MEMAHAMI FILOSOFI LELUHUR JAWA. Bagian. 1
(1). MEMAHAMI FILOSOFI LELUHUR JAWA
Oleh: Wong Edan Bagu.
Putera Rama Tanah Pasundan
Leluhur masyarakat Jawa memiliki beraneka filosofi yang
jika dicermati memiliki makna yang begitu dalam. Tetapi, anehnya filosofi yang
diberikan oleh para leluhur itu saat ini dinilai sebagai hal yang kuno dan
ketinggalan jaman. Padahal, filosofi leluhur tersebut berlaku terus sepanjang
hidup. Dibawah ini ada beberapa contoh filosofi dari para leluhur/nenek moyang
masyarakat Jawa.
“Dadio banyu, ojo dadi watu” (Jadilah air, jangan jadi
batu).
Kata-kata singkat yang penuh makna. Kelihatannya jika
ditelaah memang manungso kang nduweni manunggaling roso itu harus tahu
bagaimana caranya untuk dadi banyu.
Mengapa kita manusia ini harus bisa menjadi banyu (air)?
Karena air itu bersifat menyejukkan. Ia menjadi kebutuhan orang banyak. Makhluk
hidup yang diciptakan GUSTI ALLAH pasti membutuhkan air. Nah, air ini memiliki
zat yang tidak keras. Artinya, dengan bentuknya yang cair, maka ia terasa
lembut jika sampai di kulit kita.
Berbeda dengan watu (batu). Batu memiliki zat yang keras.
Batu pun juga dibutuhkan manusia untuk membangun rumah maupun apapun.
Pertanyaannya, lebih utama manakah menjadi air atau menjadi batu? Kuat manakah
air atau batu?
Orang yang berpikir awam akan menyatakan bahwa batu lebih
kuat. Tetapi bagi orang yang memahami keberadaan kedua zat tersebut, maka ia
akan menyatakan lebih kuat air. Mengapa lebih kuat air daripada batu?
Jawabannya sederhana saja, Anda tidak bisa menusuk air dengan belati. Tetapi
anda bisa memecah batu dengan palu.
Artinya, meski terlihat lemah, namun air memiliki
kekuatan yang dahsyat. Tetes demi tetes air, akan mampu menghancurkan batu.
Dari filosofi tersebut, kita bisa belajar bahwa hidup di dunia ini kita
seharusnya lebih mengedepankan sifat lemah lembut bak air. Dunia ini penuh
dengan permasalahan. Selesaikanlah segala permasalahan itu dengan meniru
kelembutan dari air. Janganlah meniru kekerasan dari batu. Kalau Anda meniru
kerasnya batu dalam menyelesaikan setiap permasalahan di dunia ini, maka
masalah tersebut tentu akan menimbulkan permasalahan baru.
“Sopo Sing Temen Bakal Tinemu”
Filosofi lainnya adalah kata-kata “Sopo sing temen, bakal
tinemu” (Siapa yang sungguh-sungguh mencari, bakal menemukan yang dicari).
Tampaknya filosofi tersebut sangat jelas. Kalau Anda berniat untuk mencari ilmu
nyata ataupun ilmu sejati, maka carilah dengan sungguh-sungguh, maka Anda akan
menemukannya.
Namun jika Anda berusaha hanya setengah-setengah, maka
jangan kecewa jika nanti Anda tidak akan mendapatkan yang anda cari. Filosofi
di atas tentu saja masih berlaku hingga saat ini.
“Sopo sing kelangan bakal diparingi, sopo sing nyolong
bakal kelangan”
(Siapa yang kehilangan bakal diberi, siapa yang mencuri
bakal kehilangan).
Filosofi itupun juga memiliki kesan yang sangat dalam
pada kehidupan. Artinya, nenek moyang kita dulu sudah menekankan agar kita
tidak nyolong (mencuri) karena siapapun yang mencuri ia bakal kehilangan
sesuatu (bukannya malah untung).
Contohnya, ada orang yang dicopet. Ia akan kehilangan
uang yang dimilikinya di dalam dompetnya. Tetapi GUSTI ALLAH akan menggantinya
dengan memberikan gantinya pada orang yang kehilangan tersebut. Tetapi bagi
orang yang mencopet dompet tersebut, sebenarnya ia untung karena mendapat
dompet itu. Namun,ia bakal dibuat kehilangan oleh GUSTI ALLAH, entah dalam
bentuk apapun.
