Getun Ora Nganti Keduwung:
SABEN wong mesthi tau kedunungan rasa getun. Nanging sebabe
nganti getun lan kepriye anggone ngadhepi, mesthi ora padha antarane siji lan
sijine. Klebu, getun jinis apa sing dianggep paling digetuni lan kepriye bisa
uwal saka rasa getun murih ora nganti keduwung.
Umume getun iku dianggep tiba buri. Tegese, thukule rasa
getun merga saka patrap utawa tumindak sadurunge, utawa malah sadurunge ora
tumindak apa-apa.
Iya, tumindak sing luput utawa sing ora samesthine bisa dadi
jalaran thukule rasa getun. Nanging ora tumindak apa-apa, bisa wae marakake
getun. ”Ah, upama mau gelem tumindak, mesthi ora bakal kaya ngene dadine,”
upamane.
Cedhak karo rasa getun yaiku gela. Anane gela merga
njomplang antarane pengarep-arep utawa pengangen-angen karo kasunyatan sing
ana. Sing diangen-angen ngene, jebul kasunyatane malah ngono. Bisa uga jan-jane
ora ngono upama ditandangi utawa malah yen ora ditandangi, nanging jebule malah
ngene.
Keladuking tumindak, klebu keladuking muna-muni, sing
sok-sok mung merga nuruti hardaning nepsu, kerep njalari kapitunan. Kapitunan
mau sing banjur ndadekake getun.
Getun sing kebacut dadine keduwung. Kuwi sing sing paling
ndrawasi. Kuwi sing paling mbebayani, merga sisip sembire rasa keduwung bisa
marakake kabilahen.
Lire mangkene. Saka rasa getun sing banjur nganti keduwung
mau, sing ana mung gela karo kuciwa. Bebarengan karo kuwi, pengare-arep sing
tau ana banjur kelindhih. Emane, kelindhihe pengarep-arep lawat ora banjur
disulami kanthi pengarep-arep anyar. Jroning rasa keduwung sing ana uga rasa
ora narimakake marang kang sinandhang, ora lila marang kahanan sing lagi
gumelar. Kronise maneh, kabeh dianggep sarwa nggelani, saengga ora mokal manawa
banjur ana wae sing nekad kanthi kendhat nggantung tali murda.
Pengarep-arep;
Gedhe lan cilike rasa getun, jero lan cetheke rasa keduwung,
pancen ora uwal saka gedhe lan cilike utawa cethek lan jerone pengarep-arep.
Saya dhuwur lan gedhe pengarep-arep kuwi, temene saya gedhe uga potensine dadi
rasa getun-keduwung. Dene saya cilik lan cethek pengarep-arep mau, temene cilik
uga potensi thukule getun, apamaneh keduwung.
Yen mengkono, apa banjur luwih apik yen duwe pengarep-arep
kuwi aja jero-jero utawa gedhe-gedhe? Mesthi wae ora banjur kaya mangkono.
Merga apa? Merga, kosokbaline getun, yaiku marem, bungah, lan sapiturute, ora
uwal uga saka wani lan orane duwe pengarep-arep, uga gedhe-cilike pengarep-arep
mau. Pancen, bisa wae ana sing diarani faktor ndilalah utawa sing ora
kenyana-nyana, nanging mesthi urip ora mung bisa sumendhe marang ìsing ora
kenyana-nyanaî mau. Urip kudu wani duwe pengarep-arep lan ngrekadaya amrih
kaleksanane pengarep-arep. Aja kandheg ing pengarep-arep wae.
Lan manehe, kanthi wani duwe pengarep-arep sarta tapa
kendhat njaga marang pengarep-arep mau, temene wong ora bakal kedunungan rasa
getun sing nganti tumeka keduwung. Dadi, aja nganti kepaten pengarep-arep!
