Kegodha Donya, Kuwasa, lan Kenya:
MANUNGSA kuwi jebul pancen duwe nepsu brangasan. Nepsu iki
bakal nyurung manungsa kelayu gebyar. Pengin donya brana, panguwasa lan kenya.
Pengin menang-menange dhewe. Njur rumangsa amba jangkahe, nggedhengkreng
lungguhe, emoh medhun, terus sok lali bibit kawit. Luwih-luwih yen pepenginan
mau wis mbuta cakil, methakil, kemethak, lan sapa sira sapa ingsun. Ora wurung
njur pengin ngemperi jagad. Semangat uripe tansah bojleng-bojleng prajaka belah
jejegan iblis laknat, ngumbar hawa, nggugu karepe dhewe.
Watak brangasan kasebut bisa mbludag, merga ing awake kesinungan
nafsu warna abang, kedadeyan seka anasir getih. Bab iki asring kempel dadi
nepsu amarah, sing bisa mbrongot kekarepane sapa wae. Yen klakon kedilat geni
amarah, jiwane kobar, malik dadi angkara murka, luwih-luwih yen lagi duwe
panguwasa. Yen wis duwe kalungguhan, lumuh kungkulan. Ana sing nedya ngedan.
Anehe, sing ngedan mau sok malah bisa dandan, ora kewudan. Ngono yen lagi ora
apes. Yen lagi keplenyok, wow, kaya manuk kudanan njekutrut.
Nafsu angkara yen wis umeb, nggodha, rosane ngungkuli gunung
njeblug, lan ndayani wong pengin nyakrawati mbaudhendha. Pengin numpuk raja
brana. Lan sing paling mbebayani wong mau malik seneng SWS, seneng wong (liya)
sengsara. Yen ana wong liya kedhungsang-dhungsang, keplok. Ngene iki sok
njalari ati tegel, tega, lan degsiya. Dheweke asring awatak SWM, tegese susah
wong (liya) mulya. Mula, ora mokal yen ana sing arep entuk kabegjan, serik,
mrekitik, njur sok nggunakake nafsu bejate, neka-neka. Luwih nggegirisi meneh
yen wong kasebut wis kesengggol ajining dhiri, rumangsa bakal kewiyak wadine,
sok gelem nekad. Gelem nekak gulu, najan kudu nabok nyilih tangan.
Menawa manungsa wis kebrukan bandha lan kelayu donya, pancen
sok ndleya. Gelem tuku panguwasa lan dolanan kenya. Dheweke gelem ngejur-ngejer
dana kanggo kulak wibawa lan esem ngujiwat wanita. Dadi, kuwasa, kenya lan
wibawa dikertaji aji nganggo donya, wani pira, dudu wani ngapa. Ing kene drajat
pangkat semat nikmat, wis njalari wong Jawa tambah keparat. Tobil anak kadhal,
wong kasebut sok keyungyun nikmat, endahe kahanan. Gajege, angger apa-apa
keturutan, utamane wong priya, ora sethithik sing lali lajer uripe. Gampang
kepilut tembung manis manuhara. Kesengsem megole bokong. Kelayu lambe tipis,
pipi nyemburat abang maya-maya, ngelayoni. Luwih-luwih yen wis nyawang kali
satengahe gunung kembar, kaya-kaya bisa ngelun kedhunge rasa.
Nyah-nyoh;
Coba eling-elingen, jaman Jaka Tingkir wis dadi tamtama,
piye? Gelem mlebu keputren ta, gandheng karo Rara Sampur, kang saiki dadi kisah
Dhadhungawuk. Prabu Dipakusuma piye, uga lali, kegiwang Dewi Daruwati nganti
nuwuhake lembu peteng. Adipati Cakraningrat nganti rebutan wanita kinyis-kinyis
karo Pangeran Tejaningrat. Kisahe Sri Tanjung karo prabu Silakrama lan Tantri
Kamandaka, malah saben wengi njaluk prawan. Samono uga kisah Yuyu Kangkang,
wis, dhemen krubyuk sengok, hemmm.
Mangkono sapiturute isih akeh banget, angger priya wis bisa
idu geni pancal mubal, anehe sok gampang kegodha kecopak iwak, kemrincinge
receh, lan pledhinge wentis kuning. Wong lanang mau sok moprol, nyah-nyoh, lan
sak-sok glogok marang kenya pepujane.
Godhong asem (sinom), pancen luwih nengsemake, timbang
godhong garing. Kang dibledig, wong kasebut nikmating donya. Mula, saiki genti
nepsu supiah kang ngrajani angen-angene. Aku njur kelingan gendhing Slendhang
Biru karyane Ki Nartasabda, ana larik sing
muni: kedhep tesmak aku nyawang slendhang biru, lan sapiturute. Iki nggambarake
priya sing ketlikung obahe slendhang, methoke gelungan, lan kedhep liringe
kenya kinyis-kinyis. Uga geguritan Jaman
karyane Moh Yamin MS sing ana gatra kang muni: jaman maju wong urip sarwa
kesusu, mlebu metu neng hotel nyandhing wong ayu. Gula dikruyuk semut, wis tuwa
dha ra nyebut!