Dari filosofi tersebut, Nenek moyang kita sudah
memberikan nasehat pada kita generasi penerus tentang keadilan GUSTI ALLAH itu.
GUSTI ALLAH itu adalah hakim yang adil.
(2). SOPO ORA NANDANG SUKA LAN SUNGKAWA ?
Para maos layang iki tak pastekake ora beda karo
pangriptane layang iki; wis kerep kataman ing SUKA ( Bungah ) lan SUNGKAWA (
Susah ). Ora mung kerep wae, satemene panandang sing kita jenengi BUNGAH lan
SUSAH kuwi pancen kita sandang sedina-dinam ing saben jam, saben menit, saben
sekon.
Ujare kawruh BEGJA ( Kyai Ageng Surjamataram ) ; pancen
lelakone wong urip kuwi mung gek bungah gek susah, gek bungah gek susah,
mangkono sadina dinane. Ora ana wong bungah terus-terusan sing tanpa susah lan
ora ono wong susah terus-terusan sing tanpa bungah. Ing sajroning bungah sing
kaya ngapa wae banjur thukul susahe, ing sajroning susah sing tumpuk-tumpuk
tumpang tindihya isih bisa tuwuh bungahe.
Miturut wewarahe kawruh mau, thukule BUNGAH lan SUSAH
kuwi jalaran saka mulur mungkrete karep. Wong duwe kekarepan kuwi yen
katekan BUNGAH yen ora katekan SUSAH. Mangka karep kuwi yen wis katekan mesti
banjur mulur, mulur maneh lan mulur maneh nganti……….ora katekan. Kosok baline
karep kui yen ora katekan mesti banjur mungkret, mungkret maneh, mungkret
maneh, nganti…….katekan.
Mulane lelakone yo mung gek bungah gek susah – gek bungah
gek susah, mangkono wae janji ish urip ora nganggo mikir.
Teruse wedare kawruh mau: lalakon gek bungah gek susahh
kuwiwong sajagad-rat iki pada wae, ora ana bedane babar pisan, antarane RATU
karo KERE, Wali Karo Bajingan. Mung wae SABABE lan WUJUDE
Ana Candhake……………………………
(3). AJI PAMELENG
Tegesipun aji = ratu, pameleng = pasamaden; mengku
pikajeng : tandaning sedya ingkang luhur piyambak. Dene empaning pandamelan wau
winastan manekung, pujabrata, mesu budi, mesu cipta, ngeningaken utawi
angluhuraken paningal, matiraga lan sasaminipun.
Papan ingkang kangge nindakaken wau panepen, panekungan,
pamujan, pamurcitan, pamursitan, pahoman, paheningan lan sanes-sanesipun. Dene
wedharing kawruh winastan daiwan, dawan, tirtaamerta, tirtakamandhanu,
tirtanirwala, mahosadi, kawasanan, kawaspadan, kawicaksanaan, sastracetha,
utawi sastrajendrayuningr at pangruwating diyu lan sapanunggalanipun.
Menggah pigunanipun kawruh lan pandamel wau, perlu kangge
sarananing panembah murid manggih kawilujengan, margi saged anindakaken dhateng
sawarnaning pandamel sae, punapadene kangge sarana duk kita darbe sedya nunuwun
kanugrahaning gesang kita pribadi (Pangeran), inggih nunuwun bab punapa kemawon
ingkang limrah kenging linampahan saking pandamel kita ingkang boten tilar
murwat.
Wondene purwanipun ing jagad teka wonten kawruh
pasamaden, bilih miturut saking tembung-tembungipun , sanyata kathah ingkang
nagngge basa Sansekrit; yen makaten tetela manawi wimbaning kawruh pasamaden
wau saking tumitising kawicaksananipun bangsa Indhu ing jaman kina makina,
ingkang sampun boten kasumerepan petang ewoning taun. Bokmanawi kemawon
papantaranipun kalihan nalika bangsa Indhu amurwani iyasa candhi dalah
reca-recanipun. Dene kawruh wau ing sakawit inggih namung kangge bangsa Indhu,
boten nawang bangsa Indhu ingkang agami punapa kemawon, katamtokaken mesthi
ngrasuk pasamaden. Awit inggih namung kawruh pasamaden punika ingkang dados
mukaning saliring kawruh sajagad, lan ugi dados pangajenging piwulan agami.
