Agama:
LHA iki nggegirisi. Ngrembug agama. Iki rak laladan sara.
Dakwiwiti cangkriman: Ing sajroning babad ana tulis. Yen ora ngati-ati, rusak
agamane. Apa kuwi, kepriye. Mangga mandheg sadhela dipikir, dirasakake dhisik,
lha agama kok bisa dadi rusak, kuwi larah-larahe kepriye, kepriye juntrunge.
Yen ora bisa mbatang, luwih becik ngundang modin bae. Jebul makna batangane
kaya kiye: Nalika wong babad-babad utawi mbabadi suket, rerungkud, lan
tetuwuhan apa dene tetanduran kang ora utawa mungfangati, wong kudu ngati-ati.
Amarga ana ing rerungkud kono lumrah ana tulis (watu mendhelis, watu mencungul
nlesep) ketutupan sawenehing tetuwuhan. Yen ora ngati-ati watu dibabad,
disasak, ditebas nganggo agamane (gamane: arit, pacul, cethok, bendho, linggis,
wangkil, lan sabangsane) bisa bae gamane rimpil, gempil, mleyot, gowang, lan
liya-liyane, wose rusak gaman kuwi (cangkrimane muni rusak agamane). Wo, ngono
ta. Tuwas olehe padha ngulir pikir ndadekake bathuk sabathoke krasa anget rada
panas. Wis, ra sah se... ri... yus.
Lha iki rada wigati. Jalaran apa? Jalaran nedya
nggulawenthah generasi, ndhidhik anak lanang-wadon, putu, buyut...teturun klebu
para kawula (rakyat jelantah). Mula kudu nyingkiri, ngungkurake angkara
(napsu-napsu kang ngreridhu, amrih njugarake niyat utama). Anggone mangkono
kuwi dianggit nganggo tembang macapat Pangkur. Diripta nganggo kidung adi,
digarap kanthi becik temumen, digawe endah edi. Supaya dadi masterpiece
pangawikan luhung. Amarga ana ing Tanah Jawa, ratu utawa pangarsa kuwi nganggoa
agama.
Kasebut kuwi gancaran mardika saka:
Mingkar-mingkur ing angkara
akarana karenan mardi siwi
sinawung resmining kidung
sinuba sinukarta
mrih kretarta pakartining ngelmu luhung
kang tumrap neng Tanah Jawa
agama ageming aji
(Wedhatama)
Wose, mulang muruk, ndhidhik anak, nggulawenthah rakyat
kuwi, wong tuwa/para pangarsa nyingkirana, ngendhalenane kaangkaran lan
kamurkan.
Saiki ngrembug tembung agama. Nuwun sewu, sapisan engkas
nuwun sewu, ing kene aku ora ngrembug agama kang kalumrah ing saiki, ing urip
sadina-dina iki, yakuwi agama kang gegayutan karo wahyuning Allah, manajemen
kawujudane, apa dene cak-cakaning panembah pangibadah. Ora, aku ora ngrembug
kuwi. Aku ngrembug sacara etimologis. Tembung agama kuwi asale saka basa
Sangsekerta: a tegese utawa karepe ing ndhuwur utawa kang ana ing ndhuwur; gama
oyode tembung ga, banjur tumangkar dadi gam lan gama. Ga karepe mlaku. Uripe
manungsa kuwi manuta kang lumaku ana ing ndhuwur. Kang lumaku ana ing ndhuwur
(agama) yaiku tuntunan, pandom, peraturan, pranatan. Tembung agama mangkono
kuwi jumbuh utawa kanggo ana ing buku Desawarnana (ing jaman Majapait) utawa
misuwur aran Nagarakertagama, jinereng Nagara Kerta Agama. Cekak aose maksude
pranatan kang gawe kerta raharja makmur ayem tentreming nagara.
Pranatan-pranatan diecakake kanthi tliti tumemen, nganti:
1. Bisa gawe kraton lan wewangunan kang kuwat santosa
mrabawa (wujude bisa direkonstruksi nganggo referensi Karaton Surakarta lan
Karaton Ngayogyakarta Hadiningrat).
2. Rukune agama-agama asli Jawa karo agama Hindhu lan agama
Buddha.
3. Tentreme dhaerah-dhaerah sa-Nusantara.
4. Rakyat oleh kawigaten.
5. Umum ngrasakake hiburan, lan sapiturute.
Lumrah bae kang mangkono kuwi ora total mutlak kabeh warata
becik. Akeh unggule, uga ana kakurangane. Kakurangane kayata: 1. lirwa cecawis
generasi penerus, 2. lirwa marang lelabuhane para pangemban pangembating praja
ing dhaerah-dhaerah, lan liya-liyane kang babaran pamburine bisa gawe Sirna
Ilang Kertaning Bumi.
Wigati: anggaran pendhapatan anyukupi. Para
rohaniwan/yogi/pendhita ngemban ayahan menyang dhaerah-dhaerah saprelu narik
pajeg. Tumindake para petugas kuwi ajur-ajer, andhap asor, pajeg disetorake apa
anane, ora disunat, diunthet, didhelikake kanggo kepentingane awake dhewe.
Mula ya sembada, wis tau kaleksanan ing saindhenging
Nusantara iki Nagara Karta Agama. Ing wasana Panjenengan dakaturi maca Kern,
Kroom, Slamet Muljana, lan Prijohoetomo mamrih marem, mantep, lan manuksmaning
karyatama. ... He he he . . . Edan Tenan. Salam Rahayu kanti Teguh Slamet
Berkah Selalu Lurr...
Semoga Bermanfa’at. Amiin
Ttd: Wong Edan Bagu
Pengembara Tanah Pasundan
Post a Comment