangsa tiyang punika namung linggih kemawon, tamtunipun boten badhe
sumerab margi pundi ingkang kinten-kinten leres. Benten sanget samangsa tiyang
wau lajeng purun menek uwit inggil upaminipun, saged sumerab tlatah sakiwa
tengenipun. Ing inggil uwit saged angsal pamanggih, margi pundi ingkang
sakinten saged dumugi ing papan ingkang katuju. Lepat lan leresipun pamanggih
wau badhe kayektosan manawi sampun dipun lampahi. Kosokwangsulipun, tiyang mikir-mikir
punika namung anampeni saben pikiran ingkang medal saking kajengipun piyambak,
boten wonten punthonipun, tanpa pamanggih punapa-punapa.
Dados punthoning tiyang mikir punika angsal pamanggih.
Pamanggih wau yen kacobi nembe kasumeraban leres lan lepatipun. Cekakipun:
tiyang purun mikir punika manawi angsal reribed, wujuding karibedan
warni-warni, kajengipun namung badhe ngicali karibedan wau. Punika ingkang
dados pamrihipun tiyang mikir, mila wonten tetembungan yen boten wonten lampah
tanpa pamrih tegesipun tanpa tuju. Dene lampahipun kados makaten, samangsa
tiyang punika manggih karibedan, lajeng pamikiripun kendel jegreg kados tiyang
lumampah ingkang kaalang-alangan. Ing batos wonten pikajeng badhe ngicali
pepalang wau.
Pamikir, kadayan saking dayaning pikajeng, lajeng samekta
badhe nyambut damel. Karibedan wau kapilah-pilah, perlunipun badhe nyumerabi
sapinten agenging karibedan sarta badhe kabucal mbaka sakedhik. Pilah-pilahan
lajeng kawawas mbaka satunggal, urut, boten sapurun-purun kemawon pamendhetipun.
Sadaya pangalamaning pamikir lajeng kawedalaken. Pangalaman wau dipun
gothak-gathukaken, wiwit nyobi-nyobi pangalaman pribadi pundi ingkang sakinten
saged ngicali karibedan punika. Wekasaning panyobi wau angsal pamanggih
satunggal kalih ingkang sajak saged katindakaken, salah satunggal kedah
kapendhet. Manawi kacobi, badhe nyumerabi leres lan botenipun. Manawi panci
leres, nama yen pamikiran leres. Manawi pamanggih wau boten mikantuki, nama yen
pamikiranipun lepat utawi klentu.
Saged ngrumaosi lan mangertosi, punika perkawis ingkang
raket keket supeket cathok gawelipun kaliyan muluring pamikir, ingkang sakawit
saged mangertos sebab saking mikir utawi mangertos sebab saking pangraos.
Sadaya kempaling pangertosan ingkang mijil saking pamikir utawi pangraos
mujudaken undhuh-undhuhan saking weruh, amila lajeng kasebat kaweruh, amargi
ingkang dados empan paraning gilig punika inggih saking tumanduk ing weruh.
Inggih pikajenganing manungsa ingkang kasurung dening rumaos hambetahaken saha
niyatipun kepingin mangertosi dhateng samukawis punika ingkang dados dhasaring
kaweruh.
Saking daya pakartining pikir, kaweruh punika lajeng
nuwuhaken pangertosan. Hewadene pangertosan ingkang tuwuh saking muluring
pamikir ingkang dipun kantheni kekiyataning pangraos, keplasipun mangke lajeng
tumuju dhateng katresnan, tresna dhateng sasamining ngagesang. Tuwuhing
pangertosan punika boten cekap namung kandel-kumandel saking moncering pepaking
kaweruh ilmu-ilmu pangawikan kemawon, utawi saking ngapalaken punapa dene nirokaken
isining buku lan reriptan sanesipun, lajeng njajal-njajal piyambak ngiras
pantes nyinau neniteni lan nggagas-nggagas utawi nglimbang-nglimbang., nanging
ugi kedah saged nyumerabi kawontenan sarana kersa migatosaken dhateng
kawontenan wau, punika ingkang nama maca kahanan.
Migatosaken dhateng kawontenan punika tegesipun nanggapi
dhateng ebahing indriya, nabet saha mangertos dhateng tabet punika saperlu
kangge nggugah raos. “Sing sepi resepana, sanadyan sing sepa ora muspra.”
