Budi Pekerti, Pengangen-angen, lan Kasunyatan:
BUDI pekerti saiki mulai dadi wacana ing masyarakat, akeh
kang padha beda pangerten anggone nanggepi masalah budi pekerti, tapi iku mau
dadi becike amarga saiki perkara budi pekerti wis mulai dadi kebutuhan urip
masyarakat kudu diajarake marang putra-putrane supaya besuke gedhene dadi uwong
kang bisa ngajeni marang wong tuwane lan masyarakat sekitare.
Saiki angger ana bocah nakal, bocah sekolah padha gelut,
tumindak kriminal, lan sapanunggalane, menawa ana kedadeyan sing kaya iki trus
sing dituding jare sekolah sing anggone nggulawenthah ora becus dadine bocah
iku padha nakal, padahal tanggung jawab babagan pendidikan iku tanggung jawabe
wong tuwa, sekolah, lan masyarakat.
Budi pekerti iki babagan kang kudu dicerna nganti permati
amarga kapan maneh, menawa ora saiki mulai dipikirake babagan kasebut, budi
pekerti iku hubungan langsung karo babagan tumindak, solah bawa, pangucapan.
Pendidikan budi pekerti mbutuhake keteladanan kanthi tumindak kang becik,
tumprap sapa bae kang arep menehi pendidikan budi pekerti. Budi pekerti
seliyane kanthi cara menehi keteladanan uga kebiasaane urip sedina-dinane
kanthi urip nganggo perilaku sing apik kanthi cara latihan sing
makaping-kaping.
Miturut buku Pedoman Penanaman Budi Pekerti Luhur (Balai
Pustaka, 1997), ana 56 sikap budi pekerti luhur, yaiku antarane kerja keras,
wani mikul resiko, disiplin, keimanan, atine lembut, akeh inisiatif, pikirane
jembar lan maju, sederhana, semangat, duweni sikap konstruktif, duweni rasa
syukur, tanggung jawab, tenggang rasa, bijaksana, cerdik, cermat, dinamis,
efisien, gigih, hemat, jujur, duweni kemauan keras, kreatif, kukuh hati, lan
sapanunggalane, iki kabeh sing dadi intine pendidikan budi pekerti. Budi
pekerti ora bisa langsung tertanam ana ati trus dileksanakake tumprap
panguripan sedina-sedinane, tapi bertahap dilakoni kanthi latihan, dibiasakake kanthi
solah bawa, tutur pangucapan, lan polatan kang ngandhung nilai-nilai budi
pekerti.
Pendidikan;
Salah sijine cara kanggo nanam budi pekerti yaiku melalui
pendidikan neng sekolah, pendidikan budi pekerti iki bisa didadekake mata
pelajaran dhewe utawa diintegrasikan mlebu menyang materi pelajaran, kari
kepiye pelaksanaane, yen diintegrasikan gurune bisa gabungake nilai-nilai budi
pekerti disisipake ana materi pelajaran, yen dadi pelajaran dhewe kudu ana
gurune dhewe sing mulang masalah budi pekerti, loro-lorone padha apike. Sing
penting, kanthi niyat sing becik kanggo nyiapake generasi sing arep teka sing
meliki budi pekerti kang luhur.
Saiki penanaman budi pekerti ing sekolah bisa nganthi cara
kegiatan permainan/dolanan, tembang, tari, diskusi sing isine penjabarane
babagan budi pekerti trus saben dinane sekolah kudu gatekake marang
perkembangan pelaksanaan pendidikan iku marang siswa-siswine dadine saben
perubahan tingkah polahe bisa ditlusur nganti premati supayane kasil, perubahan
iki ora bisa diukur nganti nilai sing awujud angka-angka, tapi nitikberatake
marang conto-conto jelas lan becik. Guru sing dadi sentral kudu bisa dadi
tauladhan kanggo siswa-siswine, pancen ya bisa digalih yen guru iku sosok sing
kudu digugu lan ditiru, nganti paribasan iku sakjane berat banget bebane guru.
