Dora Sembada:
DORA iku tegese goroh, ora bares, sing dikandhakake ora padha
karo kanyatane. Goroh iku motif utawa tujuwane werna-werna, upamane: supaya ora
didukani ibune, Budi kandha menawa wis nggarap PR-e, mangka sanyatane durung;
Totok matur karo Pak Dhene menawa ing kelase dheweke rangking utawa peringkat
siji, mangka nyatane bijine mung klebu rata-rata kelas. Goroh sing tujuwane
nggolek kauntungan iku disebut ngapusi.
Ing jagating dedagangan utawa dol-tinuku, goroh kuwi wis
jeneng lumrah. Barang sing kulakane murah dikandakake larang, luwih akeh karo
rega sing sanyatane. Rega barang dikorting 20% nanging sadurunge wis diundhake
30%. Sawise nyang-nyangan, yen regane wis disetujuni, sing dodol kanda,
"Niki nek boten kalih sampeyan boten kula sukak-ake."
Satemene tumindak goroh iku ora gampang. Goroh iku mbutuhake
alesan. Alesane mau kadhang ya goroh, dadi goroh siji nukulake goroh liyane.
Yen bola-bali goroh, wong liya mbanjur niteni, lan ora gampan percaya karo
omongane. Wong mau banjur dicireni dening wong liya menawa sifate pancen seneng
goroh.
Goroh iku ora klebu ewone tindak kang becik. Sifat seneng
goroh iku klebu bebuden kang ora becik. Ewadene isih perlu dipetani apa
sakabehing tumindak goroh iku mesthi ora becik. Dora sing sembada iku dudu
tindak kang ala, awit tujuwane becik. Sembada iku tegese mitayani, tanggung
jawab, konsekuen, ora endha ing ubaya. Upamane: nalika kita mertamu, karo sing
duwe omah kita ditakoni apa wis mangan apa durung; rehne ora seneng gawe repote
sing ditamoni, kita mangsuli wis mangan, senajan sanyatane durung mangan.
Mangkono uga upamane ana sedulur utawa kanca sing titip kongkon nukokake
barang, kamangka dhuwit sing dititipake iku ora cukup kanggo tuku barang mau.
Rehne kita ngerti menawa sing titip mau ekonomine ora pati becik, mula ya
kekurangane kita tambahi, lan nalike memehake barang titipan mau kita kandha
menawa dhuwit sing didipake mau wis cukup. Goroh utawa dora sing kaya ngono mau
dora sembada.
Goroh utawa dora iku keh-kehane ora sembada. Akeh wong sing
cidra ing janji, apa sing dikandhake beda karo kanyatane. Nalika isih duwe pamrih,
tembunge beda karo bareng wis kelakon sedyane. Ing jagating politik bab sing
kaya mangkono iku kawawas kadidena wis lumrah. Kamangka ana tetembungan
"sabda pandhita ratu". "Sabda pandhita ratu" ikut tegese
sabdaning pandhita lan sabdaning ratu. Pandhita utawa ratu iku yen nabda utawa
ngendika ora kena wola-wali. Mangkono uga para pemimpin sing kudune ambeg
pinandhita utawa kadidene ratu, yen ngandika utawa yen janji iku ya kudu metes,
ora kena wola-wali. Tembung-tembung sing lamis, janji-janji sing ora netes, iku
klebu dora sing ora sembada, cengkah karo paugeran "sabda pandhita
ratu".
Dora utawa goroh ikut cedhak karo tindak culika. Jarene hiya
kok jebule ora. Jaree "demi rakyat kecil", la kok mung kanggo
golongane dhewe ? Jarene dibagi wrata, kok banjur dihaki dhewe? Tumindak sing
kaya mangkono mau gawe kapitunane bebrayan.
Ing masyarakat Indonesia kang "pluralistis" banjur
tuwuh egoisme lan eksklusivisme golongan. Kabeh padha "berjuang"
kanggo kepentingane golongane dhewe-dhewe. Kanggo kepentingan lan kemenangan
golongane janji diobral, nanging sabanjure ora ana kabul kawusanane.
"Sabda pandhita ratu", "satunya kata dan perbuatan", ora
diugemi.
Kayadene wong sing seneng goroh banjur ora dipercaya,
mangkono uga pemimpin kang kakehan janji tanpa bukti, ora bakal antuk
kapercayan maneh saka rakyat. Goroh lan ora netepi janji iku klebu bebuden sing
ora becik, sing cengkah karo "sabda pandhita ratu". Goroh lan
mblenjeni janji, loro-lorone klebu dora sing ora sembada.
Goroh sing gawe rugine liyan, iku nuwuhake sangga - runggi
lan ngedohake kapercayaning liyan. Kosokbaline, dora sing sembada, adoh saka
tindak culika lan gawe kepenake liyan tanpa njaluk pangalembana. ... He he he .
. . Edan Tenan. Salam Rahayu kanti Teguh Slamet Berkah Selalu Lurr...
Semoga
Bermanfa’at. Amiin
Ttd: Wong Edan Bagu
Pengembara Tanah Pasundan
Post a Comment