Moncering wejangan punika saged kangge cakotan manawi badhe mirantosaken margi
ingkang kedah dipun ambah dening para lelampah, murih boten angececer wanci
sarta saged rancag dumugining gegayuhanipun. Wohipun tiyang migatosaken
kawontenan punika tamtu gesang raosipun, kagigah raosipun, lajeng purun
ngraosaken dhateng kawontenan. Manawi tiyang punika sampun gesang raosipun,
padatanipun lajeng tuwuh niyatipun tumut hangrerencangi kadumugening sedya
angratoni alaming karahayon ing salebeting gesangipun.
“Pepindhanipun gupala kawarsan [reca lumuten saking
lawasipun], punika kangge nggambaraken manungsa ingkang gesangipun tanpa
linambaran raos,” makaten Rama Topo ing Pakuncen paring damar seserepan
ngengingi perkawis raos punika. “Kudu nginang suruh, sumuruba nganti weruh,
bisoa nganti tekan rosing rasa, gaduk ing rasa, candhak ing tata.” Ngerti
punika pancen jembar tegesipun, amila ing blabaraning piwulang, panglantih
sagedipun olah nalar lan gineman kanthi patitis–tegesipun saged njlentrehaken
punapa ingkang sampun dipun sumerabi–punika gandheng renteng kaliyan piwulang
ngrembag samubarang kanthi olah nalar lan panglantih olah cecaturan ngangge
basa lan lagu ingkang becik, ngampil basanipun ndara tuwan kolonial mungel
Zaakonderwijs verbonden met spreeken verstandsoefeningen.
Perkawis olah nalar lan mahyakaken pamikiran arupi
seratan utawi gineman kanthi patitis punika lajeng ngemutaken kula ngengingi
tata cara ing pawiyatan nalika jaman kolonial Walandi, inggih punika
opstelletje makenkados ingkang sampun nate kapratelakaken ing buku anggitanipun
Rama J.B. Mangunwijaya asesirah Impian dari Yogyakarta. Ing tata cara
opstelletje maken punika, para siswa kadhawuhan kapurih adamel reriptan, lajeng
seratanipun punika kawaos ing sangajengipun kelas. Ingkang kajibah mbiji (saged
ugi arupi pitakenan langsung) punika boten namung guru, nanging ugi kalebet
kanca-kancanipun sesami siswa.
Kanthi panglantih nyerat lan mbabar isining seratan ing
sangajengipun akathah punika, punapa malih manawi katindakaken saben dinten,
para siswa wiwit taksih mambu kencur sampun dipun kulinakaken mahyakaken
pamikiran-pamikiranipun kanthi patitis lan boten dados gampang nesu lajeng
ngrancang reridhu anjlumati laku manawi pinuju pikantuk panacad utawi
panyaruwe.
Kaweruh bab ngelmu punika manawi taksih saking
piwulangipun asanes, utawi piwulangipun buku-buku, punika taksih dereng kenging
dipun percados wetah, jalaran piwulang wau sayektosipun namung ancer-ancer
minangka kangge cocogan ing tembe. Dados sadaya piwulang punika sagedipun
tumanja boten cekap namung taberi ngemba-ngemba damel warna-warni pitakenan,
nanging kedah dipun pirsani kepriye tandang grayange, gada gitike, labuh labete
marang tugase, carane pasrawungan bisa samat-sinamatan apa ora, bisa tanggap
marang kaperluwan apa ora. Ing Serat Wedhatama yasan dalem Kanjeng Gusti
Mangkunegara IV wonten tetembungan minangka gagaran tumrap para ingkang sami
ngudi kaweruh, ungelipun makaten: “Ngelmu iku kalakone kanthi laku, lekase
lawan kas, tegese kas nyantosani, setya buda pangekese dur angkara”.
Sekar Pucung punika wosipun nyethakaken menggah ngelmi
punika sagedipun tumama kedah mawi lampah lan kawiwitan saking santosaning
lahir lan batos. Manawi sampun tuhu bebudenipun tamtu badhe saged hambengkas
tumindak awon sarta angkaranipun. Sanadyan kagungan ngelmu, nanging manawi
boten kersa hanglampahi, punika pepindhanipun kados dene wastra lungset ing
sampiran. Dados para ingkang ngupadi dhateng kaweruh lan kautaman samya
ngrumaosi kajibah nyepeng tanggel jawab tumut lelumban aneng samodraning
pakaryan njejegaken kawontenan lan sadaya tumindak ingkang karaosaken singlar,
nalisir, geseh, mencong, menceng, serong, cengkah, punapa dene ingkang mbadal
saking pepoyaning kautaman, supados ingkang kaesthi, ingkang kawijil ing lathi
saha ingkang binabar ing tindak-tanduk lan solah-bawaning pakarti sageda
murakabi ing kardi.