Kejaba mlesete pengarep-arep, salah pilih uga kerep gawe
getun. Nalika wong nibakake pilihan, temene wis linambaran rasa percaya ñmesthi
wae kuwi ing tataran ”ormal-normal” wae. Nalika nibakake pilihan, ing kono uga
dumunung pangarep manawa sing dipilih iku bener, senajan bisa wae olehe milih
iku merga kepeksa utawa pancen ora ana pilihan liyane. Bokmanawa yen pilihan
iku lelandhesane mung kepeksa utawa timbang ora milih, getune ora bakal
sepiraa.
Mulane ing bab nibakake pilihan, sing mengkone bakal melu
nemtokake laku jantraning urip, ora kena angger milih. Contone nalika milih
sisihan kanggo urip bebarengan. Iki mujudake pilihan sing ”yen gampang luwih
gampang, yen angel angel kalangkung” merga ”luput pisan kena pisan” lan ”tan
kena tinambak arta”.
Ora mung nalika golek sisihan, golek guru wae kudu setiti,
merga yen ora mesthi bakal getun tiba buri. Wulangreh yasan Sri Paku Buwana IV
wis paring penget: lamun sira ameguru kaki/ amiliaha manungsa kang nyata/
ingkang becik martabate/ sarta kang wruh ing kukum/ angibadah lan kang
ngirangi/ sokur oleh wong tapa/ ingkang wus amungkul/ tan mikir pawewehing
lyan/ iku pantes sira guronana kaki, sartane kawruhana.
Prayitnaning Batin;
Pancen, murih getun ora saya dadi keduwung, sabarang
tumindak, muna, lan muni, kudu sarwa setiti lan prayitna ing batin. Ya,
waspada. Ora kaya Sumantri sing sekawit mung kepengin ngagak-agaki adhine,
Sukasrana, supaya sumingkir saka kompleks Taman Sriwedari. Nanging amarga
kurang prayitna, keris sing diagak-agakke temahan tumama ing awake adhine; dadi
lan patine.
Semono uga Bisma, sekawit mung ngagak-agaki Dewi Amba amrih
lunga. Nanging jebul Amba nekad, nubruk curiga sing ana tangane Bisma. Dadi lan
patine uga.
Sumantri lan Bisma padha-padha rumangsa getun. Rasa getun
sing uga kudu ditambak kanthi prajanji kekarone, Sukasrana lan Amba, ing tembe
bakal methuk pati wong sing wis negakake. Getun sing wis gepuk senggol karo pati,
kira-kira kuwi jinise getun nomer siji. Getun sing paling nggetuni.
Pancen kanggo meper kabeh rasa getun sing ana mung
tetembungan ìBarang wis kebacut arep dikepriye maneh. Digetunana, ditangisana
mesthi ora bakal bali.î Pancen kudu tansah duwe patrap ”lila lamun kelangan
nora gegetun sarta trima yen kataman, saserik sameng dumadi” kanthi ”trilegawa
nalangsa srahing Gusti”. Nanging mesthi wae sing luwih dening prayoga, sabarang
tumindak muna-muni kudi tansah linambaran ing kaprayitnan. Ora geseh karo sapada
tembang iki: Patitising lakunira/ waskitheng lampahireki/ samubarang pinikirna/
tan grusa-grusu sayekti/ tinimbang kang taliti/ tumindak tan kumawantun/ angger
purun lan sagah/ tan wurung wekasan tuni/ mangka getun keduwung nora piguna.
Mula, ing pada candhake uga dipratelakake: Lamun sira darbya
sedya/ ywa kadereng hardaneki/ lumuh aglis kalakyanta/ lupa daksina myang
paksi/ tan wruh jantraning margi/ ngangsa lir wataking diyu/ luhung ris
linimbanga/ mirid kaoting tyasreki/ jinumbuhna klawan sanggya kawikanta.
Yen wis prayitna, nanging jebul dadine mleset saka
pangangen-angen, ora ana liya maneh kejaba ”sabar lan trokal”. Sabare dieling-eling,
trokale dilakoni! ... He he he . . . Edan Tenan. Salam Rahayu kanti Teguh
Slamet Berkah Selalu Lurr...
Semoga Bermanfa’at. Amiin
Ttd: Wong Edan Bagu
Pengembara Tanah Pasundan
Post a Comment