Ing ngalami lami bangsa Indhu sami lumeber dhateng ing
Tanah Jawi lan sanes sanesipun, serta sami anggelaraken agaminipun tuwin kawruh
sanes sanesipun; makaten ugi kawruh pasamaden inggih boten kantun. Kawruh
pamasaden wonten ing Tanah Jawi saget ngrembaka tuwuhipun, margi bangsa Jawi
tan pilih drajad sami remen puruita lan saged nandangaken dating pangolahing
kawruh punika, awit kawruh wau saget nocoki kalihan dhadhasaring pamanahipun
titiyang Jawi, mila kalayan gampil rumasukipun wonten ing balung sungsuming
titiyang Jawi. Kasembuh malih saking kathahing bangsa Indhu kados sinuntak sami
angajawi, nedya anggelar agami Jawi lan kawruh kawicaksananipun. Bebasan
sakedeping netra, bangsa Jawi ing sa’indhengipun maratah sampun sami angrasuk
agami Indhu, lan ugi sampun sami saget ngraosaken kabegjan, kamulyan,
kawilujengan lan sasaminipun, margi saking wohing kawruh pandamel wau.
Ing wusana katungka dhatengipun titiyang bangsa Arab sami
lumebet ing Tanah jawi, ingkang ugi ambekta kawruh lan agaminipun Mohammad,
kasebut agami Islam, temah nyunyuda tumangkaring agami Indhu, sebab lajeng
wonten ingkang angrasuk agami Islam. Namung kemawon wedharing agami Islam boten
andarbeni kawruh pasamaden, kados kasebut ing nginggil.
Sareng golonganipun tiyang Islam sampun saget ngendhih
Nagari, inggih punika adeging Karaton Bintara (Demak), ing ngriku lajeng
angawisi kalayan kenceng, titiyang Jawi boten kenging anindakaken kawruh
pasamaden, mekaten ugi sami kinen nilar agaminipun lami, serta kedah santun
angrasuk agami Islam.
Ananging boten ta manawi bangsa Jawi lajeng anut purun
santun agami Islam sadaya, purunipun wau namung margi saking ajrih paukuman
wisesaning Nata, dados Islam-ipun wau namung wonten ing lahir kemawon, utawi
Islam pangaran-aran, yen batosipun taksih angrungkepi agamipun lami. Milo bab
kawruh pasamaden inggih taksih lajeng katindakaken, ananging pamulang
pamedharing kawruh pasamaden wau, ingkang karan nama wejangan (wijang-wijang)
sarana lampah dhedhemitan, katindakaken ing wanci ndalu sasampunipun jam 12,
ugi papaning pamejang boten kenging kaubah wangon, kadosta ing ara-ara, ing
wana, ing lepen lan sasaminipun ing papan ingkang sepen. Pamejangipun srana
bisikan boten kenging kapireng ngasanes, sanadyan suket godhong, kewan tuwin
bangsanipun gegremetan kutu-kutu walangataga ugi boten kenging miring, yen
miring lajeng malih dados manungsa.
Mila linggihipun Kyai Guru ajeng-ajengan aben bathuk
kaliyan pun murid, serta sanget pamantos-mantosipun Kyai Guru, pun murid boten
kenging nularaken wewejanganipun (kawruhipun) dhateng tiyang sanes, bilih
dereng angsal palilah Guru, yen nerak bade angsal wilalat manggih sapudendhaning
Pangeran. Panindak ingkang mekaten punika, purwanipun namung tetep kangge
panjagi, supados pamulanging kawruh pasamaden boten katupiksan dhateng
pamarintahing agami Islam. Sebab yen ngantos kasumerepan, tamtu manggih pidana.
Dumuginipun ing jaman samangke, sanadyan Nagari sampun
boten angarubiru dhateng wontenipun wewejangan kawruh pasamaden, nanging
panindaking wejangan wau taksih kalestantunaken sarana dhedhemitan kados
kawursita ing nginggil. Mila lajeng angsal paparab saking panyedaning titiyang
ingkang boten remen, utami tiyang ingkang anglampahi sarengating agami Islam,
bilih wontening wejangan kawruh pasamaden wau lajeng kawastan ilmu klenik.
