Cepet, Slamet, Ora Klelat-klelet:
ORA beda karo swasana ing dalan-dalan gedhe jero kutha, ing
jagading politik uga kabeh padha ketok kesusu olehe lumaku. Kabeh padha rebut
dhisik. Kabeh padha kepengin ana ngarep dhewe. Sing penting cepet, nganti
sok-sok lali menawa apa wae iku temene kudu nganggo wewaton, kanthi irama, lan
angon wektu.
Jagad unen-unen temene wis kebak dening pamrayoga supaya
samubarang tumindak tansah ora ninggal ing pangati-ati. Sing penting slamet lan
ketekan sedyane. Nanging jroning swasana sing saya cepet owah-owahane, ing
kahanan sing sok-sok sarwa ora bisa dipesthekake, apa isih relevan unen-unen
kayadene ‘’alon-alon waton kelakon’’?
Ing jagad pewayangan, Baladewa kerep digambarake minangka
ratu sing srogal-srogol, samubarang tumindak kudu sarwa cepet. Nanging ya kuwi,
saking srogal-srogol lan cepete, sok-sok dadi kecepetan lan kurang ing petung.
Titik kelemahan mangkono iku sing banjur dimanfaatake dening rayine, Prabu
Kresna sing jejer minangka botohe Kresna. Baladewa diapusi, dikon tapa ing
Grojogan Sewu sasuwene Bratayuda. Pamrihe, ratu Mandura iku ora ngrewangi
Kurawa, saora-orane ora ngrusuhi skenario sing wis dirancang dening Kresna.
Senajan ora nganti fatal akibat saka tindak-tanduke sing
sarwa cepet, sok-sok luput uga patrape Baladewa. Semonoa, Baladewa tetep dadi
werna liya sing ngregengake jagad pewayangan.
Ing lakon ketoprak, Arya Penangsang bisa dadi gambarane
kebat kliwat. Jroning memungsuhan karo Sultan Hadiwijaya saka Pajang, Arya
Jipang iki katon banget olehe kepengin cepet-cepet ngrampungake perkara. Marang
gurune, Sunan Kudus, dheweke nyuwun tulung maeka marang mungsuh bebuyutane.
Jroning musyawarah ing Panti Kudus, Sunan Kudus nyiyapake
kursi khusus kanggo Hadiwijaya. Kursi mau wis dirajah sadurunge. Kanthi
mengkono, sing nglungguhi kursi mau bakal apes, bakal ilang kekuwatane.
Nanging Hadiwijaya, kanthi diampingi-ampingi Pemanahan,
orang kurang ing kaprayitnan. Nalika dimanggakake supaya lungguh ing kursi sing
wis dicepakake, dheweke nulak alus. Pungkasane, malah Arya Penangsang dhewe
sing nglungguhi.
Ing kono, wong loro mau malah padudon, padha ngagakake
kerise dhewe-dhewe. Sunan Kudus sing mrepegi banjur nyapih, nyekeli tangane
Hadiwijaya kanthi ngucap, ‘’Rangkakna!’’
Kuwi jarene pralampita amrih Arya Jipang ngrangkakake keris
menyang awake Hadiwijaya. Nanging ora mengkono panampane Penangsang. Keris
dirangkakake.
Nalika campuh perang Jipang-Pajang, Arya Jipang uga wis diwanti-wanti
supaya luwih sabar, aja nganti nyabrang Bengawan Sore. Nanging dhasare watak
wantune sarwa grusa-grusu, Penangsang lali marang petung, satemah nemahi tiwas
perang mungsuh putra angkate Hadiwijaya, Senapati.
Kebat Ora Kliwat;
Jroning khazanah unen-unen Jawa, kejaba ‘’alon-alon waton
kelakon’’, uga ana ‘’kebat kliwat, gancang pincang’’. Semangate padha,
padha-padha nengenake tumindak sing luwih sareh, yaiku sakabehing tumindak kudu
ditimbang lan dilimbang, ditinting lan ditanting mungguh tuna lan bathine.
Nanging apa sing sarwa cepet iku mesthi bakal nuwuhake
kapitunan? Apa sing cekat-ceket iku mesthi ora mikolehi? Mengko dhisik.