Tiyang ingkang saya berag anggenipun ngudi ngelmi
kasampurnaning agesang, satemah cahyaning wadananipun katingal sumunar
kaprabadan resik weninging budinipun. Manawi tiyang punika tansah taberi ngudi
kasembadaning gegayuhanipun, tansah incang-inceng luru ngelmu, thruthusan sinau
linambaran ing lampah sesirik sarwa gengsi, satemah badhe saged sumerab lan
mangertos sayektos kasunyatan kawontenaning jagad nginggil lan jagad ngandhap.
Jagad nginggil ingkang padhang narawang anjog dhateng
kasuwargan. Jagad ngandhap ingkang kebak pepeteng, rereged lan sarwa dosa. Awit
saking sanget ing pangudi, satemah saged kadumugen gegayuhanipun saged nutul
kembang sadhompol, inggih punika sekaring kasampurnan marganing asuwargan
ingkang satuhu, ingkang rupinipun mancawarna, abramarkata kados
manekawarninipun drijining asta, panjang celak, ageng alit, lan maneka warni
tujuwan sarta pigunanipun.
Minangka jangkeping wawasan, kula badhe mratelakaken
lampahing panggulawentah gandheng kaliyan wataking manungsa. Ing saderengipun
jabang bayi lair, punika sampun anggadhahi wewatakan ingkang dipun wastani
dhasaring watak. Anggegesang wewatakan ingkang sae saha amejahi watak ingkang
kirang prayogi punika ingkang dipun wastani panggulawentah. Manawi para juru
panggulawentahipun boten saged dados patuladhan, lajeng kados pundi
wewatakanipun lare ing tembe wingking? Kacang ora ninggal lanjaran. Anak molah
bapa kepradhah. Manawi panggulawentahipun klentu, satemah watak ingkang sae wau
lajeng saged kasilep, katutupan dening ngrembakaning watak ingkang kirang
prayogi. Amila, patrapipun para juru panggulawentah anggenipun nuntun dhateng
lare kedah sarana ngulataken dhateng dhasaring wewatakanipun lare, supados
tuntunanipun sageda laras kaliyan ancasing lare.
Sanadyan katuntun kados punapa kemawon, rancaging lampah
anggayuh karaharjaning putra ngantos dados tiyang pinter, nanging manawi
kasagedan wau boten laras kaliyan dhedhasaring wewatakan ingkang sumimpen ing
dalem putra wau, ing tembe tamtu badhe wonten benceng cewengipun tumrap
wewatakanipun, bebasan pintere mung pinter keblinger boten uninga punapa
ingkang perlu katindakaken utawi pundi margi ingkang kedah kaambah amrih saged
kadumugen gesangipun. Lare punika jiwa ingkang gadhah lelampahan piyambak,
ingkang perlu anggayuh satunggaling pakaryan ingkang sampun dados
tetanggelanipun, gadhah kewajiban ingkang kedah karampungaken ing salabeting
gesangipun.
Sadaya kadadosan punika rak mesthi wonten
sebab-musababipun, pramila punika manawi kita badhe ngundhuh woh ingkang
miraos, inggih lajeng perlu ngengeti damel wiji utawi sebab ingkang saged
nguwoh miraos. Mbokmanawi sampun dados wewataking manungsa, manawi dereng
wonten lelampahan ingkang sangsara, limrahipun dereng kraos klentu lan sok ugi
dereng wonten niyat badhe andadosi sebabipun nandhang papa cintraka wau. Dados
nedhah-nedhahaken kasangsaran, ngertos-ngertosaken dhateng risaking kawontenan,
bibrahing tatanan ingkang tundhonipun damel kapitunanan dhateng asanes, punika
perlu supados bebrayan umum saged tumut ngraosaken lelampahan ingkang
sinandhang. Manawi sampun saged kraos, yakin yen sangsara, limrahipun lajeng
gampil dipun ajak mikir punapa ta sebabipun lan kados pundi anggen kita saged
ngrungkeb ingkang dados gedibaling ontran-ontran, rengka-rekasaning laku,
rungsit-gawating gesang ing ngalam bebrayan Nuswantara punika.