Purwo saking tembung klenik, lajeng angandhakaken tembung
abangan lan putihan. Ingkang kasebut abangan punika tiyang ingkang boten
nindakaken saraking agami Islam, dene putihan mastani tiyang Jawi ingkang teluh
manjing agami Islam sarta anglampahi sadaya sarak sarengating agami Islam wau,
inggih punika ingkang kasebut nama santri. Mila santri karan putihan, margi
miturut panganggenipun titiyang agami Islam, bilih santri punika sarwo-sarwi
langkung resik utawi suci tinimbang kaliyan titiyang ingkang boten angrasuk
agami Islam.
Mangsuli wontening kawruh pasamaden anggenipun sanget
winados, menggah ingkang dados sababipun kapretalakaken ing nginggil. Dene yen
saleresipun ingkang nama wados-wados wau pancen boten wonten; dados inggih
kenging-kenging kemawon kawulangaken dhateng sok tiyanga, boten mawang nem
sepuh, serta kenging kawejangaken ing sawanci-wancinipun, uger tiyang wau
pancen ambetahaken kawruh pasamaden kasebat. Sebab wontenipun sadaya punika
supados kasumerepan dhateng ingakathah, langkung-langkung kawruh pasamaden
punika ingkang sanyata dados mukaning sadaya kawruh. Mila wajib sinebar dados
seserepaning tiyang nem sepuh wadarin ing saindengipun, tanpa nawang andhap
inggiling darajadipun.
Amarengi wahyaning mangsakala, wusana wonten kaelokaning
lalampahan ingkang boten kanyana-nyana; ing pawingkingipun bab kawruh pasamaden
wau lajeng muncul katampen dhateng tiyang Islam, margi yakin bilih kawruh
pasamaden wau, pancen musthikaning gagayuhan ingkang saged andhatengaken ing
kawilujengan, kamulyan, katentreman, lan sasaminipun. Mila kawruh wau dening
tiyang ingkang sampun suluh papadhanging raosipun inggih punika Seh Sitijenar,
ingkang ugi dados pramugarining agami Islam apangkat Wali, lajeng kadhapuk ing
ndalem serat karanganipun, ingkang lajeng winastan daim, wirid saking tembung
daiwan kasebut ing nginggil. Punapadene lajeng kaewoaken dados saperanganing panembah,
sarana dipun wewahi tembungipun, lajeng mungel : salat daim (salat – basa arab,
daim saking daiwan basa Sansekrit). Milanipun dipun wewahi basa arab, namung
kawigatosan kangge mikekahaken kapitadosanipun murid-muridipun ingkang sampun
sami necep agami Islam.
Punapadene tembung salat lajeng kapilah kalih prakawis.
Sapisan salat 5 wekdal, kasebut salat sarengat, ateges panembah lahir. Kaping
kalih salat daim, punika panembahing batos; mangertosipun : anekadaken
manunggaling pribadinipun, utawi kasebut loroning atunggil.
Kitab karanganipun Seh Sitijenar wau lajeng kangge
paugeraning piwulang. Sareng sampun angsal kawigatosaning ngakathah, ing ngriku
salat limang wekdal lan sarak agami sanes-sanesipun lajeng kasuwak boten
kawulangaken babar pisan. Ingkang pinindeng namung mumuruk tumindaking salat
daim kemawon. Mila titiyang Jawi ingkang suwau manjing agami Islam,
langkung-langkung ingkang dereng, lajeng sami ambyuk maguru dhateng Seh
Sitijenar, margi piwulangipun langkung gampil, terang lan nyata.
