Amerangi Jaman Edan:
PRAHARA dateng gilir-gumantos. Senajan kathah ingkang
nyebataken punika prahara alam, nanging sakjatosipun ugi amargi sembrananing
manungsa. Amargi srakahing para punggawa. Amargi kita sadaya sami kesupen
dateng kawruh "Sangkan paraning dumadi", ngengingi asal lan tujuanipun
sadaya makhluk gesang. Kula lajeng kengetan geguritanipun Gojek Joko Santoso:
Singapur gerimis/ Malaysia jawah deres/ Saudi Arabia hawa benter/ Alaska hawa
asrep / Indonesia...hawa nepsu.//
Nepsu pados jabatan, pados kuwaos, pados donyabrana, pados
sembarang kalir kanthi patrap ingkang tebih saking kasantunan. Sakraup kemawon
sampun cekap kok sakranjang rumaos taksih kirang. Supe kaliyan wejanganipun
para sepuh: Tiji tibeh, pejah setunggal pejah sedaya. Mukti setunggal mukti
sedaya.
Miturut para ahli, senajan jawah nggrejih pinten-pinten
dinten, manawi alas boten dipun babat, manawi lepen boten dipun serbu griya,
manawi selokan boten dipun sumpel runtah lan plastik, manawi kuburan boten
dipun sulap dados kantor, manawi tambak boten dipun urug dados pabrik...boten
bakal wonten kedadosan prahara banjir bandang kados ingkang dipun alami kitha
Jakarta ing awal Tahun Babi 2007 punika.
Manungsa, khususipun para pangageng jaman sakpunika, sajak
sampun boten gadhah sesambutan batin kaliyan alam lingkungan lan Gusti, ingkang
sampun paring panggesangan lan karaharjan.
Jaman punika saged dipun wastani jaman gemblung, jaman edan,
kadosdene tembang Pucung pethikan Serat Centhini:
Nawung kridha kang menangi jaman gemblung/ Hiya jaman edan/
Ewuh aya ing pambudi/ Yen melu edan yekti nora tahan/ Yen tan melu anglakoni
wus tartamtu/ Boya kedumanan/ Melik kaling donya iki/ Satemahan kaliren
temahanira.//
Miturut Jangka Jayabaya, pitedhah ingkang kedhah dipun ugemi
inggih punika kalimat pungkasanipun: Sakbeja-nejane sing lali, esih beja sing
eling lawan waspada.
Eling;
Sumangga sami eling dateng pandam, pandom lan panduming
dumadi. Pandam punika tegesipun cahya ingkang sumunar. Pandom ateges arah,
tujuan gesangipun manungsa. Panduming dumadi ateges keselarasan takeran
sebab-akibat saking Gusti ingkang Maha Kuwaos (Damardjati Supadjar: Filsafat
Ketuhanan, 2000).
Mangga sami dipun anggit lan raosaken Macapatan saking Ki
Hadi Suranto ingkang kapacak Kalawarti Basa Jawi Damarjati edisi paling enggal
28 Februari 2007:
"Cegah dhahar lawan nendra/ Hardeng nepsu den kirangi/
Pra Bramana lan Narendra/ Lan sanggya kawula dasih/ Kramas jamas sesuci/
Angruwat malaning kalbu/ Mrih raharjaning praja/ Kinayoman ing Hyang Widhi/ Ya
mangkono kang kaweca jroning Wedha.//"
Manawi kahanan ingkang boten sakeca akibat prahara punika
boten enggal dipun ewahi dening kita sadaya, menungsa ingkang dipun wastani
menus-menus ora rumangsa, donya punika lajeng saged dados neraka. Kadosdene
ingkang dipun ngendikakaken Ki Endraswara saking Ngayogyakarta Hadiningrat:
"Wong cilik bakal padha mendelik, wong tani rumangsa
ditaleni, wong dora malah ura-ura, wong bener thenger-thenger, wong salah
bungah-bungah."
