Latar Ilang Jembare:
BIYEN, meh saben omah nduwe latar. Jembar lan ciyute nuduhake
wibawane sing nduwe, uga sugihe. Resik lan regede, asri lan orane, nuduhake
opËn lan orane sing ngenggoni. Minangka perangane omah, tritisan lan latar
mujudake rai sing bisa nuduhake rasa sumringah utawa kosok balene, uga kanggo
sapa aruh marang sapa wae.
Nalika nggambarake Dalem Wiragunan utawa Dalem Kanoman ing
buku Omah (2000), Revianto Budi Santoso ngandhakake manawa dalem kuwi dumadi
saka sawetara plataran. Dalem Wirogunan dhewe mujudake community house, sing
ora mung dinggoni dening kulawarga ningrat, nanging uga bebasan kinepung dening
kulawarga magersaren.
Plataran pokok loro mau katata sacara aksial memburi, dene
plataran loro liyane, sing luwih rupak, malang saka kulon mengetan. Plataran
ngarep nduwe peran pokok minangka ruang publik, uga minangka papan tinarbuka di
satengah-tengahe pedunungane para magersaren. Plataran mau punjere ana pendhapa
sing ngadeg ana tengah-tengahe. Pendhapa lan plataran iku uga mujudake ruang
publik.
Ora nggumunake yen plataran iku banjur dadi papane
bocah-bocah dolanan, dene sing tuwa uga padha ketemu ing kono kanggo ngobrol,
kapara wong-wong sing padha dodol jajan uga nggelar dhasarane.
Kaya sing diandharake dening Mangunwijaya (1988), kabeh kang
asipat intim utawa keramat diarani dalem (njero) utawa penaten (papane wong
tani) lan sing jaba, sing kanggo srawung karo masyarakat diwenehi jeneng
plataran utawa jaba (latar jaba). Ing jero plataran dumadi dialog (srawung)
antarane sing manggon ana omah saka njero karo masyarakat sing ana ing jaba.
Ing papan iki dibangun pendhapa, sing tegese wangunan tambahan, papan sing
nduwe omah ketemu karo tamu-tamune. Kanthi mangkono, tumatane dalem sing sakral
lan pendhapa sing profan nuduhake kaya ngapa serasine dialektik antarane
sesambungan vertikal marang Gusti karo sing horizontal marang sesamane
manungsa.
Plataran ing Desa;
Mesthi wae platarane dalem, luwih-luwih kayadene Dalem
Wiragunan mau, beda karo omah-omah salumrahe omah. Luwih-luwih omahe para among
tani ing desa-desa. Senajan ana wae omah ing desa sing gandhengan antarane
kulawarga siji lan sijine, temene antarane kulawarga mau nduwe plataran
dhewe-dhewe. Mungguh amba lan ciyute gumantung marang ambane lemah sing didegi
omah. Nanging sing cetha, sabisa-bisa tetep disisihake lahan sangarepe omah
minangka plataran.
Kanggone wong tani, plataran kuwi nduwe piguna sing asipat
praktis. Yen wayah panen, embuh panen pari, kedhele, jagung, utawa tela/gaplek,
latar mujudake papan kanggo mepe panenan. Merga olehe mepe ing ngarep omah,
pepenan ora mung gampang ditunggoni lan diawasi bisa uga disambi karo petan nanging
uga disawang sing lagi padha liwat ing dalan ngarepe. Iku sing bisa nyebabake
sing liwat dadi mandheg, milang-miling pepean mau nganti tekan nawa. Ing kene
latar banjur kaya dene dadi showroom, babar pisan kanggo mamerake asile panen.
Amarga fungsi mau, ora maido yen sawetara latar banjur padha
diplester. Pertimbangane praktis wae. Kanthi mlester, wis ora perlu
ngotong-otong klasa utawa gelaran liyane kanggo mepe. Saliyane kuwi, kuwat
mlester latar uga mujudake gengsi, amarga ora angger wong bisa ngragadi.