Wondene purwanipun Seh Sitijenar kaserenan kawruh
pasamaden, ingkang mijeni Kyai Ageng Pengging, sebab Seh Sitijenar punika
mitradarmanipun Kyai Ageng Pengging. Kawruh asamaden, dening Seh Sitijenar
lajeng katularaken Raden Watiswara, inggih Pangeran Panggung, ingkang ugi
apangkat Wali. Lajeng tunimbal dhateng Sunan Geseng, inggih Ki Cakrajaya,
tiyang asal saking Pagelen, ingkang kacarios saderengipun dados Wali, Ki
Cakrajaya wau pandamelanipun anderes nitis gendhis. Salajengipun sumrambah
kawiridaken dhateng ingakatah. Makaten ugi sakabat-sakabatipun Seh Sitijenar
ingkang sampun kabuka raosipun, dening Seh Sitijenar kinen sami madeg paguron
amiridaken kawruh pasamaden wau. Sangsaya dangu sangsaya ngrebda, anyuremaken
panguwaosing para Wali, anggenipun amencaraken piwulang agami Islam. Yen
kalajeng-lajeng masjid saestu badhe suwung.
Ngawekani sampun ngantos wonten kadadosan ingkang
makaten, temah Kyai Ageng Pengging tuwin Seh Sitijenar sasekabatipun ingkang
sami pinejahan katigas jangganipun dening para Wali, saking dhawuhipun Sultan
Demak. Makaten ugi Pangeran Panggung boten kantun, kapidana kalebetaken ing
brama gesang-gesangan wonten samadyaning alun-alun Demak, kangge pangewan-ewan
murih titiyang sami ajrih, lajeng sami mantuni utawi nglepeh piwulangipun Seh
Sitijenar.
Kacariyos sariranipun Pangeran Panggung boten tumawa
dening mawerdining Hyang Brama, lajeng oncat medal saking salebeting latu
murub, nilar nagari Demak. Kanjeng Sultan Bintara tuwin para Wali sami
kablerengen kaprabawan katiyasaning Pangeran Panggung, temah kamitenggengen
kadi tugu sinukarta. Sareng sampun sawatawis tebih tindakipun Sang Pangeran,
Kanjeng Sultan tuwin para Wali saweg sami enget bilih Pangeran Panggung kalis
saking pidana, temah sami rumaos kawon angsal sihing Pangeran. Katungka
unjuking wadyabala, atur uninga bilih Sunan Geseng, inggih Ki Cakrajaya, kesah
anututi lampahipun Pangeran Panggung. Ing ngriku Kanjeng Sultan katetangi
dukanipun, temah dhawahing bendu, para sakabat tuwin murid-muridipun Seh
Sitijenar ingkang kapikut lajeng sami pinejahan. Ingkang boten kacepeng sami
lumajar pados gesang.
Para sakabatipun Seh Sitijenar ingkang taksih wilujeng
kakantunanipun ingkang sami pejah, ugi taksih sami madeg paguron
nglestantunaken pencaring kawruh pasamaden, nanging mawi sislintru tinutupan
wuwulang sarengating agami Islam, murih boten ka’arubiru dening para Wali
pramugarining praja. Dene piwulangipun kados ing ngandhap punika :
Pamulanging kawruh pasamaden ingkang lajeng karan salat
daim, karangkepan wuwulang salat limang wekdal tuwin rukuning Islam sanes-
sanesipun malih. Wewejanganipun salat daim wau lajeng winastan wiridan
naksobandiyah, dene panindaking piwulang kawastan tafakur. Saweneh wonten
ingkang pamulangipun ing saderengipun para murid nampi wiridan salat daim, langkung
rumiyin kalatih lampah dhidhikiran lan maos ayat-ayat. Wiwit punika wuwulangan
pasamaden
lajeng wonten wanrni kalih, inggih punika :
1. Piwulang pasamaden wiwiridan saking para sekabatipun
Seh Sitijenar, ingkang sarana tinutupan utawi aling-aling sarak rukuning agami
Islam. Wuwulangan wau dumuginipun ing jaman samangke sampun mleset saking jejer
ing sakawit, mila para guru samangke, ingkang sami miridaken kawruh pasamaden,
ingkang dipun santuni nama naksobandiyah utawi satariyah, nginten bilih kawruh wau
wiwiridan saking ngulami ing Jabalkuber (Mekah). Salajengipun para Kyai guru
wau, amastani guru klenik dhateng para ingkang sami miridaken kawruh pasamaden
miturut wawaton Jawi pipiridan saking Seh Sitijenar. Punapadene para Kyai guru
wau nyukani paparab nama Kiniyai, pikajengipun : guru ingkang mulangaken
ilmuning setan. Dene nama Kyai, punika guru ingkang mulangaken ilmuning para
nabi.