Lhadalah! Jebul akeh tenan ing bumi Nusantara iki, priya
sing wis kekeceh bandha, linak-lijo, limbah-limah, lica-lingga tumindak nasar,
nrejang sarak nyingkiri bebener. Katone, priya mau sing baku bisa nuruti
wudele. Marem! Dheweke lali unen-unen: senenge mung sak klentheng, rekasane sak
rendheng. Uh! Lamun ngene iki lumaku terus-terusan, mesthi wae uripe priya
kuwasa lan wibawa, dadi nyandiwara, kaya ing ndhuwur panggung. Bakune, wong
ngomah ora ngerti, gedibal-gedibal diblebet
lambene nganggo angka, wusana aman-aman wae. Karepe mbilung, iya ta. Lha Togog?
Kesrimpet;
Wong sepuh biyen, jane wis sok mejang, jare godha kuwi luwih
rosa. Yen nganti lena bisa tiba nistha. Ujare, wong lanang ki cen wedhus, yen
diumbar, ndrawasi. Malah sing alok wong lanang ki ra beda kucing, yen didhepi
gereh? Cenasem! Wong lanang ki gampang
kesrimpet padon tapih. Pokal sing penthalitan, sesidheman, lan dolanan mawa mau
sok kekudhung, priya kudu duwe curiga, wanita, kukila, lan turangga. Isih
kelingan ta, jaman Ken Arok bareng wis lungguh ing Tumapel, nglirik wae marang
Ken Dedes. Dheweke mak dheg nalika weruh tapihe Ken Dedes nglingkap.
Kisah iki, dening Suparta Brata tau diukir dadi crita cekak
sing sesirah Reca. Ora beda karo Ajisaka, kang ora kuwat nyawang wanita sing
lagi nutu pari ing lumpang, merga kesempyok angin, tapihe sumilak, ndudut ati
lanang. Ki Ageng Mangir kang kelayu karo wanita desa sing lagi rewang, wusana
digambarake nganggo lading kang ilang lap ing pangkone kenya iku. Samono uga Ki
Ageng Pemanahan karo Nyi Ageng Giring, nuwuhake mitos degan ijo.
Wis, wis, wis! Sangertiku durung ana raja Jawa kang bisa
uwal seka godha. Prabu Dasamuka bareng wis dhogdheng samaladheng, pengin
remu-remu pipine Sinta, najan alasane ngupadi titisane Sri Widawati.
Prabu Maesasura sawise nguwasani kraton Guwa Kiskendha, uga
keglibeng endahe rupa dewi Tara, putri kahyangan. Prabu Baka uga kedanan manis
nejeme lathi Rara Jonggrang. Sajake, yen wis kedilat godha, iman sok kuwat ning â€imin†sing ora kuwat.
Mula, yen kepengin uwal seka godha sing nyolok mata, wong
tuwa biyen mrayogakake: Yen durung duwe panguwasa, njangkaha sing amba, yen wis
duwe wibawa, nglungguhana trapsila. Yen durung nyandhing kenya meleka sing
amba, yen wis duwe merema ning premana. Ulegane unen-unen iki nunggal misah
karo gegebengane para luhur kang unine nulada laku utama, tumrape wong tanah
Jawi, wong agung ing Ngeksiganda, Panembahan Senapapti, kepati amarsudi
sudaning hawa lan nepsu, pinesu tapa brata, lan sapiturute. Wose, yen pengin
kalis seka godha, ngeker hawa nepsu kanthi tarak brata, iki sing abot.
Laku ngeker kanthi sesirik pancen abot. Kejaba butuh resik
lair batine, uga ora asring cedhak-cedhak kebo gupak. Yen bisa ngugemi bapang
den simpangi. Urip ora kudu mubra-mubra, dhemen ngemut legining gula. Ana
gerongan salisir ing gendhing Jawa kang muni: garwa sang Sindura prabu, wicara
tanpa karana, aja dolan lan wanita, tan nyata asring katarka. Yen cedhak karo
kenya, kurang begjane nuwuhake pandakwa sing ora-ora, cubriya, lan nyenyamah.
Isih arep diterus, emoh dalan padhang ta? O, wong salah bakal seleh. Bathang
kuwi arepa disasabi, tetep mambu. Hih! . ... He he he . . . Edan Tenan. Salam
Rahayu kanti Teguh Slamet Berkah Selalu Lurr...
Semoga Bermanfa’at. Amiin
Ttd: Wong Edan Bagu
Pengembara Tanah Pasundan
Post a Comment