Perkara mengkone bisa dadi resepan banyu apa ora, ora dadi gagasan.
Kanthi diplester uga, dianggep papane luwih resik, ora usah
ngenteni ilang jebloge, sahingga kepenak kanggo dolanan bocah-bocah cilik kapan
wae. Malah ya sing gedhe barang. Upamane kanggo main badminton.
Pancen ora beda karo dalem, kayadene Dalem Wirogunan mau,
latar-latar ngarep ing desa lumrah dadi ruang publik. Ora mung kanggo papan
ekspresine sing nduwe omah, nanging uga kanggo wong liya sajabane kulawarga.
Kanthi latar sing jembar, nalika nyunatake utawa mantu,
kulawarga mau bisa nanggap apa wae. Amarga papan iku cukup kanggo ngedegake
panggung lan uga ngemot atusan nganti ewon wong sing mengkone padha nonton.
Upamane kethoprak, barongan, tayub, wayang kulit, klebu dangdut barang. Beda
karo ing dalem sing ana pringgitan utawa pendhapane, lumrahe ing omah desa ora
ana papan kanggo nggelar wayang kulit, kejaba ing jaba omah.
Dadi yen mengkono, anane latar-latar kang jembar ing saben
omah ing desa-desa bisa kanggo papan urip lan ngrembakane sawernane kesenian.
Nanggap kesenian nalika nyunatake anak utawa mantu mujudake kebanggaan tumrap
sawetara kulawarga ing padesan.
Wis Malih;
Nanging mesthi wae bebarengen karo saya tambahe pendhudhuk
lan saya ciyute lahan kang sumadiya, latar-latar mau uga saya ciyut. Saya
sethithik omah sing nduwe latar jembar. Kapara ora sethithik sing bisa diarani
babar blas ora nduwe latar. Aja maneh kok mikir kanggo latar, dienggo omahe wae
sok kurang.
Latar-latar sing biyen jembar, saiki akeh sing wis malih.
Wis didegi omah, kios, utawa ruko, merga iki dianggep ngasilake. Dene
latar-latar sing dudu duweke petani, luwih-luwih sing mambu neopriyayi, wis
disulap dadi taman. Ing kono kembang-kembang endah padha ditandur, pot-pot
larang ditata apik, sok uga dijangkepi kolam. Pager-pager tembok utawa wesi
mesthi wae bakal dadi pepalang tumrap sapa wae sing mlebu latar-latar anyar
mau. Latar malih dadi papan sing medeni. Bocah-bocah cilik endi saiki sing wani
saba mrono, gobag sodor, dhelikan, utawa dolanan liyane?
Tur maneh, endi saiki ana bocah sing padha dolanan? Paling
banter padha pit-pitan saka gang siji tumeka gang sijine, amarga sing ana
pancen mung gang utawa dalan papan sing biyen dianggep kebak bebaya tumrap
bocah.
Apa tenane isih dibutuhake ruang publik sing nduwe fungsi
kaya latar mau? Yen pancen interaksi wis cukup diijoli SMS utawa telepon, yen
wara-wara uga wis cukup lumantar pengeras suwara lan alat komunikasi canggih
liyane, yen ing sajrone mal-mal uga wis ana latar-latar anyar, dene tontonan
uga wis bisa digenti dening televisi, home theatre, VCD/DVD, lan liya-liyane
ing omah, banjur kanggo apa maneh latar-latar iku?
Mbokmenawa wis dadi gerak simultan, bebarengan karo
kali-kali sing padha ilang kedhunge, pasar sing ilang kumandhange, latar-latar
uga saya kelangan jembare. Uga geseh fungsine. . ... He he he . . . Edan Tenan.
Salam Rahayu kanti Teguh Slamet Berkah Selalu Lurr...
Semoga Bermanfa’at. Amiin
Ttd: Wong Edan Bagu
Pengembara Tanah Pasundan
Post a Comment