Jayabaya nyebataken ngengingi Jaman Tri-Kali. Sepindah,
Jaman Kali Swara: sakderengipun taun 700. Kaping Kalih, Jaman Kali Yoga: taun
701 dumugi 1400. Kaping Tiga, Jaman Kali Sengara: taun 1401 dumugi 2000. Khusus
Jaman Kali Sengara dipun perang dados 5 perangan inggih punika:
Kala Jangga: taun 1401-1500
Kala Sakti: taun 1501-1600
Kala Jaya: taun 1601-1700
Kala Bendu: taun 1701-1800
Kala Suba: taun 1801-1900
Kala Sumbaga: taun 1901-2000
Wondene abad millennium utawi abad 21 dipun sebataken
ngangge sebatan Kala Surata: taun 2001-2100, kanthi ancer-ancer Darmana (omber
manahipun); Watara (ngatos-atos) lan Isaka (pangeran). Manawi boten dipun
gatekaken, boten namung prahara alam ingkang tambah ngedab-edabi, ugi prahara
kabudayaan lan peradaban ingkang badhe nambah risaking gesang kita sadaya lan
anak putu.
Tandha;
Tandha-tandhanipun sampun kathah: "Kali ilang kedhunge;
Pasar ilang kumandhange; Wong wedok ilang wirange; Wong lanang ilang
kaprawirane". Jangka Jayabaya nyebataken "Akeh tesmak bathok, mlorok
ora ketok; akeh wong wadon rebutan guru laki; akeh bayi lahir bingung nggoleki
bapake; akeh wong mati mung merga dicokot lemut".
Kangge ngowahi kahanan supados boten katerak cakra
manggilinanipun Jaman Gemblung, kita sadaya kedhah saiyeg saekapraya
"Amerangi Jaman Edan".
Sepindah, kanthi prinsip Tata-Titi-Tentrem.
Tata, ateges wonten rencana kangge ngatur samudayanipun.
Titi, ateges kedhah ngawasi kanthi ngatos atos lan teliti,
sampun ngantos wonten ingkang ketriwal.
Tentrem, ateges ayem, aman, tenang, ngremenaken manah.
Kaping kalih, kedhah sakmadya ing sabarang kalir, boten
kenging srakah, ngaya, lan ngayawara.
Kaping tiga, tepa slira, boten namung ngutamakaken akal
(otak) nanging ugi raos (batos), ngengeti bilih dipun jiwit punika kraos sakit
inggih sampun ngantos remen njiwit tiyang sanes.
Kaping sekawan, empan papan, inggih punika keluwesan dipun
selarasaken dateng kawontenan, wonten subasita lan tata kramanipun.
Kaping gangsal, bener lan pener, ateges boten waton
gondhelan dateng aturan nanging ugi wewates, adat, tatacara ingkang taksih
dipun ugemi masyarakat.
Kaping nem, rukun lan urmat, kadosdene pitedah tiyang sepuh:
"Crah agawe bubrah, rukun agawe santosa", utawi "Ajining diri
suka lathi, ajining raga saka busana, ajining awak saka tumindak."
Kaping pitu, luwes lan toleran, kados dene petatah-petitih
"Ngono yo ngono ning mbok aja ngono", utawi "Aja dumeh, aja
mitenah, aja sewiyah, aja waonah, aja srei-drengki-jail-methakil, aja aji
mumpung, aja adigang-adigung-adiguna".
Kula pitados bilih kajawi saking ajawan Jawi werni pitu ing
nginggil punika taksih kathah ajaran sanesipun ingkang boten kalah mentesipun.
Nanging kula ugi pitados manawi ajaran ingkang pitu punika dipun laksanakaken
ing sakdinten-dintenipun, Insya Allah Gusti Ingkang Mahawelas lan Asih boten
bakal badhe nambah kasengsaran kita kanthi prahara-prahara saklajengipun. Mugi-mugi
kita sadaya saged damel langit mlengkung dados kubah mesjid, gereja, klenteng,
vihara, ingkang aromanipun swarga. Amin. ... He he he . . . Edan Tenan. Salam
Rahayu kanti Teguh Slamet Berkah Selalu Lurr...
Semoga Bermanfa’at. Amiin
Ttd: Wong Edan Bagu
Pengembara Tanah Pasundan
Post a Comment