2. Piwulang pasamaden miturut Jawi, wiji saking Kyai
Ageng Pengging, ingkang kapencaraken dening Seh Sitijenar (ingkang ing samangke
karan klenik), punika ing sakawit, ingkang dados purwaning piwulang, dumunung
wonten panggulawenthahing wawatekan 5 prakawis, kados ing ngandhap punika :
1. Setya tuhu utawi temen lan jujur.
2. Santosa, adil paramarta, tanggeljawab boten lewerweh.
3. Leres ing samubarang damel, sabar welas asih ing
sasami, boten ngunggul-unggulaken dhirinipun, tebih saking watak panganiaya.
4. Pinter saliring kawruh, langkung-langkung pinter
ngecani manahing sasami-sami, punapadene pinter angereh kamurkaning manah
pribadi, boten anguthuh melik anggendhong lali, margi saking dayaning mas picis
rajabrana.
5. Susila anor-raga, tansah nganggeni tatakrami, maweh
rereseping paningal tuwin sengseming pamiharsa, dhateng ingkang sami kataman.
Lampah limang prakawis wau kedah linampahan winantu ing
pujabrata anandangaken ulah samadi, inggih amesu cipta angeningaken pranawaning
paningal. Awit saking makaten punika mila tumrap panindaking agami Jawi (Buda),
bab kawruh pasamaden tuwin lampah limang prakawis wau kedah kawulangaken
dhateng sadaya titiyang enem sepuh boten pilih andhap inggiling darajatipun.
Mila makaten, sebab musthikaning kawruh tuwin
luhur-luhuring kamanungsan, punika bilih tetep samadinipun, kuwasa anindakaken
lampah 5 prakawis kados kawursita ing nginggil. Temah kita manggen ing
sasananing katrenteman, dene wontening katentreman mahanani harja kerta lan
kamardikan kita sami. Yen boten makaten, ngantos sabujading jagad, kita badhe
nandhang papa cintraka, kagiles dening rodha jantraning jagad, margi kacidraning
manah kita pribadi.
Bab kawruh pasamaden ingkang lajeng karan wiridan
naksobandiyah lan satariyah, ingkang ing nguni wiwiridan saking Seh Sitijenar,
sampun ka’andharaken ing nginggil, namung kemawon tumandangipun boten
kawedharaken. Ing riki namung badhe anggelaraken lampah umandanging samadi
sacara Jawi, ingkang dereng kacarobosan agami sanes, inggih punika makaten :
Para nupiksa, mugi sampun kalintu panampi, bilih samadi
punika angicalaken rahsaning gesang utawi nyawanipun (gesangipun) medal saking
badan wadhag. Panampi makaten punika, purwanipun mirid saking cariyos
lalampahanipun Sri Kresna ing Dwarawati, utawi Sang Arjuna yen angraga-suksma.
Mugi kawuninganana, bilih cariyos makaten punika tetep namung kangge pasemon
utawi pralambang.
Ing samangke wiwit wedharaken lampahing samadi makaten :
tembung samadi = sarasa – rasa tunggal – maligining rasa – rasa jati – rasa
nalika dereng makarti. Dene makartining rasa jalaran saking panggulawenthah
utawi piwulang, punapadene pangalaman-pangalam an ingkang tinampen utawi
kasandhang ing sadinten-dintenipun .
Inggih makartining rasa punika ingkang kawastanan pikir.
Saking dayaning panggulawenthah, piwulang tuwin pangalaman-pangalam an wau,
pikir lajeng gadhah panganggep awon lan sae, temah anuwuhaken tatacara, pamacak
lan sanes-sanesipun ingkang lajeng dados pakulinan. Punapa panganggep awon sae,
ingkang sampun dados tata-cara margi sampun dados pakulinan punika, yen awon
inggih awon sayektos, yen sae inggih sae temenan, punika dereng tamtu, jer
punika namung pakulinaning panganggep.