Anggenipun bangsa kita ebah ngupados kamulyan tuwin
kaluhuran sampun 58 warsa, ananging kedah sami dipun akeni manawi dumugi
samangke ebah-ebahan wau dereng saged mujudaken woh kados ingkang dipun
ajeng-ajeng. Pramila ebah-ebahan wau kedah dipun santosakaken, supados
kekiyatanipun langkung ageng katimbang samangke. Sadaya panjangka ingkang dipun
lambari kekiyatan ingkang rosa punika mesti enggal kadumugenipun. Awit saking
punika, sumangga kita para mudha ingkang sami jumagar-jumagar tuwin ingkang
wekdal samangke sami ngudi kaweruh mawarni-warni sampun ngantos kesupen bilih
pangudi kaweruh punika namung satunggaling sarana kangge nyamektekaken anggenipun
badhe dados bebrayan.
Para sepuh ingkang ing wekdal samangke lelumban wonten
ing ebah-ebahaning bangsa boten dangu malih badhe lengser saking
palenggahanipun kabekta saking sampun yuswa utawi kekiyatanipun sampun suda
kangge nyambut damel migatosaken kabetahanipun bebrayan. Para taruna ingkang
samangke nedheng ing pawiyatan kedah sami ngrumaosi gadhah wajib anggentosi
palenggahanipun para sepuh. Para nem-neman punika wewatakanipun banter
sakliring tindak, mila dhatengipun para nem-neman ing jagading ebah-ebahan
badhe njurung lampahipun ebah-ebahan wau, tegesipun angrikataken badhe kadumugening
sedya. Ananging, Kanjeng Gusti Mangkunegara IV sampun paring suka pepadhang
tuwin suka pepenget, ungelipun “mung bae wekasing wang, ywa pegat teteki”.
Sadaya tumindak punika kedah linambaran teteki. Teteki
ing riki tegesipun mulat dhateng punapa ingkang dipun tindakaken. Dados teteki
ing riki boten ateges cegah dhahar lawan guling, nanging tansah mulata dhateng
sakathahing tumindak, amargi tindak makaten manawi anggenipun nglampahaken
boten mawi kawicaksanan, tuna dungkapipun sok inggih andrawasi.
Tiyang gesang punika kedah nelangsa, tegesipun nalangsa
dede bingah dede sisah, nanging prihatin. Prihatin ing riki tegesipun tansah
nglanggengaken raos eling, mangesti marang kang mesti. Wewarah ing inggil wau
ugi cundhuk kaliyan piwulang dalem eyang Breges Sotya Tunggul Negara, inggih
Sinuwun P.B. V, sinawung Sekar Dhandhanggula mungel makaten: “Yen tegese wong
prihatin iki, ora nyirik dhahar lawan nendra, ngemana ragamu angger, awit
prihatin iku, dadi wajib lakuning urip, amrih temtreming manah, dimen ora
numbuk, ya iku wong olah padhang, ngrasakake bener luput ala becik, dununge
kang sanyata.
Satunggaling bangsa ingkang badhe anggarap satunggaling
pakaryan agung, ingkang ngangkah murih rahayuning bebrayanipun, punika boten
perlu kesesa supados enggal saged ngundhuh wohipun, nanging langkung perlu
utawi langkung utami manawi ing salebetipun angudi kacepenging gegayuhanipun
wau dipun kanteni ngudi murih kawontenaning bebrayanipun samangke punika ing
tembe sageda sami nurunaken bebrayan enggal ingkang ambegipun laras kaliyan
kekudanganipun murih sageda widada kawontenanipun, samangsa pancering gegayuhan
wau saged kadarbe. Punika amargi sanadyan tiyang saged kadumugen sedyanipun
andarbe kawontenan ingkang endah, edi tuwin peni, nanging manawi ambeging bebrayan
wau dereng sami rahayu, saestu boten saged widada, telenging gegayuhan badhe
muspra sabab badhe gampil risakipun, manawi tewah cocongkrahan rebut unggul ing
dalem kalanganipun piyambak.
Lir pindhane geni murub siniram lenga patra, boten saged
enggal hambirat ingkang ngenggreg-enggregi, lha kok malah sangsaya ndadra,
sangsaya angel panyirebe anggenipun sami remen nuruti hardha puwa-puwaning ati.
Kamanungsan lebur tanpa aran ing satengahing palagan antarane urip lan
kanisthan.Watuk ingkang taksih cumondhok ing wataking bangsa punika badhe
sangsaya awrat anggenipun ngusadani. Nuwun
Muga Bermanfa’at.
Salam Rahayu kanti Teguh Selamat Berkah Selalu
Ttd:
Wong Edan Bagu
Putera Rama Tanah Pasundan
http://putraramasejati.wordpress.com
http://webdjakatolos.blogspot.com
Post a Comment