Wisanggeni contone. Kejaba tegas, putrane Arjuna iku
tumindak sarwa cepet lan pas, luwih-luwih kanggo njaga utuhing bangsa.
Wisanggeni uga ora tau mangu-mangu. Upama ora ana Wisanggeni, bokmenawa tlatah
Banakeling, Widarakandhang, lan Tunggarana durung manunggal jroning bedhamen.
Mangka, sadurunge tansah ora ana kerampungane.
Saka babon Ramayana, Rama digambarake ora enggal tumindak
sanajan Sita wis suwe ana jroning cengkeremane Rahwana. Tujune ana Sugriwa lan
bala wanara liyane sing tansah cukat, ceket, trampil, trengginas jroning
tandang grayang.
Semono uga Arjunasasra, sing jan-jane uga ora beda karo
Sumantri. Loro-lorone dianggep padha kasil nindakake pakaryane dhewe-dhewe.
Kamangka, ora! Dudu Sumantri, apamaneh Arjunasasra, nanging Sukasrana.
Sukasrana sing ‘’pasang badan’’ nalika Sumantri dadi duta pamungkase ratu
Maospati mboyongi Dewi Citrawati. Sukasrana uga sing kelakon muter Taman
Sriwedari nalika Sumantri, uga Arjunasasra, isih mikar-mikir piye carane
minangkani pamundhute sang dyah ayu mau.
Ya, Sukasrana lan uga para wanara wis tumandang cepet
jroning kaanan krusial, kahanan sing mbutuhake apa-apa kudu ditindakake kanthi
cekat-ceket, ora klelat-klelet.
Pancen, apa-apa iku ana wektune sahingga ora perlu nggege
mangsa. Nanging ora banjur mung angon wektu, yen kuwi uga mung mujudake sikap
pasif utawa malah thenguk-thenguk ngarep-arep nemu kethuk.
Dalan rupak aja nganti kedhisikan! Iku sing sok-sok
ndadekake luwih padha milih dalan sidhatan, merga luwih cepet tekane, senajan
sing mengkono iku sok-sok nyebal. Nanging ing kono uga satemene dumunung
kreativitas, saliyane kuwanen —klebu wani nanggung risiko.
Ewasemono, aja banjur gumampang, mundhak katunjang-tunjang.
Ora kesusu yen mung bakal kleru. Aja nganti kebat kliwat sarta gancang nanging
temahan pincang. Sing bener lan pener, mesthi wae kebat nanging ora kliwat,
gancang nanging ora pincang. Ora klelat-klelet, nanging slamet. Merga ya
slamet, rahayu, iku tujuan sing luhur dhewe.
Sareh dimen pikoleh iku ora banjur nguler kambang, satitahe wae. Merga yen
lakune alon-alon, kapan bakal kelakone. Ora mung merga wedi kelancangan, merga
yen ngugemi pituture Sasrakartana, piye bisane rikat tan nglancangi. Utawa
maneh, ora perlu ditunggu nanging dienteni karo mlaku.
Crita saka Babad Tanah Jawi kaya-kaya bisa dadi kaca
benggala. Wahyuning praja, tumrap Ki Ageng Giring, temene wis kari dipuluk.
Emane, klapa degan minangka wadhage wahyu ora enggal-enggal diombe, nanging
malah didokok ana paga. Marang sing wedok, dheweke uga wanti-wanti supaya degan
mau direksa. Ki Ageng Giring nduwe panemu, ‘’ngombe degan’’ iku uga kudu
ngenteni sangat sing pas, angon wektu, ora perlu kesusu lan grusa-grusu.
Sajake Ki Ageng lali, manawa sing ngoyak tumuruning wahyu
ora mung dheweke. Pemanahan sing pancen sarwa cekat-ceket nanging tansah kebak
ing petung, ndilalahe mampir ing omahe Ki Ageng. Dhasar ngelak, degan diombe,
nganti entek. Wahyu keprabon nyarira tunggal ing anggane Pemanahan. Ki Ageng
mung bisa ngemut driji. ... He he he . . . Edan Tenan. Salam Rahayu kanti Teguh
Slamet Berkah Selalu Lurr...
Semoga Bermanfa’at. Amiin
Ttd: Wong Edan Bagu
Pengembara Tanah Pasundan
Post a Comment