Sentral guru kudu bisa digugu lan ditiru, awit aneng sekolah lan luar sekolah
supayane bisa dadi conto, kanthi adhedhasar keyakinan, tumindak sing bener lan
pener anggone mbimbing siswane, sebagai pendidik sing dadi personifikasi
nilai-nilai kabecikan sing arep ditanemake, kanthi nyuplik ajarane Ki Hajar
Dewantara yaiku ing ngarsa sung tuladha, ing madya mangun karsa, tut wuri
handayani, sing didadekake dasar anggone menanamkan budi pekerti marang
siswa-siswinye. Yaiku yen ning ngarep kudu dadi tuladha kanthi tindak-tanduk
kang luhur, sopan santun tepa selira, lan menghargai wong liyan, tumindak iku
sing didadekake conto, yen ing tengah kudu maringi pitutur atau petunjuk,
supayane siswa-siswine bisa nindakake apa kang dadi piwulang babagan budi
pekerti luhur iku, yen ing buri kudu dorong atau motivasi supayane pada
gumregah anindakake tindak-tanduk berbudi luhur sesuai karo ajarane piwulang
babagan budi pekerti mau. Ananging saja disalahaken angger nganti ana
bocah/siswa/siswi sing jur nakal, sebab kenakalan utawa sethithike budi pekerti
sing tertanam iku disebabake maring perkara sing werna-werna. Kadhang akeh
kekeliruan sing muncul ing masyarakat yaiku kelemahan sing saklawase iki
dirasakake akeh wong sing mung ngandhalake informasi/penjelasan thok babagan
budi pekerti dadi sifate mung verbalisme tanpa diikuti karo tindakan sing nyata
apa sing diinformasiaken iku, dadi angger wong Jawa jare "bisane mung
jarkoni" artine bisa ngajar ora bisa nglakoni.
Kabecikan;
Nang babagan pendidikan budi pekerti perlu diterangake apa
sing kudu dilakoni/ditindakake babagan kabecikan, kedisiplinan, kemasyarakatan,
lan panunggalane trus apa manfaate kanggo awake dhewe lan masyarakat. Kabeh iki
ora bisa langsung bisa dideleng asile tapi kudu dilatih/leksanakake secara
bertahap, terus-menerus, kanthi adi kebiasaan sedina-dinane sing bisa
dirasakake manfaate.
Sing lewih penting siswa/siswi wektune aben dinane sing akeh
dientekake eneng ngomah, mula penanaman budi pekerti aja mung ditumplek blek dadi
tanggung jawabe sekolah thok tapi keluarga kudu melu, justru neng omah iki
bocah awale mengenal pendidikan saka wong tuwane, awit cilik bocah kudu mulai
diajari/ditanamke nilai-nilai budi pekerti sing apik, trus wong tuwane kudu
dadi tuladhane tumprap putra-putrine neng omah kanthi diajari unggah-ungguh,
sopan santun, tepa selira, lan ngormati liyan kanthi cara sing sabar lan
premati banget marang aben ana perubahan tingkah polah, tindak tanduk
putra-putrine supayane dadi wong sing pinunjul sarta berbudi pekerti luhur.
Ing lingkungan masyarakat iki uga bisa bentuk pribadine
bocah, mula masyarakat uga duweni kewajiban melu nanamke nilai budi pekerti
tumprap pergaulan ing masyarakat kanthi conto-conto tumindake kang becik para
tokoh masyarakat sing padha dadi paugeran masyarakat.
Kanyatane pendidikan budi pekerti supaya bisa tertanam neng
anak didik kita, iku dudu barang sing gampang tapi perlu disikapi lan perlu
dipremati kanthi serius, mulai saka ngomah yaiku pendidikan saka wong tuwane,
ning sekolah saka guru-gurune, lan ing masyarakat yaiku para tokoh masyarakat,
saengga sing dadi pengangen-angen yaiku masyarakat kang berbudi luhur bisa dadi
kasunyatan ing masyarakat. ... He he he . . . Edan Tenan. Salam Rahayu kanti
Teguh Slamet Berkah Selalu Lurr...
Semoga Bermanfa’at. Amiin
Ttd: Wong Edan Bagu
Pengembara Tanah Pasundan
Post a Comment