Dene panganggep, boten yekti, tetep namung ngenggeni
pakulinaning tata-cara, dados inggih dede kajaten utawi kasunyatan. Menggah
pikajenganipun samadi ing riki, boten wonten sanes namung badhe nyumerepi
kajaten, dene sarananipun boten wonten malih kajawi nyumerepi utawi anyilahaken
panganggep saking makartining rasa, kasebut sirnaning papan lan tulis. Inggih
ing riku punika jumenenging rasa jati kang nyata, kang yekti, kang weruh tanpa
tuduh. Wondene kasembadanipun kedah angendelaken ing saniskara, sarana angereh
solahing anggota (badan). Mangrehing anggota wau ingkang langkung pikantuk
kalihan sareyan malumah, saha sidhakep utawi kalurusaken mangandhap, epek-epek
kiwa tengen tumempel ing pupu kiwa tengen, suku ingkang lurus, dalamakan suku
ingkang tengen katumpangaken ing dalamakan suku kiwa, mila lajeng kasebut
sidhakep suku (saluku) tunggal. Punapadene angendelna ebahing netra (mripat),
inggih punika ingkang kawastanan meleng. Lampah makaten wau ingkang kuwasa
ngendelaken osiking cipta (panggagas), tuwin amuntu ilining rahsa, dene
pancering paningal kasipatna amandeng pucuking grana medal saking sa’antawising
netra kakalih, inggih punika ing papasu, dene pamandengipun kedah kalayan
angeremaken netra kakalih pisan.
Sasampunipun lajeng nata lebet wedaling napas (ambegan)
makaten : panariking napas saking puser kasengkakna minggah anglangkungi cethak
ingga dumugi ing suhunan (utek = embun-embunan) , sarta mawi kaendelna ing
sawatawis dangunipun. Sumengkanipun napas wau kadosdene darbe raos angangkat
punapa-punapa, dene temenipun ingkang kados kita angkat, punika ilining rahsa
ingkang kita pepet saking sumengkaning napas wau, menawi sampun kraos awrat
panyangginipun napas, inggih lajeng ka’edhakna kalayan alon-alon.
Inggih patrap ingkang makaten punika ingkang kawastanan
sastracetha. Tegesipun cetha = empaning kawruh, cetha = antebing swara cethak,
inggih cethaking tutuk kita punika. Mila winastan makaten, awit duk kita
mangreh sumengkaning napas anglangkungi dhadha lajeng minggah malih
anglangkungi cethak ingga dumugi suhunan. Menawi napas kita dipun ereh, dados
namung manut lampahing napas piyambak, tamtu boten saget dumugi ing suhunan,
margi saweg dumugi ing cethak lajeng sampun medhak malih. Punapadene ugi
winastan daiwan (dawan), pikajengipun : mangreh lebet wedaling napas ingkang
panjang lan sareh, sarwi mocapaken mantra sarana kabatos kemawon, inggih punika
mungel `hu’ kasarengan kalihan lumebeting napas, inggih panariking napas saking
puser, minggah dumugi ing suhunan.
Lajeng `ya’, kasarengan kalihan wedaling napas, inggih
medhaking napas saking suhunan dumugi ing puser, minggah mandhaping napas wau
anglangkungi dhadha lan cethak. Dene, anggenipun kawastanan sastracetha, margi
nalika mocapaken mantra sastra kakalih : hu – ya, wedaling swara ingkang namung
kabatos wau, ugi kawistara saking dayaning cethak. (Ungeling mantra utawi
panebut kakalih : hu – ya, ing wiridan naksobandiyah kaewahan dados mungel, hu
– Allah, panebutipun ugi kasarengan lampahing napas. Dene ing wiridan satariyah,
panebut wau mungel : hailah – haillolah, nanging tanpa angereh lampahing
napas).
