MEMAHAMI FILOSOFI LELUHUR JAWA. Bagian. 5
ANANE SWARGA LAN NERAKA:
Oleh: Wong Edan Bagu.
Putera Rama Tanah Pasundan
PURWAKA:
BAB I
ANANE SWARGA LAN NARAKA
Ngrasakake utawa eling, marang kabecikaning Pangeran, iku
arane : weruh ing kasukuran.
Ngrasakake utawa ngelingi marang kabecikaning
sapadha-padhane tumitah, iku aran : weruh ing panarima.
Weruh ing kasukuran, tegese : sembah nuwun marang
Pangeran.
Weruh marang panarima, tegese : ngrumangsani tampa
kabecikaning liyan.
Weruh ing kasukuran iku kosok baline : manglah, ngeluh, ngesah,
ngresula sapanunggalane.
Weruh ing panarima lan weruh ing kasukuran iku kerep bae
lira-liru, sebab karo pisan ateges NGRUMANGSANI TAMPA KABECIKAN.
Manglah, ngeluh utawa ngresula iku ngemu rasa ORA ADIL
marang pepesthening Pangeran kang tumiba ing awake.
Munek-munek, pegel utawa muring iku ateges ora NGANGGEP
ADIL marang panggawening liyan kang tumiba ing awake.
Titikane wong kang wis dewasa MANUSANE SAJATI, iku SIJI :
yen kerep ngrasakake kasukuran, aran ngresulane. LORO : yen kerep ngrasakake
kabecikaning liyan, arang murang-muring.
Titikane wong kang durung dewasa MANUSANE SAJATI, iku :
SIJI : yen kerep manglah (ngresula), arang ngrasa marang kasukuran. LORO : yen
kerep ngeling-eling alaning liyan, arang ngelingi kabecikaning liyan.
Dhemen ngetungi lan ngeling-eling kabecikaning Pangeran
iku dayane marakake akeh kasukurane, arang ngresulane.
Dhemen ngetungi lan ngeling-eling kabecikaning liyan iku
dayane marakake akeh panarimane marang sapadha-padha, arang pengunek-uneke.
Wong kulina ngrasakake kasukuran lan panarima iku
ngenggalake dewasaning kamanungsane kang sejati.
Wong kulina manglah lan muring iku ngrendhetake dewasaning
kamanungsane sejati.
Wong kang ngrasakake kasukuran lan panarima iku
kasinungan ing ati adhem, ayem, tentrem lan engetane padhang.
Wong kang ngrasakake kasukuran lan panarima iku ing batin
kadunungan ing bebakalan kang dayane marakake adhem lan padhang. Bebakalan mau
kang narik marang nananing swarga.
Wong kulina ngrasakake pangresula lan pamuring iku ing
batine kadunungan ing bebakalan kang dayane marakake panas lan peteng.
Bebakalan mau kang narik marang ananing naraka.
Swarga naraka iku sejatine : RASA PANGRASA dudu
PANGGONAN.
Swarga iku asal saka RASA kang adhem lan padhang. Naraka
iku asal saka RASA kang panas lan peteng.
Wong kang atine adhem lan padhang : tansah dikinthil ing
swarga.
Wong kang atine panas lan peteng : tansah dikinthil ing
naraka.
Rasa adhem lan padhang apa dene panas lan peteng iku
arane : alam sahir. Dene swarga – naraka iku alam kabir.
Dadi alam kabir : iku terusane alam sahir. Tegese :
terusaning rasa pangrasa.
ANANE alam kabir : saka ANANE alam sahir. Nanging
dumadine bareng.
Sirnane alam kabir, saka sirnane alam sahir. Nanging
enggone sirna : b a r e n g.
Sadhengah wong, bisa gawe swarga lan bisa gawe naraka.
Swarga gaweyane mau, sing ngrasakake ya mung sing gawe
dhewe. Sing ora melu gawe : ora melu ngrasakake.
Naraka gaweyane mau, sing ngrasakake yang mung sing gawe
dhewe. Sing ora gawe : ora melu ngrasakake.
Wong kang ngalami swarga : ora precaya yen naraka iku
ana. Mung swarga sing dikira ana. Awit rumangsane kang ana ing swarga, ing
ngendi-endiya : kaswargan kabeh. Sajagad rad pramudita, diubresa : ora tinemu
kang aran naraka. Ora ana enggon salengging edom kang ana narakane. Cekake :
Awang-uwung kang tanpa wates jembare : isine kasenengan kang madhangi ati.
