Angele Kuwasa sing Nguripi:
PANGUWASA pancen kuwasa. Ewasemono, panguwasa sing adil
paramarta ora mung nuduhake kuwasane, nanging uga nuduhake fungsine minangka
sing bisa ngayomi lan ngeyemi, bisa ngaruh lan ngrengkuh, ora mateni nanging
nguripi. Ing kene iki banjur panguwasa kudu ngadhepi pilihan sing kala-kala
angel, pilihan sing marakake ewuh oya ing pambudi.
Nalika ngadhepi Ki Ageng Mangir Wanabaya, Panembahan
Senapati ngira manawa kanthi utusan Pembayun minangka ‘’dom sumuriping banyu’’,
perkarane bakal rampung. Nyatane ora.
Pembayun pancen kelakon mlebu ing tlatah Mangir. Pembayun
uga kelakon mikat atine wong lanang sing dianggep klilip tumrap Mataram.
Jebul, ora mung krenteg lanange Ki Ageng sing kepikat,
nanging uga atine Pembayun. Pembayun tresna marang mungsuh bebuyutane ramane.
Pembayun kelakon dirasuk dening Ki Ageng saengga ngandheg. Tekan semono,
Pembayun banjur walaka manawa dheweke temene putrane Panembahan Senapati.
Ketang tresnane marang wong tuwa lan guru lakine, Pembayun
banjur mbujuk kakunge supaya sowan ing ngarsane Panembahan Senapati. Angel
kanggone Ki Ageng minangkani panyuwune garwane. Minangka panguwasa Mangir,
dheweke kudu istikomah marang adeg-adege, merjuwangake laladan Mangir minangka
bumi perdikan sing ora bisa direh dening Mataram. Nanging minangka mantu,
dheweke kudu nuduhake bekti marang maratuwa.
Tumrap Panembahan Senapati dhewe temene ora gampang anggone
tumindak. Pancen, nalika Wanabaya sumungkem ing pepadane, sirahe banjur
dicandhak lan dibentusake ing watu gilang, ngemasi sanalika. Nanging mutusake
tumindak kaya mangkono, temene ora gampang. Sadurunge, Panembahan rumangsa ewuh
oya ing pambudi. Tata lair Wanabaya iku mantu, nanging tata batin dheweke
satru.
Mula, jisime banjur dipetak ing panggonan loro. Saperangan
awak ing jero beteng minangka tandha yen diakoni mantu, saperangan awak maneh
dipetak ing jaba beteng minangka tandha manawa kepriyea wae Wanabaya iku
mungsuh.
Mesthi wae pilihan sing ditibakake dening Panembahan dudu
sing kalebu win-win solution. Merga ing kono ora ana siji-sijia sing menang.
Pancen Panembahan kasil numpes mbalelane Wanabaya, nanging kudu nganggo cara
sing ora bisa diarani gentle. Malah cara sing dicakake iku banjur dadi tipikal
‘’bujuk Mataram’’.
Pengayomane Brawijaya;
Apa sing ditindakake dening Panembahan Senapati beda banget
karo sing dipilih dening Brwijaya. Pindhane segara, ratu Majapait iku bisa
nampa apa wae. Nalika para sunan kepingin nggiyarake agama anyar, sang raja
tetep paring kalodhangan, malah ajang jembar sanajan wis urip-ngrembaka Hindhu
lan Buddha.
Marang pasuwitane Kusen utawa Pecattandha, Brawijaya nampa,
kapara paring bumi Terung. Marang Kasan sing mengkone jejuluk Raden Patah,
nadyan wis disengkuyung dening para wali, Brawijaya tetep paring bumi
Glagahwangi.
Nalika kabeh-kabeh sing direngkuh padha ngarepake Majapait,
nalika kabeh-kabeh tumindake kepetung bisa ngringkihake kawibawane, Brawijaya
ora banjur tumandang kanthi numpes reh-rehane.
Kabeh diaruh, kabeh direngkuh. Ora banjur dipithes, ora
banjur digiles, senajan upama gelem bebasan suwe mijet wohing ranti. Ing astane
Brawijaya, minangka ratu sing gung binathara, apa wae sing dikersakake mesthi
kelakone.
Sebab apa? Sebab Brawijaya, manut ujaring kandha, kepengin
netepi darmaning narendra kang ambeg adil paramarta, bisa agawe sing cedhak
manglung sing adoh tumiyung. Panguwasa iku dudu sing bisane mung mateni, nanging kosok baline malah kudu bisa
nguripi.
Panguwasa utawa pemimpin, adhedhasar konsep ajaran
astabrata, ing antarane kudu awatak srengenge. Srengenge pancen panas, kapara
minangka sumbere panas. Nanging panas iku temene sumbere penguripan.
Kanthi panase srengenge, gegodhongan bisa nindakake fungsine
kanggo nganakake fotosintesis. Yen ora ana, mesthi wae proses sumebare saripati
pangan sing disedhot lumantar oyod ora bakal lumaku kanthi sampurna.
Srengenge kanthi panas lan angete, bisa gawe awak sing
sekawit rempuyungen katon giras-seger.
Srengenge, kanthi sorot lan padhange, bisa gawe apa wae sing maone
remeng-remeng utawa malah peteng ndhedhet, sanalika dadi padhang lan urip
banjur katon cetha wela-wela.
Ewasemono, kabeh kudu mawa takeran. Panas sing ngluwihi
kekuwatane sing ditamani, ora marakake dadi urip nanging malah dadi gosong.
Saka gosong mau banjur dadi alum, suwene-suwe mati.
Padhang sing ngluwihi saka dayane pandeleng, ora marakake
apa-apa dadi cetha nanging malah mblerengi. Yen mung blereng wae relatif ora
apa-apa. Nanging yen banjur ngliwati wates, bisa ngrusak mripat yen ora malah
nyebabake wuta.
Kanthi mangkono, temene nguripi lan mateni iku tipis banget
watese. Pecak sing sekawit diarahake supaya bisa nguripi, sisip sembire ana
kurang begjane, malah mung gawe pepati. Mula, sakabehing pecak, sakehing
tumindak kudu linakonan kanthi kebak ing pangati-ati. Luwih-luwih nalika sing
diayomi iku potensial dadi mungsuh munggwing cangklakan.
Sanajan jangkepe astabrata iku ana wolu, saora-orane watak
srengenge iku kudu enggal-enggap dijangkepi kanthi watak segara. Segara iku ora
mung jembar tanpa wates, nanging uga duwe watak bisa nampa apa wae. Embuh resik
embuh reged, embuh sangkrah embuh barang sing nduwe kerta aji, kabeh ditampa.
Ora mbedak-mbedakake.
Dadi panguwasa, minangka pengayoman, ora mung bisa mithes
marang sing wis ringkih, ora mung nguripi sing wis katon urip lan ngrembaka.
Nanging, panguwasa kudu gelem ngopeni apa utawa sapa wae.
Pancen ora gampang. Angel, apamaneh yen kabeh-kabeh sing
dipimpin padha rebut bener, padha rebut eksis. Sanadyan mengkone, kanthi
nglabuhi lan ngupakara sing dipimpin banjur ing wektu liya bisa dadi bumerang,
ora apa-apa. Kuwi resikone dadi pengayoman. Yen ora, apa bedane karo wong dodolan,
apa bedane karo sing pikirane mung waton mbathi! ... He he he . . . Edan Tenan.
Salam Rahayu kanti Teguh Slamet Berkah Selalu Lurr...
Semoga Bermanfa’at. Amiin
Ttd: Wong Edan Bagu
Pengembara Tanah Pasundan
Post a Comment