Kalah karo Wong Begja:
WONG pinter iku isih kalah karo wong beja. Sampeyan kena wae
pinter sundhul langit, nanging yen ora beja, ora bakal kumanan apa-apa. Semono
pentinge unsur beja utawa begja, nganti-nganti kepinteran wae bisa dikalahake?
Apa ya merga kuwi utawa gegandhengan karo kuwi, wejangan-wejangane Ki Ageng
Soerjamentaram banjur disebut kawruh begja? Uga jalaran kuwi, nalika medhar
ngenani jaman edan, Ranggawarsita uga ngelingake ngenani wong sing paling
begja?
Yen ana bocah nganggo jeneng Beja (biasane ditulis: Bejo),
bokmenawa ana sambung rapete karo pengarep-arepe wong tuwane supaya ing tembe
buri anake tansah entuk kabejan. Bisa wae malah laire jabang bayi kuwi mujudake
kabejan gedhe tumrap keluwarga kasebut. Utawa maneh, beja dene nduwe anak
kanthi slamet, yen ora malah beja merga entuk anak lanang.
Apa tenane beja kuwi? Beja karo begja, dakkira, ora ana
bedane. Teges sing dikandhut kurang luwih untung, mujur, utawa entuk anugrah
sing gawe senenge ati. Mula ora aneh yen tembung beja banjur nduwe sambung
rapet karo bagya. Indonesiane bahagia. Sebab, soksapa sing entuk kabejan tegese
uga entuk kabagyan.
Senajan mangkono, kabagyan ora banjur dadi jaminan urip sing
becik lan ganep. Sebab, isine urip iku ora mung kabagyan. Beja-cilaka iku
sandhangane manungsa. Mula ora jeneng ngayawara yen George Loewenstein kandha,
"Saperangan tegese urip iku kanggo ngalami seneng lan susah. Urip kang
tanpa kendhat saka kabagyan, temene dudu urip sing apik."
Kayadene "falsafah" jroning kawruh jiwa yaiku
"langgeng bungah susah", anane rasa seneng lan susah sing gilir
gumanti.
Senang kuwi apa? Susah iku ya apa? Rasa senang kerep
dipadhakake karo rasa bagya, dene rasa susah kerep dipadhakake karo rasa
cilaka. Kena-kena wae, nanging yen ditlesih maneh, mesthi ana bedane antarane
seneng lan bahagia, antarane susah lan cilaka.
Rasa seneng thukul yen karep keturutan, lan rasa susah
thukul yen karep ora keturutan. Dadi, seneng lan susah iku gumantung saka
karep, dudu gumantung marang kahanan sing dumadi. Kaanan iku netral, nanging
sikap marang kaanan mau sing ora netral. Sikap marang keadaan iku gumentung
marang karep.
Mula, aja seneng yen lagi nampa kabegjan. Aja susah yen lagi
nandhang kasangsaran utawa kacilakan. Upama seneng ya senenga sacukupe, upama
susah ya susaha "sacukupe".
Gendheng ceneng karo iku, mesthi wae bisa digeret Kawruh
Jiwa Nem-Sa Soerjomentaraman: sabutuhe, saperlune, sacukupe, sakpenake,
samesthine, lan sabenere.
Isih sambung rapet karo beja, Ki Ageng Soerjomentaraman
mapanake kawruh beja sawetah minangka kawruh sepisanan sing kudu disinaoni
sadurunge ngancik kawruh bab kawruh, kawruh bab ungkul, kawruh laki-rabi,
kawruh pangupajiwa, lan kawruh pamomong.
Ana pasinaon kawruh jiwa mau urut-urutan, jalaran sawise
krasa beja sawetah, wong mesthi krasa ribed ana nggon bab kawruh. Mula wong
banjur butuh sinau kawruh bab kawruh. Sawise udhar reribed ing bab kawruh, wong
banjur krasa ribed ing sesrawungan. Sarehne masyarakat kita ing donya iku
dhasare sesrawungan ungkul-ungkulan, mula wong perlu ngerti marang rasa ungkul
sing ana ing awake dhewe. Mangkono sapiturute.
Ngawula Beja;
Bali marang perkara beja, mental relativitas khas Jawa
tansah nyusupake "beja" jroning kahanan kaya ngapa wae, kalebu nalika
ana kacilakan utawa kasangsaran. Arepa lagi nandhang kacilakan, upamane tetep
isih ana sing muni, "Isih beja sing tugel mung sikile."
Yen mangkono, paham sing menehi unsur beja kanthi khusus iki
paham sing kepriye? Pratelan beja temene nuduhake manawa sadhuwure manungsa iki
isih ana sing luwih kuwasa. Iki laras karo unen-unen manca: man proposes but
God disposes, manungsa kang ngrekadasaya nanging Gusti kang nemtokake.
Kanthi ananane unsur begja, temene wong diprentah supaya ora
kumalungkung. Dumeh pinter banjur rumangsa kanthi kepinterane mesthi kabeh bisa
diatasi. Dumeh prigel, banjur rumangsa yen kanthi keprigelane mau ora bakal ana
siji-sijia sing bakal cicir utawa cewet.
Nanging beja uga ngemu pangarep-arep. ìEh sapa ngerti
bejane wongÖî mujudake pratelen sing nuduhake pangarep-arep iku, sanajan ing
kono uga dumunung unsur putus asane.
Yen mangkono, apa kudu "ngawula beja"? Iki
unen-unen maneh sing dakkira khas Jawa. Iku uga sambung karo pratelan ing
ndhuwur. Katone "ngawula beja" iku mung nuduhake patrap pasrah
sumarah, nanging temene uga nuduhake manawa manungsa kudu gelem ngumawula.
Nanging ngenut prinsip "beja" uga bisa dadi
pawadan kanggo mlayu saka saka kanyatan riil. Amarga saka etungan lan nalar ora
ketemu, ora bakal bias keranggeh, mula banjur ngarep-arep kanthi beja.
Pancen cathetan empirik nuduhake manawa ana-ana wae wong
sing katone manut petungan ora mungkin entuk anugrah, nanging jebule nampa
bola-boli. "Ndilalahe yen wong beja", ngono sing bisa diomongake .
Nanging beja uga ora titik ngono wae. Isih ana bacutane.
Beja uga nuntut syarat utawa "rasionalisasi". Upamane pratelan
"beja dene akeh bala, dadi ana ngendi-ngendi ora nganti kapiran."
Yen kaya mangkono, saka ngendi tumurune beja? Apa bisa beja
iku tumurun mengkono wae. Apa bisa ana beja yen tanpa pangudi, embuh tata lair,
embuh tata batin. Dadi, sepisan maneh, nduwe kayadene
"rasionalisasi". Nanging tumrap begja sing gedhe lan dhuwur ajine tur
ora kinaya ngapa sadurunge, banjur diarani begja kemayangan.
Banjur, beja sing hakiki kuwi kepriye? Sing tekane ora
kinaya ngapa, apa malah sing tekane wis bisa dipretung lan diramalake? Sing
adhedhasar pangudi apa sing "thenguk-thenguk nemu kethuk"?
Sing genah RNg Ranggawarsita wis ngrespons bab beja iki
kanthi pratelan kang cetha nalika ngadhepi jalan edan (kalatidha):
sabegja-begjane kang lali/ isih begja kang eling lan waspada. ... He he he . .
. Edan Tenan. Salam Rahayu kanti Teguh Slamet Berkah Selalu Lurr...
Semoga
Bermanfa’at. Amiin
Ttd: Wong Edan Bagu
Pengembara Tanah Pasundan
Post a Comment