Isining jagad ora ana kang ora nyenengake ati, lan ora ana kang ora madhangake
ati. Kabeh kang kumelip padha nyenengake lan madhangake ati.
Wong kang ngalami naraka, ora percaya yen swarga iku ana.
Mung naraka thok sing dikira ana. Awit rumangsane kang ana ing naraka : ing
ngendi-endiya : kanerakan kabeh. Sajagad rad pramudita, diubresa : ora tinemu
kang aran swarga. Cekake : awang-uwung kang tanpa wates jembare : isine mung
rasa panas bingung rungsang lan petenging engetan. Isining Jagad ora ana kang
ora memanas lan nusahake ati. Kabeh kang kumelip padha agawe susah lan memanas
sarta metengi engetan.
Wong kang ngalami swarga, enggone ora ngira yen naraka
pancen ana : iku ora beda kaya dene wong ing ngalam donya. Enggone ora precaya
yen swarga lan naraka pancen ana. Disengguh mung alam donya thok sing ana. Awit
awang0uwung kang tanpa wates jembare, diubresa : ora ana rnggon salenging dom
kang ana swargane utawa narakane. Kang ana mung kadonnyan thok.
Wong kang ngalami naraka, enggone ora precaya yen swarga
iku ana : iya ora beda karo wong kang ana ing alam donya : bab enggone ora
precaya yen alam kaalusan iku ana. Awit Sajagad pramudita, diubresa : ora
tinemu kang aran alam ka-alusan.
Yen ana kang takon mangkene : swarga utawa naraka iku ANA
apa ORA, iku ; prayoga kang takon dipurih mikir dhisik bab tegese ANA lan ORA
ANA. Ana tegese apa, ora ana tegese apa.
Ing kono yen wis ngreti terang tegese ANA karo ORA ANA,
lah iku lagi bisa mangerti, yen swarga iku pancen ana tumrap kang ngalami. Ora
ana : tumrap kang ora ngalami. Naraka iku ana : tumrap kang ngalami. Ora ana :
tumrap kang ora ngalami.
Ing ngisor iki dadiya tuladha :
Swarga, iku ana apa ora. Sing duwe pangrungu ngarani :
ana. Sing ora duwe pangrungu netepake ora ana.
Pepadhang, rerupan utawa werna, iku ana apa ora. Sing
duwe pandulu ngarani ana. Sing ora bisa ndulu, ora ngarani ana.
Swarga iku ana apa ora. Sing duwe rasa padhang lan adhem
ngarani ana. Sing ora duwe rasa padhang lan adhem ngarani ora ana.
Naraka iku ana apa ora. Sing duwe rasa peteng lan lara
ngarani ana. Sing ora duwe : ngarani ora ana.
Jagad iku ana apa ora. Sing duwe engetan lan rasa
pangrasa : ngarani ana. Sing ora duwe engetan lan rasa pangrasa ora ngarani
ana.
Pamngeran iku ana apa ora. Sing duwe budi lan rasa :
ngarani ana. Sing ora duwe budi lan rasa : ora ngarani ana.
Tuladha liyane :
Woh pare iku enak apa ora. Sing doyan ngarani enak, sing
ora doyan ngarani ora enak.
Si Naya becik apa ala. Sing dhemen ngarani becik, sing
gething ngarani ala.
Mangkana sapanunggalane.
****
WIRANGRONG
1. Densamya marsudeng budi, wiweka dipunwaspaos, aja
dumeh bisa muwus, yen tan pantes ugi, sanadyan mung sakecap, yen tan pantes
prenahira.
2. Kudu golek mangsa ugi, panggonan lamun miraos, lawan
aja age sira muwus, dununge denkesthi, aja age kawedal, yen durung pantes
rowanya.
3. Rowang sapocapan ugi, kang pantes ngajak calathon, ajo
sok metua wong calathu, ana pantes ugi, rinungu mring wong kathah, ana satengah
micara.
4. Tan pantes akeh ngawruhi, mulane lamun miraos, dipun
ngarah-arah ywa kabanjur, yen sampun kawijil, tan kena tunututan, mulane
dipunprayitna.
Muga Bermanfa’at.
Salam Rahayu kanti Teguh Selamat Berkah Selalu
Ttd:
Wong Edan Bagu
Putera Rama Tanah Pasundan
http://putraramasejati.wordpress.com
http://webdjakatolos.blogspot.com
Post a Comment