Menggah lebet medaling napas kados kasebut ing nginggil,
sa’angkatanipun namung kuwasa angambali rambah kaping tiga, mila makaten, awit
napas kita sampun boten kadugi manawi kinen anandangana malih, jalaran sampun
menggeh-menggeh. Dene manawi sampun sareh, inggih lajeng ka’angkatana malih,
makaten salajengipun ngantos marambah-rambah sakuwawinipun, margi saya kuwawi
dangu, sangsaya langkung prayogi sanget. Dene sa’angkataning pandamel wau
kawastan : tripandurat, tegesipun tri = tiga, pandu = suci, rat = jagad – badan
– enggen, suraosipun : kaping tiga napas kita saget tumameng ing
ngabyantaraning ingkang Maha suci manggen ing salebeting suhunan (ingkang dipun
suwuni). Inggih punika ingkang kabasakaken paworing kawula Gusti, tegesipun :
manawi napas kita sumengka, kita jumeneng gusti, yen tumedhak, wangsul dados
kawula. Bab punika para nupiksa sampun kalintu tampi ! Menggah ingkang dipun
wastani kawula gusti punika dede napas kita, nanging dayaning cipta kita. Dados
ulah samadi punika, pokokipun kita kedah amanjangaken panjing wijiling napas
(lebet wedaling napas), kalihan angeningaken (ambeningaken) paningal, sebab
paningal punika kadadosan saking rahsa.
Wondene patraping samadi kados kasebut ing nginggil wau,
ugi kenging karancagaken, uger kita tansah lumintu tanpa pedhot mangeh panjing
wijiling napas, kalihan lenggah, lumampah, utawi nyambutdamel inggih kedah
boten kenging tilar mangreh lebet wedaling napas wau, ingkang sarana mocapaken
mantra mungel : hu – ya, kados ingkang kajarwa ing nginggil.
Kajawi punika, wirid saking tembung daiwan punika ugi
taksih darbe maksud sanesipun malih, inggih punika ateges panjang tanpa ujung,
utawi ateges langgeng. Dene pikajengipun amastani bilih wontening napas kita
punika sanyata wahananing gesang kita ingkang langgeng, inggih wontening
ambegan kita. Dene ambegan punika, sanyata wontening angin ingkang tansah
mlebet medal tanpa kendel, ingkang sasarengan kalihan keketeg panglampahing rah
(roh). Bilih kakalih wau kendel boten makarti nama pejah, inggih risaking badan
wadhag wangsul dados babakalan malih. Mila sayogyanipun lampahing napas inggih
ambegan kita ingkang tansah mlebet medal tanpa kendel, kedah
kapanjang-panjangan a lampahipun, murih panjanga ugi umur kita, temah saget
awet wonten ing donya tutug panyawangipun dhateng anak, putu, buyut, canggah,
wareng, ingkang babranahan.
Wontenipun andharan ing nginggil, mratelakaken bilih
kawruh pasamaden punika sanyata langkung ageng pigunanipun, mila lajeng sinebut
sastrajendrayuningr at pangruwating diyu.
Tegesipun sastra = empaning kawruh, jendra = saking
panggarbaning tembung harja endra. Tegesipun harja = raharja, endra = ratu –
dewa, yu = rahayu – wilujeng, ningrat = jagad – enggen – badan. Suraosipun :
Musthikaning kawruh ingkang kuwasa amartani ing karahayon, kaharjan,
katentreman lan sapatunggalipun. Dene tegesesipun pangruwating diyu =
amalihaken diyu; dene diyu = danawa – raksasa – asura – buta, punika kangge
pasemoning piawon, penyakit, rereget, babaya, pepeteng, kabodhohan lan
sanesipun. Dados diyu punika kosokwangsulipun dewa, engkang ateges pinter, sae,
wilujeng lan sapanunggilipun. Mengku suraos amastani ingkang saget anyirnakaken
saliring piawon tuwin samubarang babaya pekewed. Mangertosipun, sinten ingkang
tansah ajeg lumintu anandangaken ulah samadi, punika bilih ing suwaunipun
tiyang awon, lajeng sirna piawonipun, malih dados tiyang sae lampahipun.
Tiyang sakit sirna sakitipun, dados saras, tiyang murka
daksiya lajeng narimah sabar, welasasih. Tiyang goroh lajeng dados temen.
Tiyang bodho dados pinter. Tiyang pinter dados pinter sanget. Makaten ugi
tiyang golongan sudra dados waesia, waesia dados satriya, satriya dados
brahmana, brahmana sumengka pangawak braja asarira bathara.
Muga Bermanfa’at.
Salam Rahayu kanti Teguh Selamat Berkah Selalu
Ttd:
Wong Edan Bagu
Putera Rama Tanah Pasundan
http://putraramasejati.wordpress.com
http://webdjakatolos.blogspot.com
Post a Comment